Kena Godha 1

?

Lulus S.T.M. Tarjo anake mbok Kasan sing wis randha iku trima nyantrik Like (Mardi) sing bukak bengkel neng lor prapatan Clumprit.

Biyen mung reka-reka bukak tambal ban, sing pawitane mung pompa, jugil, lim, lan baskom wadhah banyu. Ning merga gaweyane apik, awet lan tlaten linambaran grapyak sumanak, wusana bengkele laris lan akeh lengganane sing padha nambalake pit, malah uga pit motor barang.

Bareng Tarjo nempel Like mau, saiki nyoba karo adol bensin ya laris. Tarjo sing tansah nggatekke panyambut gawene Like iku, ya njur isa nyambut gawe.

Dhasar Tarjo menang sekolah, mangka jurusan mesin, mula bebarengan Like ya nyoba-nyoba ndandani motor barang. Sekawit nampa sing kerusakane cilik-cilik, suwe-suwe bongkar pasang lancar, sing padha ndandakake mrono akeh.

Ora nganti setaun, usahane mekar, malah saiki ora mung nyambi ngedhep bensin, ning uga adol onderdhil-onderdhil pit lan motor.

Merga kekarone kerja keras, mula ora mokal yen Like sing wis anak-anak loro, uga Tarjo uripe karo mbokne ngglenter.

Tanggane Lik Mardi kuwi nduwe prawan ayu rada kenes jenenge Saminah. Ngerti Tarjo sing kerep mampir yen esuk arep kerja, Minah sok mara neng nggone Lik Mardi, ana-ana wae alasane.

Suwe-suwe njur kenal karo Tarjo. Gandheng Tarjo ya nggatekke, mula njur kawetu tembunge:

?Lik Mardi, tinimbang bocah kuwi nganggur, mbok coba dikon nunggu (ngedoli) bensin kuwi. Ya mengko dirukun sing murwat.? Mardi ngrumangsani yen majune usahane merga Tarjo, mula usule uga disetujoni, wangsulane ngenaki :

?Mbok iya ta Tar, kapan olehmu arep ngekon??

?Wis ta, Lik, sampeyan wae sing nyoba tawa gaweyan, aku neng kene rakya mung ndherek Lik Mardi.? Wangsulane Tarjo metelke Like supaya ngekon.

Tenan, embuh piye rembuge, let sepasar Saminah wis lungguh dhingklik nunggu bensin. Gandheng isih cilik-cilikan, mula yen entek, Minah kudu kulak neng agen nggone Mas Kirjo juragane Lik Mardi. Yen kulak cukup nganggo jrigen diwadhahi krombong. Bab motor sing dienggo ngangkut, ora masalah wong nggon bengkel.

Gandheng padha dene mambu ati antarane Tarjo lan Saminah, mula bareng tansah cecedhakan, anggone nyambut gawe saya mempeng lan tambah semangat. Saiki yen ngaso rolasan Lik Mardi putri ora susah kangelan ngirim pangan neng mbengkel, ning ganti Saminah sing mulih njupuk rangsum kanggo wong telu neng nggaweyan.

Bengkele Lik Mardi saya akeh lengganane, saya rame, lan bensine sing ditunggu Aminah uga laris.

Aminah sing dhasar ayu nduwe watak mbranyak, sugih esem guyu tur keladuk kenes tregal-tregel, mula sering digodhani sing padha tuku.

Tarjo ya ngerti, sing kabeh mau dheweke nyumurupi ning ya meneng wae, ngiras pantes kanggo narik pembeli supaya saya akeh lengganane, mula ya dijarke wae.

Kabeh lumaku lancar. Saiki asile nyambut gawe, saka karepe Lik Mardi diparo byak. Dene Saminah digaji sesasi telung atus ewu entuk mangan awan lan sore.

Pancen, karepe Lik Mardi ngiras ndadek-ndadekake ponakan anake mbakyune sing wis randha kuwi, supaya mengkone bisa urip layak lan tumata.

Apa maneh Tarjo nduwe watak tumemen, tawekel lan gemi. Dhasar ngrembakane usahane ya bareng diiloni ponakane sing ngerti thek kliwering mesin kuwi.

