Isih Ana Sapletik Kekarepan Luhur

Isih Ana Sapletik Kekarepan Luhur

Wis setaun aku dadi wong ora genah, njarag dadi wong bubrah ambyur ing papan Jember. Papane priya padha ngumbar nafsu sagebyaran, sing aku saguh ngladeni. Babar pisan aku ora nduwe gegambaran tekan ing papan iki, ning merga lara ati lan pingin males. Jalarane merga aku dikianati priya sing banget nresnani aku, lan uga aku tresna banget marang dheweke.

Ning eman, bareng makutha ajining dhiriku minangka kenya wis ndak pasrahake, dheweke kabur bali neng udhangkane, sawise lulus lan rampung kuliahe, aku ditinggal semprung.

Ya wiwit iku, aku dadi sengit banget marang kabeh priya. Aku pingin males, pingin nggawe K.O priya sing kedanan kasulistyanku, kanthi ngrusak lan ngeruk dhuwit sing sa akeh-akehe.

Aku mung nampa wong-wong sing wani mbayar larang, lan sing sekira gelem nuruti pepinginanku. Okeh sabenere priya sing langsung nari aku kepingin mbojo kanthi nikah resmi, ning aku suthik sadurunge aku marem kanthi caraku dhewe.

Aku pancen ora ambyur ing papan lokalisasi, ning aku nduwe mucikari sing kusus dibutuhake wong-wong penting.

Kaya ing wektu iki, aku lagi dibooking wong sugih sing teka ing kuthaku merga nekani rapat penting. Ya wis kaya adate, angger aku wis stand by neng tempat tidur ngene iki, wong lanang sing ngadhepi awakku njur ngiwut.

Kaya-kaya arep ngejur-jur, mbrakoti awakku, lumraha ngono pingin nguntal malang ben bisa ngalap awakku iki kabeh. Jane kanggoku risi kecampuran sebah, ning ngelingi aku mengko entuk dhuwit akeh, sakehing sara ndak kipatke adoh.

Nyandiwara wae, aku ethok-ethok terangsang lan marem, yen wis ngono wong lanang bakal tepuk dhadha lan rumangsa jantan, awit pasangane teluk bin keok.

Sing wusanane tanpa eman, mbrubul dhuwite pindhah ing kocekku. Merga pinterku anggonku nglayani, wong mau wis mesti bakal teka maneh nggoleki, senajan papane adoh.

Pak Hardi, ngono asmane wong sing mbooking aku mau, yuswane kira-kira seketan taun. Ya merga kopen, priyayine isih sigrak, gagah lan nyenengake.

Pak Hardi nyedhaki aku alon-alon, aku wis sumadhiya siap tempur. Benik blusku wis tak bukaki wiwit mau, posisiku pancen ndak jarag nantang, senajan ora turu, nanging mripatku merem.

Tak enteni nganti sawetara, jebul tangane pak Hardi sing mau ngelus bathukku malah mudhun tekan dhadha, ngrapetke benik-benik blusku sing mau wis ucul. Aku melek karo gage takon :

?Kok ora njur ?., aku wis siap je, pak.?

?Lha biasane yen aku wis siap ki ya njur diwiwiti.? