?
NGIPUK IPUK SASTRA LAN BUDAYA JAWI
SINAWUNG ING SEKAR DHANDHANGGULA
Jroning kidung akeh wewarah di
Sabda tama miwah keh tuladha
Sarwi ngewrat piwulang reh
Sarta pakarti luhur
Prayoga lamun den tindaki
Tamtu manggih raharja
Ing salaminipun
Nebihaken ing panyedha
Nglatih dhiri kulina remen makarti
Weh rahayuning angga
Sastra edi sekeca kapyarsi
Sinartanan andhap asoring lampah
Satuhu mundhak pakoleh
Sok sinten kang andulu
Sanget nggenya kapranan ati
Muji pangalembana
Mring tumindakipun
Nunten ngudi murih bisa
Nguri-nguri tilarane kang nyuwargi
Dadya wajibing putra
Nadyan wasis keh sastra ngentasi
Prasasat kabeh basa sadonya
Nging lirwa basane dhewe
Katon wagu tur saru
Lamun nabda aminggrang-minggring
Basa alus tan pana
Leres napa luput
Repote yen lunga sanja
Tuni krama yen cluluk anglelingsemi
Dadi rasaning kanca
Basa iku matis tur pratitis
Lamun kaconggah angripta sastra
Karya sengseme wong akeh
Racake njur kayungyun
Pingin nyelak arsa ngresepi
Awit kapadan karsa
Wuwuse ginugu
Nyengkuyug adeging praja
Awewarta nyipta tentrem wong sanagri
Mrih samya ngraos mulya
Pra priyagung wus anabda sami
Yen kita kedah marsudi basa
Sastra edi tan nyerweteh
Bangsa bakal jinunjung
Marga nggenya anguri-nguri
Sastra dhaerah nika
Kedah den gegilut
Upamine sastra Jawa
Awit iku sejatine angel yekti
Eman yen kasingkura