Senajan Tarjo ora kawetu marang Like, ning Mardi tanggap yen Tarjo pancen ngesiri Aminah sing uga ditanggapi. Mula atine saya mantep anggone mrenah-mrenahake ponakane mau. Aminah tanggane, sing wis ngerti wiwit cilik-cilikane.

Dadi tiba kebeneran, yen suk Tarjo sida duwe bojo ora susah golek adoh-adoh wiwit saiki wis diingu, malah wis diajari golek pangan barang.

Lik Mardi yakin, yen Tarjo tetep tawekel kaya wektu iki, uripe mbesuk bakal kasinungan rejeki lan mulya.

Awit dheweke ngrumangsani, selagi S.D wae ora lulus, ning janji tegen, mugen, lan tawekel ya bisa urip cukup. Apa maneh saiki, bareng nyambut gawe nyawiji karo Tarjo, bisa ana keturahan sithik-sithik sing banjur ditabung kanggo nyekolahake anake mlebu S.M.P.

Saiki Marjuki anake, beayane isih krasa entheng merga lagi S.D klas enem. Lik Mardi kepingin Marjuki kaya Tarjo, syukur bisa luwih dhuwur sekolahe.

Racake gegadhangane wong tuwa mono padha, kepingin nyawang anake bisa urip tumata lan mulya.

Bareng wis entuk patang taun anggone bukak bengkel, Tarjo wis duwe tabungan cukup kanggo gawe omah cilik-cilik waton kena kanggo ngeyub.

Ning ngelingi omahe mbokne sing wis rusak angel dikemunah, mula niyate omahe mbokne bakal dibungkar, mbaka sethithik arep digawe omah sing bakoh.

Kanthi disetujoni Lik Mardi, Tarjo wis nicil mondhasi omahe embokne. Sabanjure yen entuk rejeki sithik-sithik ing pendhak Minggune, banjur ditukokake material sing sekira njur isa digunakake.

Saminah sing wis nampa gaji saka Lik Mardi, mesthine ya mbantu-mbantu wong tuwane.

Sing cetha saiki penganggone cilik-cilik ya wis pepak. Kalung, gelang, ali-ali, apa maneh klambine ya isa gonta-ganti.

Saka panyawange Tarjo, Saminah mundhak diwasa mundhak ayu. Batine kandha, yen omahe wis maujud, nek Saminah gelem, arep diningkah. Niyate mung cukup ijab lan slametan wae, diseksekake tangga teparo njur wis sah dadi bojone.

Nalika bubar mangan rolasan, Lik Mardi pamit arep niliki ngomah, dene Minah sawise ngulihake wadhah-wadhah tilas mangan, nanjur bali neng bengkel tunggu bensin. Tarjo nyedhak karo takon :

?Nah, kowe rakya seneng ta dodol bensin ngene iki terus??. Wangsulane Minah :

?Ya seneng ta, kang, wong saiki aku bisa nyekel dhuwit pendhak sasine. Kejaba isa mbantu simbok, apa pepinginanku rak iso tuku dhewe. Apa maneh isih kerep mbok wenehi.?

?Ah ? pawehku rak mung nggo imbuh ta, Nah. Kowe ngerti, saiki lagi tak nggo ndandaniomah kanggo awake dhewe mbesuk,? kandhane Tarjo karo nyawang.

?Iya kang, aku ya ngerti kok karepmu. Nek perlu, mbok gajiku kala-kala mbok tampa ta kang, rak kena kanggo tambah sithik-sithik.?

?Ora usah, Nah, dhuwitmu nggonen seneng dhewe. Ora, Nah, saupama olehku ndandani gubug kuwi wis gatra (durung dadi tenan), kowe apa gelem ndak ajak nikah??. Pitakone Tarjo mantep karo mepeti lungguhe kekasihe.

?Ora sah ngenteni omah dadi, Mas, nek sampeyan karep, saiki wae aku saguh kok, kang,? wangsulane Minah gawe senenge Tarjo.

