Kedhuwuren

?

Nalika Tarmin ngiling-ilingi jam sing dienggo ing tangane, wis nuduhake jam rolas kurang seprapat. Dheweke ngulet terus ngrogoh sake ngetokke rokok tujuh ename, dijresi rek banjur diakep.

Bengi kuwi dheweke jaga ijen, merga Dalijo tunggu mbokne sing mondhok neng Rumah Sakit. Tarmin banjur metu saka pos jaga parkir, saperlu control. Satemene ora ona sing perlu di kuwatirake, amarga mlebu metune wong (pengunjung) Cafe ketok ngegla saka pos jaga kono.

Ning Tarmin tetep ora lirwa karo tugase, jer maling mono julige kepati-pati.

?Kok dhewekan mas Min, dhik Dalijo neng ngendi ?? Keprungu swara kenya sing banget di apali. Dheweke noleh, jebul tenan, kenya ayu, awake mrusuh rambut sa pundhak, kathik irunge mbangir, kulite kuning, alus lan lumer.

Sasat wong sak Cafe Firdaus ngerti, yen Vera ya jenenge bocah kuwi, anake sawijining konglomerat. Sing kabare wong tuwane kuwi melu dhuwe saham neng Cafe kono.

Ning jare wong tuwane sakloron ana luar negri, ya merga tugase minangka konsultan. Dene Vera neng kutha iki mung karo Eyang lan rewang-rewange.

Vera mono senajan anake wong mblegedhu, ning sasat karo kabeh karyawan Cafe kono kenal apik. Grapyak sumanak, lan murah esem. Adoh saka watak sombong lan angkuh. Tangkebe saka karo karyawan penting, nganti karo tukang kebon lan tukang parkir padha wae.

Mula ora aneh yen karyawan Cafe Firdaus kono akeh sing naksir, ning ya mung mandheg neng karep, merga ora wani nyedhaki, ana rasa ering lan sungkan.

Nalika jam siji luwih sithik katon Vera wis metu saka Cafe, Tarmin age-age methukke karo takon :

?Yah mene kok wis arep kondur mbak Vera, kancamu mau njur padha neng ngendi ??

?Bocah-bocah lagi dha goyang ngebor. Aku dhisiki mulih, merga sesuk rak ujian?, wangsulane karo mesem ….. manis banget. Tarmin dadi munggah medhun kalamenjinge, kanggo sawetara njur unjal ambegan. Nuli sumambunge :

?Wong esuke arep ujian kok bengi klabping?.

?Lha wingi aku wis nggethu sinau je mas, iki rekaku rak kanggo refreshsing ben utege ora spaneng?. Kandhane Vera karo ngulungake karcis mobil isih diembel-embeli eketan ewon. Nalika Tarmin lagi ubeg ngetungake susuke, Mobil Espass abang tuwa sing disetiri Vera kuwi wis nggereng. Tarmin saya ribut karo kandha :

?Mengko dhisik mbak, iki lho susuke dienteni?. Wangsulane Vera saka mburi setir :

?Wis rasah mas, nggonen jajan wae, ning eling lho aja nggo ngombe? (sing maksude mabuk).

Durung nganti Tarmin ngucapake atur panuwun, mobil wis gleser-gleser metu saka arena parkir tumuju dalan gedhe diuntapake panyawange Tarmin nganti ilang di untal sepining wengi.

Wis rong taun iki Tarmin sawise ngrampungeke SMA ne njur nyambut gawe dadi tukang parkir ing Cafe Firdaus, merga di gawa Dalijo tanggane. Ngelingi angele jaman saiki golek gaweyan, mula pangajake Dalijo sing pancen dikongkon atasane golek kanca wong siji maneh kuwi, Tarmin nyaguhi kanthi seneng, lan ya njur nganti tekan saiki kuwi.

Tarmin unjal ambegan dawa kanggo ngilangake rasa semumpel ing dhadhane, karo batine :

Pancen penak tenan kok dadi wong sugih kuwi, sruwa-sruwi keturutan.

Kaya Vera kuwi sekolah sagaduk-gaduke utege keturutan, kanthi tanpa mikirke wragad, isih bisa nyambi seneng-seneng sakatoge neng papan-papan sing sarwa ngguwaki dhuwit.

