Ketemu Suwiraning Daging (Bag 07)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 7)

Ngerti bendarane timur kondur, mbok Ginah gage methukke, ature :

?Wah sayah inggih, ndara jeng, mangga wijik-wijik rumiyin kula ngracik unjukan.?

?Wis ora usah mbok, aku tak ngombe banyu putih kulkas wae.?

?Kula mila sampun ngracik unjukan kagem rama ibu kok, ndara jeng.?

?Lha pak Darno apa wis dicepaki, uga simbok dhewe lan kang Harjo ??

?Sampun, ndara jeng, ing meja makan wingking sedaya sampun kula damelaken.?

?Wow ….., yen ngono aku tak melu jagongan neng mburi wae mbok, ibu rak durung mlebet dalem ageng ta ?? Kandha ngono Wara Artanti terus tumuju meja makan dhapur, kanyata gelas-gelas wis cumawis, ing sisihe ana stoples isi rengginan. Artanti lungguh, mbukak stoples banjur njupuk rengginan dipangan, mbok Ginah domblong olehe nyawang, nuli ature :

?Unjukanipun ingkang wonten ndalem ageng dipun pundhut mriki punapa, ndara jeng ??

?Wis ora usah mbok, mengko yen butuh aku tak mlebu ngombe.? Wangsulane Artanti karo nyathis mangan rengginan. Bathine, genea Harjo sing ditunggu ora enggal mlebu njur ngombe, kaya pedatan ? Atine Artanti selak ora sabar ngenteni kekasihe, mula banjur tumuju garasi niliki.

E …., jebulane Harjo lagi bikut ngelapi mobil, gek mangka salin klambi wae durung, apa maneh leren. Mula anggone ngeloke :

?Wah …. wah .. kakang, mbokya leren apa salin-salin klambi dhisik, apa ora kesel ta ?? Harjo meneng wae, kekewuhan anggone arep mangsuli. Yen ora basa, jiguh lan wedi karo mbokne utawa bapakne, e mbok menawa padha krungu. Ning yen basa, jelas Artanti wis emoh dibasani. Mula Harjo mung njur noleh ing pernahe Artanti, karo driji tangane ditempelake ing lambene. Artanti tanggap mula njur lunga karo gumremeng

?Ah ya kono nek emoh leren, jare wong sing ora duwe kesel kuwi tandhane ora duwe wudel.?

Krungu tembung mau Harjo ora bisa ngampet guyu, mula njur nyekakak ngguyu dhewe. Artanti ya krungu ning terus wae mlebu dalem, tinemu keng rama lan keng ibu wis padha lelenggahan sinambi ngendikan. Pirsa kumlebate putrine tumuli ditimbali. Pandangune rama Menggung :

?Rama pamanmu sekalihan rakya padha apik-apik wae ta nduk Tanti ??

?Inggih kasinggihan rama, rama Purbo sekalihan tansah pinaringan kawidadan, kabagaswarasan. Panjenenganipun titip sungkem kagem rama ibu ing mriki.?

?O ….. yoh tak trima. Piye ?, adhimu Janti apa wis sida matur yen kepingin arep bukak cabang ??

?Inggih sampun rama, malah kula lan kakang Harjo ugi dipun keparengaken nderek mirengaken anggenipun pangandikan, jeng Janti kaliyan rama paman sekalihan.?

?Piye ngendikane rama pamanmu Purbo ??

?Panjenenganipun marengaken, lang nyengkuyung kekajenganipun jeng Janti. Malah ngendikanipun bulik Menggung, sapengker kula badhe tumunten ngayati damel wewangunan kangge papan calon ingkang sami makarya. Rama paman ugi dhawuh, bilih saking Laweyan mriki ugi kaajeng-ajeng penggalihan saking rama ibu, ugi cawe-cawe kula kaliyan kakang Harjo.?

?Nek kuwi rakya wajib lan kudu ta, ndhuk, wong ya sedulur.? Gek adhimu Janti, senajan kandhane ajar, ning olehe rewang-rewang neng kene ya suwe. Malah kowe ya dadi pinter ngono kok.?

?Inggih mila leres rama.? Ature Tanti.