?O yen ngono, coba ya, Nah, aku tak rembugan karo Lik Mardi, piye apike.?

?Iya, mas, pokoke aku mung manut sampeyan,? Minah mangsuli renyah.

?Saka kadohan Lik Mardi wis ketok teka, Tarjo ngadeg wiwit nyambut gawe. Bangunan saurute bengkele Lik Mardi saya tambah-tambah. Let seketan meter pernah sa elore Lik Mardi uga lagi didegi kios anyar, nek ora malah kaya toko sing lumayan gedhene.

Jare sing duwe wong adoh, bukak cabang neng kono. Tukang sing digawa juragane mau kandha, nek butuh wong sacedhake kono sing gelem tunggu material sing arep disiapke neng kono. Olehe omong-omong mau nalika tenaga mau nambalke bane juragane, neng nggone Tarjo.

Tanpa mikir dawa Tarjo nyaguhi janji ana nggone ngaso. Tenaga mau mangsuli yen ana.

Tenan, apa kekarepane Tarjo sing wis disarujuki Minah, sida dikandhakake Lik Mardi lan bojone, yen niyate arep ngijabi Minah saiki wae,dadi padha dene isih prihatin.

Lik Mardi sarujuk, dheweke sing arep nglamar neng wong tuwane Minah, lan kandha marang mbokne Tarjo.

Rembug dadi, sidane Tarjo lan Minah kanthi climen sida dadi manten. Kanggo sawetara Tarjo ngetutke sing wadon, mulih neng nggone Minah. Kahanan sing isih mrihatinake mau, nambahi Tarjo lan Minah saya nggrengseng olehe nyambut gawe, daya-daya enggal bisa rampung omahe. Saiki mulih nyambut gawe, sawise ngaso lan omong-omongan sedhela sing bisa gawe senenge bojone, yen kira-kira wis jam sanga Tarjo neng bangunan kios sing kudu ditunggu, turu kono tekan esuk.

Sejatine anggone nyedhiyani papan kanggo turu ya layak. Ana dhipan gedhe siji nganggo sepon, nggone anget wong mubeng ditutup nganggo blabag-blabag. Kejaba kena kanggo ngaso yen rolasan, papan iku uga kanggo wadhah bekakas nukang, yen wis padha ditinggal mulih.

Kanggo metu cukup tetek bakoh sing ora kancingan merga nggampangke yen sawayah wayah metu control material. Dening wong tuwane Minah, saiki anake dikamarake sisih ngarep cedak dalan, sing tuwa manggon mburi keletan longkang.

Bareng wis dadi nyonya Tarjo, senajan mung bojon bingkil, nanging Minah mundhak besus, merga kerep dikandhani bojone dikon ngrumat awak, ben Tarjo saya seneng nyawang bojone. Gandheng yen mulih mesthi wis sore, mula yen butuh kramas, saiki Minah cukup neng Salon ?Cantik? kagungane Bu Ambar, sing priyayine mula ayu luwes. Neng salon kono kapstere ana loro lanang lan wadon. Sing lanang kanggo nglayani yen ana pemudha apa bapak-bapak sing butuh potong, nyukur jenggot utawa kramas.

Ning senajan lanang wadon kabeh bisa nglayani tamu kakung apa putri sing ngersakake, dhasar ya bocah kursusan sing wis entuk ijasah. Bu Ambar pancen pinter milih kapster sing makarya ing salone.

Aminah wis dadi langganan kramas ing salon mau, sing adohe saka bingkilan udakara mung seketan meter.

Semono uga dina kuwi, Minah uga arep kramas kaya adate. Bareng mlebu salon ayem, dene ora ana tamu kejaba dheweke, sing ateges cepet terus bisa dilayani.

Ning sing tunggu salon mung Diran, Dini ora katon. Mula Minah banjur takon :

?Mbak Dini neng ngendi, Mas Diran ??

?Lagi ndherekake blanja Bu Ambar, dhik. Hla iki obat-obat salon wis nipis banget. Arep ngersakke apa ta, dhik??.

?Ya biasa, mas, mung arep kramas.?