O ………. kok adoh banget sungsate karo uripku. Wiwit cilik aku wis ditinggal mati bapak, urip karo simbok isih sekolah wis di ajak dhanyang-dhanyang buruh sakecekele, kanggo mangan lan wragad sekolah.

Mangka nyatane bareng wis lulus SMA ya njur macet. Arep neruske, cetha ora ana beaya, gek nglamar wis ana yen mung limalas bendhel lamaran sing wis dikirimake, nyatane ya ora ana siji wae panggilan sing teka.

Begjane dene Cafe Firdaus isih mbutuhke tenaga parkir siji. Malah saiki entuk tepungan wong ayu ……. sugih ….. grapyak tur welasan pisan.

Tarmin rumangsa kerep banget entuk cipratan saka dhuwite Vera sing turah-turah.

Janji mbayar parkir mobil, embuh kuwi limang ewu, sepuluh, limalas ……. blas ora tau gelem disusuki. Anehe Vera yen teka Cafe, Vera ora njur mlebu, ning malah neng parkiran nganti suwe, ngobrol-ngobrol karo Dalijo lan Tarmin, kadhang-kadhang Diran tukange kebon ya melu ngglanuk ana kono.

Mesthi wae ngono mau yen dhong sela utawa rampung gaweyane. Bareng Dalijo mbokne wis mari, bali mlebu nyambut gawe ketemu Vera ditakoni :

?Mbokmu larane wis mari dhik ??

?Uwis mbak, marine bareng tak turuti karepe simbok?

?Lha karepe simbokmu apa, dhik?. Vera ndhedhes.

?Anu mbak, aku dikon rabi sing milihke ya mbokku kuwi. Jare bocahe kuwi dodol sayuran neng pasar. Mbiyen mbokne bocah kuwi kancane simbok? Dalijo kandha jujur.

?Njur olehmu arep nglakoni rabi kuwi kapan dhik??

?Aku ya kandha mbak, janji simbok njur mari, aku ya gelem rabi ta wis?, ngono kandhane Dalijo.

?Wah kuwi kowe wis dadi anak sing apik banget, dhik, dene wis nyendikani dhawuhe wong tuwa?. Nalika wis tutug lehe ngobrol, sadurunge mlebu Cafe, Vera ndudut dhuwit atusan abang loro saka sake nyedhak Dalijo karo kandha :

?Tulung dhik, dhuwit iki kanggo simbokmu, samangsane butuh obat utawa jamu ben ora ndadak ngenteni mulihmu saka nyambut gawe? Dalijo nampani karo kandha :

?Trima kasih ya mbak, mbak Vera tansah kerep maringi aku sakanca?.

?Ya padha-padha, O iya dhik, sesuk nek kowe arep kawin, aku kandhanana, sesuk ndak wenehi tambahan modhal kanggo calon bojomu?. Bubar kandha ngono Vera njur gage mlebu Cafe. Saiki keri wong loro Dalijo lan Tarmin sing lagi neruske omong-omongan.

?Ta rak iya ta Jo, Vera kuwi bocah apik njaba njerone. Ya atine ya rupane, mangka karo aku kuwi jan …….. apa-apa di critakke?

?Kuwi jenenge percaya karo kowe, nyatane gelem curhat.?

?Aku sok mikir sing ora-ora je Jo, gek-gek Vera kuwi seneng karo aku?

?Wah Min, kuwi kowe jenenge GR, mbok aja keblabasen lehmu mikir. Vera kuwi dudu levele awake dhewe. Pancen karo sapa wae ya nggono kuwi, grapyak, akrap …… lan ya apikan.? Kandhane Dalijo ngelingke Tarmin.

?Ning rakya bisa wae ta Jo, anak konglomerat seneng karo anake wong mlarat. Jaman saiki lho Jo, sapa ngerti wolak-waliking jaman. Tur manehe, sapa ngerti, aku duwe nasib sing becik?.

?Wah …… wah…. wah ….. Min, elinga ya ! Kowe kuwi ngimpi mabur ya kena, ning aja dhuwur-dhuwur, nek tiba kantep mundhak lara. Mangka sing bisa nulangi ya mung awakmu dhewe, wong kowe sing ngimpi.?