?Lha saiki kuliahmu wis rampung kuwi, sirmu arep ngapa Tanti ??Arep nerusake kuliah sing luwih dhuwur ? apa arep golek gaweyan sing neng kantor ?, apa arep wiraswasta ?? Sawetara Tanti meneng wae, bareng wis mikir-mikir njur matur :

?Rama, punapa kepareng kula nglajengaken usaha bathik kagunganipun rama punika ?? Rama menggung manthuk-manthuk terus ngendika :

?Oh apik banget kuwi Tanti, rama seneng sing ateges ora muspra olehku ada-ada ngrembakakake bathik sing nyatane kowe saguh nerusake.?

?Punika namanipun rak kabegjan ta, rama ?, jaman sak punika, pados pedamelan angel. Gek mawi arta kathah kemawon, kathah ingkang sami kapusan, mboten estu angsal padamelan. Arta dipun bekta kesah tiyang ingkang mboten tanggel jawab.? Ature Artanti marang keng ramane.

?Mula ya nduk, kowe mono sing ngati-ati. Yo bener kowe saiki wis diwasa, ning nggon pengalaman urip kuwi kowe isih sithik banget. Becike kowe tansaha takon ibumu, mbok Ginah, lan sapa wae sing mbok percaya lan cedhak ing atimu.? Ngendikane rama Menggung sareh, kebak ing pitutur. Wara Artanti mung inggah inggih nyendikani dhawuhe keng rama, sing bisa gawe renane penggalih. Saiki dina-dina sing diajak rembug pikir ya mung Harjo. Kekarone njaga tenan bab ngembakaning bathik sing wis pinercayakake ing wong tuwane. Harjo uga mundhak gigih golek tamu manca sing bisa dadi langganane. Rama Menggung sekalihan, anane mung marem lan rena mirsani kiprahe putra putrine, lan Harjo anak abdi kinasihe. Jroning penggalih, rama Menggung tansah nyengkuyung apa kekarepane putrine, luwih-luwih sing ana gegayutan kanggo masa dhepane.

Kabeh-kabeh rumangsa seneng, mung arahe wae sing beda-beda. Kaya dene Wara Artanti lan Harjo, saiki anggone ngrajut katresnan sing wis padha dene ngertine iku, srana ndhelik-ndhelik lan angon singsene rama ibu Menggung, sarta mbok Ginah lan pak Darno.

Dene pak Darno lan mbok Ginah, bungahe dene bendarane saya gemati, lan anak lanang siji-sijine pinercaya nyekel abang birune perusahaan bathik, ndhombani bendharane timur. Sing tansah dadi pemikiranne mbok Ginah lan bojone, gek mbesuk kapan bisa males budine wong loro kuwi. Yen wis ngono, njur nrithil dongane marang Gusti kang paring urip lan ngunjukake puji syukur sing tanpa upama ing ngersaNe.

R.A Retno Harjanti sing saiki wis ana Bojonegara, dina-dinane tansah ngrewangi rama ibune menggalihke persiapan apa sing kudu ditandangi dhisik. Bahan material calon bangunan wis siap, keri ngenteni pemborong kondhang bapak Ir. Sumbodo sing wis kenal becik karo rama Menggung Prabakusumo. Jare mbiyen kanca sekolah dhek isih neng S.M.A., dene pak Sumbodo isih ana S.T.M. Gandheng sekolahane adhep-adhepan mung keletan ratan gedhe, mula banjur dadi kanca apik.

Rembug wis dadi, yen bangunan mburi dalem Katumenggungan bakal diwiwiti seminggu maneh. Rancangan bangunan iki calon kanggo kiprahe para karyawan sing padha makarya. Retno Harjanti, putri sing cerdas lan tansah kepingin ngerti samubarange kuwi, yen keng ramane tindak mundhut bahan-bahan material apa wae, mesthi ndherek. Dadi ngerti rembugane lan ngerti regane. Malah meneng-meneng Retno Harjanti sok mbandhing-mbandhingake reregan ing toko siji lan sijine, sing keng ramane wae ora nggatosake.

Merga saking apa wae ndherek nangani, mula yen ana kebutuhan apa wae, putra putrine kuwi kena dipercaya lan mrantasi. Kabeh mau ya merga wewarahe rama Menggung Widyadiningrat nalika ndhederek ana Laweyan bebarengan Harjo lan keng mbakyu Wara Artanti.