?Karo aku rakya bisa ta, dhik?, wong ya mung padha wae.?

?Ya ta, mas, selak gatel je sirahku, tur nek wis reget kuwi ya mumet barang.? Kandha ngono Minah banjur mapan lungguh, nguculi rambute sing ditaleni pita. Diran banjur wiwit ngawul-awul rambute Minah karo kandha :

?Wah-wah rambut kathik ketele ora jamak, mangka semu ngombak gek ireng njanges. Arang-arang hlo dhik, wong nduwe rambut sing kaya ngene iki, cocok karo sing nduwe ? ayu tur manis.? Pangalembanane Diran, karo wiwit ngramasi.

Aiyah, mas, ming rambut kaya ngene wae ya biasa. Aku malah kepingin sing iso dawa nglantrak kae je, mas, ning kok ora bisa,? wangsulane Minah mongkok, merga ora tau krungu bojone ngalem kaya ngono.

?Iki wae sampeyan ora tahu kersa ngrawat sing kusus, dhik, upamane sok-sok cuci muka, ajar moles rai nganggo bedhak lan lipstick sing ajeg, mengko sampeyan rak ora kalah karo para bintang sing kaya nggon TV kae? kandhane Diran neruske nggone ngalem.

?Ah njenengan kuwi rak mung promosi ta, mas, ben laris. Nek aku sok nyalon kene rakya mundhak payon, ngrewangi juragane, ngono ta ??, kandhane Minah karo ngguyu renyah.

?Ah ora, dhik, aku kandha tenan kok. Eman-eman ayumu yen ora kerumat, mengko yen kersa ngrumat, rakamu rak tambah ? adhuhai ? njur wegah ninggal omah.? Pengaleme Diran keladuk, sinambi mbilasi rambut.

?Wah, mas, njenengan kuwi mung gawe senengku wae. Mangka bojoku kuwi bali nyambut gawe saka mbengkel, neng ngomah mung sedhela merga isih ana tugas, njaga material kios apa toko sing lagi dibangun pernah lorku kae hlo, mas.? Ketrucut kandhane Minah.

?Nek ngono yen kangen-kangenan karo bojo mung sedhela ya, dhik, njur ditinggal lunga.?

?Iya je, mas, karang ya golek-golek tambahan dhuwit, bojoku kuwi rak reka-reka ndadani omah ben enggal dadi,? kandhane Minah jujur.

?Wah ? kecewa ya dhik, yen dhong adhem, turu dhewe rakya klisikan.? Diran tambah wani.

?Ning ya piye, mas, kabeh ben bisa kecukup,? wangsulane Minah jujur.

?Piye, dhik, kramase wis rampung, njaluk dimasage ora??

?Masage kuwi apa ta, mas??

?O massage kuwi pijet, dhik, yen bubar kramas dipijet-pijet rak luwih penak, mumet-mumet cengeng bisa ilang, sirah njur krasa entheng,? wangsulane Diran.

?Nek nganggo dipijeti tambah ongkos ora mas?? Minah nanjih.

?Kanggo wong ayu kaya sampeyan ki ora sah, dhik?? Kandhane Diran.

?Yoh wis sisan, mas, pijeten.? Sadurunge digaringke, Diran banjur mijet-mijet sirahe Minah kanthi tlaten, nganggo cara sing diwarahake nalika kursus biyen. Minah bisa ngrasakake kepenak, malah saiki mudhun tekan cengel lan pundhak kanthi tapis. Kaya-kaya Diran seneng bias nyekel-nyekel perangane awake Minah sing mrusuh kuwi. Lagi bareng Minah aba uwis, Diran lagi leren, banjur nggaringake rambut. Bareng wis rampung, Minah takon :

?Nyaosi pira, mas??

?Uwis, dhik, minangka promosi ora usah mbayar, mung nek kramas meneh wae njaluka karo aku. Kandha ngono, Diran karo nyekel pundake Minah nalika arep metu saka salon, Minah krasa seneng.