?Jo, kabeh mau bisa wae kelakon, jare Jalma mono tankena ingina (di ina).?

?O Min …. kowe elinga, balia mawas dhiri, bisa wae kelakon kaya kandhamu, ning kerep-kerepe mung tinemu ing crita filem utawa sinetron. Aku kuwi mung mesakke kowe Min, mergane yen kabeh mau ora maujut utawa kelakon, atimu bakal gela …. cuwa …. lara sing tanpa upama. Olehku ngandhani kuwi rak merga aku tresna neng kowe Min, kowe wis ndak rengkuh kaya dene sedulurku dhewe. Ewadene yen kandhaku mau malah ndadekke atimu ora seneng, ya wis aku wis ora bakal nuturi kowe maneh?. Ngono kandhane Dalijo karo ngadek terus nglungani.

Sikape karo Tarmin ora ngowah-owahi adat. Ning janji durung weruh Vera, saka panyawange Dalijo, Tarmin tansah rongeh, ora jenjem lan bola-bali nyawang dalan karo sedhela-sedhela unjal ambegan. Dalijo krasa welas lan mesakake banget karo mitrane kuwi.

Seje karo Dalijo, saiki sing dikandhakke olehe arep rabi wae. Nuruti karepe mbokne sing saiki wis waras larane. Dhek emben nalikane ketemu Vera ya wis sida kandha, yen sesasi maneh bakal ningkahan karo Tinem bocah wadon pilihane mbokne.

Vera ya tenan-tenan kandhane kae. Dheweke aweh dhuwit sak yuta karo Tinem kanggo nggedhekake modhale. Wiwit rampung ujiane, Vera saiki wis arang teka neng Cafe, embuh sababe. Ora Kejarag, Tarmin ngudarasa kara Dalijo.

?Wiwit rampung ujian kae, ketoke mbak Vera kok arang-arang teka neng Cafe ya Jo?. Dalijo mung mesem karo manthuk wangsulane cekak:

?Kok iya, wiwit aku diwenehi dhuwit kanggo tambah modal calonku kae, aku kokya ora tau weruuh. Embuh nek nusul bapak ibune neng luwar negri?.

Suwe-suwe Tarmin dadi ketok angluh, embuh nek ketaman unen-unen Love is blid ngono kae.

Atine Dalijo mung ngrasa welas lan mesakke marang kancane kuwi. Ning arep ngapa, wong nek dikandhani ya ora digubris. Dina Jum?at sore ana pengumuman, yen staf Cafe tertentu ing dina malam Minggu, karyawane bakal ndherek pimpinane jagong undhangane Vera. Dalijo wis ngerti saka kanca karyawan njero ning njarag ora ngandani Tarmin, atine ora tekan.

Bareng karyawan akeh sing metu pating regudug, Tarmin takon salah sawijining kanca njero :

?Iki arep dha neng ngendi ta mas Tanta ??

?We lha piye ta kowe kuwi Min, genah arep dha jagong nggone mbak Vera neng hotel Paradise jare?.

?Undhangan apa nggone mbak Vera ??

?Jare undhangan ulang tahun sing kaping rong puluh, ngiras ngresmekake pernikahane karo bule Perancis?.

Dheg ….. atine Tarmin kaya diblegi watu sakentheng, awake saknalika lemes, atot bebayune kaya dilolosi, mripate sakala kunang-kunang ngen.Wusana banjur ndheprok ing triris pos jaga parkir. Awake kaya gombal amoh teles nglmpruk. Sirahe sumendhe tembok, mripate nyawang mendhuwur weruh lintang pating krelip ing tawang sing endah lan mranani. Ning emane ora bisa diranggeh lan di duweni. Kanthi lambe kedher pengresake :

?O Vera sing tak tresnani, jebul sliramu saiki wis adoh bangaet saka aku pindha lintang ing tawang. Jebul tenan, aku iki mung ngimpi mabur sing kedhuwuren, wusana bareng tiba, aku ajur sumyur dadi sa walang-walang. Obsesine Tarmin ambyar, malih dadi siladan pring wulung sing banget landhepe, kuwawa mbeler atine sing bisa dadi rojah rajeh tatune, lan dadheake banget perihe. Mula sing bener pepenginan mono samadya wae, aja kedhuwuren.

T A M A T

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>