Ketemu Suwiraning Daging (Bag 18-TAMAT)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 18-TAMAT)

Ora bisa digambarake, kaya ngapa susahe pak Slamet kelangan anak sing mung siji ndhil kuwi. Ning tujune wis ana thukulane, ya Wanti sing saiki wis kena diajak omong-omong kuwi. Semono uga Harjo, lagi wae seneng-senenge arep pinaringan imbuh momongan, ndadak kapundhut, sisan karo ibune.

Dadakan ing omahe pak Slamet dadi omah duhkita, merga anane Karsih ngajal konduran. Gandheng pak Slamet sa anake kuwi wong apikan lan enthengan, mula sing layat ndledeg. Kanca bakul lan juragan kabeh dikabari, semono uga bu Wara juragan bathik Laweyan, ibune Retno Ayuningtyas uga dilayati.

Sing marahi ana rasa mak dheg jroning ati kanggone Wara Artanti kuwi, nalika maca surat lelayu, ukara sing ngisor dhewe sing unine ngene :

Saking kula ingkang nandhang dhuhkita

Bp. Slamet tiyang sepuhipun

Bp. Harjo Utomo semahipun

Eka Purwanti putranipun

?Ah ….. kakang Harjo ? Andak iki ya kowe ta kakang ? Apa kowe tega tenan nglalekake aku njur omah-omah ?? Ngono grenenge Wara Artanti ngresah.

Kanggo nyapih atine, lan ngelingi pasedulurane anggone wis suwe lelayanan dagangan, lan uga kumrakete Ayu lan Wanti, Wara Artanti njur natani gula teh, endhog, krupuk urang lan barang-barang liyane ing kerdhus, arep di anggo layat sing kesripahan. Ning anggone layat sing diutus mung Ayu lan sopire. Dene Ayu ya diwenehi amplop sing mengko diutus nyemplungake ing kothak pelayatan.

Ayu diweling, yen mengko sapa wae sing takon didhawuhi mangsuli, yen ibu anggenipun sowan mriki mbenjang ing tigang ndintenipun. Ayu sumaguh lan nggatekake welinge ibune. Nalika Ayu wis neng njeron mobil arep budhal, Wara Artanti weling ngene :

?Yuk ! Yen kowe arep nginep kana ngancani dhik Wanti ya kena, mesakke wong ditinggal seda ibune. Mengko telung ndinane ibu mrana ndherek bela sungkawa, karo mapak kowe.?

?Inggih bu, Ayu remen sanget, ibu, kepareng kula ngancani dhik Wanti.? Artanti uga ngendika karo sopire:

?Pak Wagiran, mengko yen wis rampung pangruktining layon, kowe balia dhewe, Ayu tinggalen, suk emben kowe mrana maneh ngeterke aku.?

?Inggih bu, sendika dhawuh.?

Saungkure mobil sing nggawa Ayu, atine Artanti bali nglambrang, kelakon lawas nalika ngronce edining asmara bebarengan Harjo, bali kumledang. Gek njur kapan aku bisa ketemu ? Ngono jroning batine Artanti.

Ing papan dhukita omahe pak Slamet, sawise upacara layon kaangkatake ing makam, kabeh pambela sungkawa bubar kondur, lan sebageyan ana kang ngeterake tekan makam. Ngomah bali sepi, kaya sepi suwung atine pak Slamet lan Harjo sing kepedhotan tresna. Wanti sing isih bocah gampang kaslimur merga anane Ayu ing omahe.

Malem telung ndinane sawise rampung tahlilan sing lumrahe nganti pitung ndina kuwi, kabeh lungguhan ing ngarepan sing sing isih ginelaran klasa sing mentas kanggo tahlil. Weruh anggone padha tansah rukun ngalor ngidul ora kena pisah, pak Slamet kandha marang Ayu :

?Mbak Ayu teng ngriki riyin nggih ngancani Wanti, mbenjing nek kondur kula sing dherekke.? Wangsulane Ayu :

?Anu mbah, ngendikane ibu, nek tigang ndintene ibu ajeng sowang mriki kalih mapak kula.?

?O …. ngaten ta mbak ?, punapa kaliyan keng bapak ?? Pitakone pak Slamet nanjih.

Mboten mbah, namung ibu. Ngendikane ibu, bapak tindak wiwit kula dereng lahir.? Wangsulane Ayu cetha

?Lha ngendikane ibu, keng bapak tindak pundi mbak Ayu ??

?Ibu mboten pirsa mbah, ngendikane ibu, bapak mboten pamit. Tindake bapak margi dipundukani eyang.?