Sabanjure Minah ora nganti seminggu mesthi mara kramas, Diran sing nglayani, sing tansah bisa gawe seneng atine Minah. Lan anehe, yen ora ana sapa-sapa, Diran ora tau gelem dibayar. Kaya padatan, nalika ngramasi Minah, Diran kandha :

?Dhik Minah, Bu Ambar kulak parfum anyar, aku wingi karo mbak Dini diwenehi siji-siji minangka hadhiyah supaya nyoba, sampeyan gelem pa??

?Mas, nek njenengan paringke aku, sidane rak ora ngagem.?

?Ya ra papa ta dhik, sekali-sekali menehi bebungah wong ayu. Ning ya kuwi mengko tak caoske neng ndaleme wae piye??

?Wah, mas, aja, aku wedi karo bojoku.? Minah nolak.

?Jare rakane nek bengi tunggu material, hla biasane budhale jam pira??

?Paling ora jam sanga, mas, iku wae yen ora keturon. Yen lali keturon sok jam sepuluh barang.?

?Yoh wis, dhik, sesuk kapan-kapan kono, nek rakane ora ana aku tak rana ngaturke parfum.? Kandhane Diran, sing ora diwangsuli dening Minah.

Sedina kuwi Lik Mardi lan Tarjo jan ora lerem. Kesaguhan ndadekake motor loro sing kudu dadi dina kuwi, marahi wong loro kuwi blas ora lerem lehe nyambut gawe.

Mula bareng pas surup motor kuwi dijupuk sing duwe, Lik Mardi gage-gage nutup bengkele, semono uga Minah uga banjur kukut. Tekan ngomah Tarjo njur gebyar-gebyur adus, katon yen seger banget. Bubar iku banjur mangan sore bebarengan bojone.

Yen dhong awak kesel, lagi wae nggloso ing peturon, wis terus bablas turu pules. Meruhi kahanane bojone mau, Minah krasa welas campur mongkok. Tarjo sing banget tresna mau, direwangi kaya ngono anggone kepingin bisa mulyakake bojo ya dheweke. Kanthi ora kejarag, Minah njupuk slimut, bojone sing pules mau banjur dikemuli brukut, dheweke banjur turon ing sandhinge.

Tangane alon-alon ngelus-elus bathuke bojone kebak asih, lan kadhang-kadhang ya ngeloni barang. Tarjo sing wis turu entuk ngaso sewetara, malah banjur nglilir. Ngerti bojone neng sandhinge banjur dikekep kenceng karo kandha :

?Dhik, bengi iki aja njaluk jatah ya, awakku kesel banget. Kowe ngerti ta, sedina iki mau blas ora bisa leren.?

?Ora, mas, aku ya mesakake kok karo sampeyan. Wis ta, saiki sare meneh tak keloni.? Kandhane Minah karo mbenakke kemule bojone.

?Wah ora iso, dhik, aku nduwe kuwajiban tunggu material. Aku kudu neng kios, atiku ora mentala. Yen nganti ana barang cicir dijupuk wong, aku sing salah. Mulane aku tak mangkat, ora ketang bar kontrol njur mapan turu.?

?Ngono ya becik, ning njur ngaso tenan ya, mas. Piye sangu kopi anget pa??

?Rasah dhik, mundhak mengko malah ora bisa turu.? Kandha ngono, Tarjo karo nyaut sarung terus metu diuntapke sing wadon. Saungkure sing lanang, Minah gage ngancing lawang. Lagi wae arep mapan, lawang keprungu dithothok wong.

Minah ngiro bojone bali, njupuk apa ta apa sing lali. Bareng lawang dibukak, jebul Diran sing langsung wae mlebu karo kandha :

?Niki hlo, dhik, kula ngaturke parfum,? kandhane karo mepeti Minah lungguh ing lingir dhipan.

?Walah, mas lha mbok nggih nek siang,? wangsulane Minah.

?Nek bengi rak malah aman ta, dhik, wong kula kalih pingin ngancani sampeyan.?