Pepinginan inggal maujude bisa bukak cabang, nggedhekake semangate makarya rerewang keng ramane nggawe syarat-syarate, sing saiki lagi ngrancang wewangunan-wewangunan sing mengkone bakal kanggo kiprahe makarya.

Jroning ati Harjanti sok merekake mbakyune, anggone kebeneran temen nduwe abdi kok bisa dijak makarya ngurusi urusan-urusan sing gedhe, kaya upamane perusahaan bathik kagungan rama agenge. Mendhah neya senenge, yen aku mbesuk ya nduwe kanca utawa sisihan sing bisa makarya apa wae kaya Harjo, sing mung jebolan S.M.P kuwi. Ning nyatane cara kerjane …. jalan pikirane … penampilane …., blas ora ngetarane yen mung tamatan S.M.P. Gek jejere mung abdi pisan. Oh begjane wong sing mbesuk dadi sisihane, ngono batine.

Yen ora dipikir, lumakune wektu mono pancen cepet banget, seje yen karo wong nunggu. Yen arep lelungan, ngadhang utawa nunggu bis sak jam wae rasane wis suwe banget. Apa maneh kanggone wong sing ora sabaran. Kanggo ngetokke rasa mangkel biasane njur grenengan, ora juntrung sapa sing di grenengi.

Sajronong rong sasi, bangunan mburi wis ngadeg lan kepayonan. Senajan lagi petha, nonton sekat-sekat kamar lan baweraning ruwangan, atine Harjanti wis krasa marem lan seneng. Mula nalikane keng ramane lenggahan, Harjanti nyedhak karo nyuwun pirsa :

?Rama, kula kok radi katalompen, rama punika rumiyin pesen gambar sinten, utawi dhateng pundi wewangunan ing wingking dalem punika ??

?Ana apa ta ndhuk ?? apa kowe gela bareng weruh saiki wis ngadeg kuwi ?? Gage atur wangsulane Harjanti :

?Mboten rama, kosok wangsulipun kula marem lan remen sanget.?

?O ya syukur ndhuk, yen kanggomu kebeneran. Biyen rama ki ya mung matur karo pak Sumbodo, piye apike tak sumanggakke. Dhasar ya kanca wis apik wiwit biyen, tur rama wis mireng yen panjenengane pemborong gedhe sing wis kondhang nganti tekan jaban pulo Jawa, mula rama ya mung pasrah.?

?O ngaten ta rama, ning kula yakin rama, menawi pak Sembodo kagungan lengganan juru gambar ingkang peng-penggan ing bab bangunan. Mangga … mbenjing menawi ngendikan, rama kula aturi mundhut pirsa, temtu pak Sumbodo badhe waleh.? Rama Menggung mathuk-manthuk njur ngendika :

?Yoh ndhuk, sesuk nek ketemu aku tak nyuwun pirsa.?

Batose rama Menggung mongkok, dene putrine kok duwe usul ngono. Gek sing marahi narik kawigaten wae nggon apa. Mangka biasane luwih-luwih bocah putri, yen wis seneng lan cocok ya wis, apa maneh ngenani bangunan. Ning keng putra iki pancen bocah sing lantip. Senajan putra siji ndhil …. ning ora manja …. ora kesed lan ora wegahan. Samubarang kepingin ngerti lan bisa …. senajan dudu bidhange.

Kekarepane mantheng lan antepan, mula didhawuhi ndherek keng rama agenge ing Laweyan wae ya manut.

Mung ketang kepingine bisa sinau bab gawe lan dagang bathik, sing mbok menawa disawang, keng rama agenge sukses nggunakake masa tuane sawise purna tugas (pensiun).

Ngemuti gedhe semangat lan kekarepane bukak cabang putra putrine, rama Menggung Purba Negara nggelak tenan olehe gawe persyaratan kanggo perusahaan bathik, daya-daya inggal wujuda. Bangunan mburi cukup ditandangi tukang-tukang biasa sing wis ora mbutuhake pemikiran, saiki kiwa dalem Katumenggungan sing mepet dalan, wis wiwit difondasi.

Ana Candake

?

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>