?Napa keng ibu teng ndalem nggih kalih keng eyang niku mbak ??

?Mboten mbah, ngendikane ibu, eyang kula sekaliyan sampun seda, ning kula taksih gadah mbah putri, asmane mbah Ginah.? Krungu wangsulane Ayu sing keri iki, Harjo pindhah lungguhe njejeri pak Slamet lan Ayu, nuli kandhane marang pak Slamet :

?Nuwun sewu inggihh pak, kula gentosan ingkang taken mbak Ayu.? Kandhane karo ngangseg lungguhe mepeti Ayu. Pak Slamet gumun. Nuli pitakone Harjo marang Ayu:

?Mbak Ayu, apa keng ibu seprene isih ijen ?, karepku ditinggal keng bapak kuwi ora krama maneh ??

?Mboten pak, ngendikane ibu, tetep ngentosi bapak ingkang tindhakan.?

?Oh …. Harjo angluh, saya nambahi gumune pak Slamet, gumune maneh dene Harjo kok njur ora basa marang Ayu, kuwi ana apa ?? Nuli pitakone Harjo :

?Mbak Ayu, apa asmane ibumu kuwi wutuhe R.A. Wara Artanti.?

?Inggih leres pak.?

?Apa swargi asmane eyangmu kuwi K.R.T. Widyodiningrat, sing rayine lenggah neng Bojonegoro asmane K.R.T. Purboksumo ??

?Inggih … inggih leres pak, puniko eyang timur kula. Ugi ing Bojonegoro kulo gadhah bulik …..? Durung tutug guneme Ayu, Harjo wis medhot gunem, kandhane :

?Bulikmu kuwi asmane R.A. Retno Harjanti, garwane Ir. Baskoro, rak iya ta??

?Inggih, pak, penjenengan kok pirsa sanget pak ?? Kanthi mripat nrocos Harjo ngruket Ayu ing sandhinge kuwi, kapepetake ing dhadhane karo kandha groyok :

?Oh Ayu …. jebulane kowe iku anakku dhewe ngger ………….., suwiraning dagingku, ya aku iki bapakmu. Apa mbah putri Ginah isih rosa ? dheweke kuwi biyungku ngger …. ya bener mbah putrimu dhewe.? Ayu sing ana kekebane mung ngowoh gumun, durung dhong karo apa sing dikandhakake Harjo. Kabeh padha mrebes mili kesetrum Harjo sing isih nangis kamisesegen kaya bocah cilik.

Karo isih ngekep Ayu, Harjo kandha marang pak Slamet.

?Pak …., Ayu punika anak kula piyambak, ingkang kula tilar wiwit ibunipun bobot kawan wulan. Kula kaliyan R.A. Wara Artanti sampun sami tresnanipun, ning ramanipun inggih ndara Menggung mboten marengaken, amargi kula namung jejering abdi. Mila kula lajeng katundhung kesah saking dalem Katumenggungan, mangka ndara jeng Artanti punika sapun bobot enem. Kadosipun bab punika sampun kula aturaken sedaya dhateng bapak, sederengipun kula bebrayan kaliyan dhik Karsih.? Wangsulane pak Slamet gage :

?Inggih …. inggih …. nak ….. sedaya kula kemutan. Kula ngakeni, yen samukawis nak Harjo tansah blaka dhateng kula mboten nate goroh.?

Menawi mekaten kula ndherek muji syukur dhateng Pangeran nak, dene sampun kepareng nggathukaken malih penjenengan kaliyan ingkang garwa lan putra sapengkeripun dhenok Karsih katimbalan.?

?Inggih, pak, matur nuwun. Bapak mboten kok namung kula anggep marasepuh, ning sampun kula anggep tiyang sepuh kula piyambak, ingkang saget kula angge ngayom nalika kula kedharang-dharang tanpa tujuan.? Wanti sing mau nalika padha jagongan mlebu kamar nonton TV, gumun bareng metu weruh Ayu ing rangkulane bapakne keket. Tanpa rikah-rikuh bocah sing wis gedhe kuwi njur mak slenek …. lungguh njaluk pangku bapakne karo kandha :

?Pak, nek mbak Ayu ora kondur neng kene terus, aku seneng banget lho pak.? Wangsulane Harjo karo mesem :

?Iya …. iya …. ndhuk, wiwit saiki kowe lan mbak Ayu ora bakal pisah. Sesuk nek mbak Ayu kondur Laweyan, Wanti bisa ndherek satutuge neng dalem kana.?

?Apa kuwi tenan pak ??