?Kandha ngono tangane Diran terus ngrangkul Minah, dipepetake awake karo diarasi. Tangane Diran grayahan ing papan-papan sing bisa nuwuhake birahi, ngerti Minah kuwalahan ora bisa nolak. Diran kuwi luwih pengalaman, mula sedhela wae, Minah sing wis ana regemane kuwi wis K.O ing sadhuwuring dhipan nganti tutug. Minah sing ora dijatah dening bojone, entuk ijol kenikmatan sing bisa nggawa mabur neng awang-awang. Kekarone rumangsa nemu kemareman sing ngepol..

Rampung, Diran banjur mulih, Minah turu angler kaya dibandul, ora nduwe rasa salah lan dosa.

Ya wiwit iku kekarone njur tuman, tansah nganakake sambung peteng sawise Tarjo ninggalake ngomah tumuju kios. Saiki Diran kerep aweh dhuwit marang Minah.

Merga Minah saking pintere nyimpen wewadi, mula bab iki ora enggal konangan. Diran pinter, kios tutup jam pitu, ngarep kios sebrang dalan akeh pemudha thethek padha main catur nganti wengi.

Sawetara Diran baur karo pemudha-pemudha mau, karo ngewaske dalan longopan tumuju omahe Minah.

Yen ngerti Tarjo wis ngalor gage Diran nylingker mlebu omahe Minah. Kekarone bisa katok ngumbar nafsu kanthi ati tentrem tanpa samar yen konangan. Tarjo sing pancen tulus lan jujur, tresnane marang bojo kosok. Dhuwit saliyane kanggo tuku bahan ngrampungake omah, kabeh dipasrahake Minah. Bengi kuwi, wiwit sore udane nggrejih, Tarjo lagi wae mlebu ing patunggone teka saka ngomah. Ndadak ana wong celuk-celuk saka njaba :

?Dhik Tarjo! ?. Dhik Tarjo!? Tarjo gage metu, jebul Pak Dhukuh Giri.

?Wonten punapa, pak??, pitakone Tarjo.

?Motor kula niki, dhik, mentas apik, kok teng ngriki njur mak klekek mati. Empun kula slah bola-bali mboten urip.?

?Wadhuh, Pak, ngriki mboten onten alat napa-napa je. Empun ngga, kula surung dibekta teng nggen kula, mangkeh rak saget.

?Teng bengkel, dhik??

?Mboten Pak, ndhak ndadak pados kunci nggene Lik Mardi. Nggriya onten alat kok.?

Sidane, Pak Dhukuh nuntun. Tarjo nyurung tumuju ing omahe. Tekan ngomah, Tarjo ora langsung nothok lawang mundhak bojone kaget, ning nilingke Minah wis turu apa durung?.

Iba gumune, dene keprungu swarane bojone omong-omongan karo wong lanang, pas ing kamare. Gek sapa? ngono batine.

Tarjo nyedhaki Pak Dhukuh karo omong klesik-klesik, Pak Dhukuh manthuk-manthuk. Bubar iku wong loro nyedhaki lawang kamar tamu.

Lawang dingakke gampang ora dikancing, terus mlebu nuju kamare.

Sing dha omong-omongan neng peturon saya cetha, malah sineling cekikike sing wadon, lan menggeh-menggehing napas.

Tarjo muntap. Tanpa antan-antan, lawang didhobrak sakayange jebol. Apa sing katon?

Minah bojone, lan Diran si kapster salon, kaya bayi lahir uleng ing peturon.

Tarjo mencolot ngajar Diran sing ora siap iku nganggo bogem mentake sing ora leren-leren. Dene Pak Dhukuh kontan mbengok sero :

?Maling ? maling.? Sanalika mak gruduk, wong-wong mlebu kebak, nyekseni sesawangan sing njijiki iku, banjur padha mlengos.

Diran wis lempe-lempe diajar Tarjo, dene Minah sedhobrok neng njobin, kanthi pojok seprei dianggo nutupi awake.

Oh bola-bali godha ?, mula sapa wae kudu waspada, supaya ora gampang kena godha.

?

?TAMAT?

?

Crita punika kula aturaken dhateng kadang mitra satresna siaran lelangen sedaya kemawon, kanthi atur : sugeng midhangetaken lan mangkeh sugeng sare.?

?

Nini Klenyem

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>