?Iya ndhuk……, awit mbak Ayu kuwi mbakyumu dhewe. Kowe lan mbak Ayu anakku, mung seje ibu. Sesuk bu Wara uga bakal nresnani Wanti kaya ibumu. Bocah loro padha pandeng-pandengan, wusana banjur gapyuk padha rerangkulan kanthi tulusing atine bocah.

Pak Slamet lan Harjo sing weruh rumakete bocah loro kuwi rumangsa trenyuh. Dina candhake ngepasi telung ndinane, bengi kira-kira jam wolu bubar tahlilan, ing ratan ngarep tokone ana mobil mandheg. Sing mudhun kejaba sopir, ing mburine ana priyayi putri sulistya, sing anggun penampilane. Ayu lan Wanti sing mlayu metu. Bareng mbukak lawang, Ayu mebengok :

?We ….. ibu sida nyusul ….. Wanti ya mbengok sora :

?Gilo pak, ibu Wara rawuh !? Pak Slamet lan Harjo bareng methukke. Lagi wae mlebu lawang, sawise uluk salam, gathuking mripat banjur padha sawang sinawang, wusana banjur gapyuk lelorone padha dene nubruk banjur rerangkulan kenceng, lelorone padha dene tangise wutah. Kawetu tembung saka kekarone kanthi groyok :

?Kakang Harjo ……?. ?Ndara jeng Artanti.?

Suwe wong loro rerangkulan pulet, sineksen pak Slamet lan bocah loro, sing padha kesetrum nangis, weruh wong tuwane padha tetangisan.

Pak Slamet tanggap, nyapih kekarone tembunge kanthi groyok :

?Sampun …. sampun …. mangga sami lenggah sareng-sareng, penggalihipun dipun tata kanthi prayogi.? Kandha ngono karo tangane loro nyurung pundhake sing lagi padha tetangisan.

Harjo ya njur nggandheng Wara Artanti tumuju sofa dawa …. lungguh jejer epet-epetan. Pak Slamet gage memburi. Let sedhela wis bali metu nggawa nampan isi wedang lan nyamikan.

Pak sopir sing neng mobil ya njur diajak mlebu melu jagongan. Bareng wis adheng, bu Wara ngendika marang sopire :

?Pak Wagiran, sampeyan isih kelingan, sapa jejerku lungguh iki ??

Wangsulane pak sopir ?Taksih ndara jeng, punika rak mas Suharjo, ingkang rumiyin inggih wonten ndalem Katumenggungan.?

?Leres sanget, pak Wagiran.? Kandhane Harjo : ?Griya panjenengan rak iring ler konten gerbang Katumenggungan punika ta ??

?Inggih …. inggih mas.? Wangsulane Pak Wagiran. Bu Wara ngendika :

?Pak Wagiran, ya kakang Harjo iki bapake Ayuningtyas sing seprana-seprene tak goleki lan tak tunggu.? Kandhane Wara Artanti marang sopire. Pak Slamet banjur sambung :

?Inggih ndara jeng, kula ingkang ngrimat keng raka lajeng kula jodhokaken anak kula Karsih. Pantesan setunggah meh kalih, malah lajeng kapundhut nalika nglairaken. Kula nyuwun pangapunten sanget ndara jeng.?

?Oh pak …., kula ingkang kedah matur nuwun sanget, kita namung sadermi, jer sedaya lelampahan wau kersanipun ingkang Maha Kuwaos.? Ngono kandhane Wara Artanti marang pak Slamet. Tutug anggone jejagongan ing kursi tamu, Harjo ngetokke bantal akeh, digawa neng ngarepan, ing klasa gumelar sing metas kanggo tahlilan. Anggone jagongan pindah ngisor bebas karo turon, bareng-bareng klebu pak Slamet lan pak sopir. Maune Ayu lan Wanti gojeg dedreg, ning bareng kesel njur dha keturon pules. Semono uga pak Slamet lan sopire. Bareng kabeh wis katon turu kepati, Harjo ngajak ngalih neng kamar. Ya neng kamar kuwi wong loro nyuntak kangen, geget uleng kaya nalikane arep ana Ayu malah kepara ngluwihi kaya dene penganten anyar. Sawise ditinggal Karsih, Gusti paring ganti. Kepareng nerusake sesambungan tresna jati sing sawetara pinisahake ing Gusti. Kabeh rumangsa begja, luwih-luwih Harjo, dene wis bali ngumpul karo gegantilaning ati, lan ketemu Ayuningtyas suwiraning daging. R.A Wara Artanti lan Suharjo ngresmekake anggone bebrayan, banjur boyong menyang Laweyan pinangka wewaris tunggal Katumenggungan.

——- Tamat ——-

?

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>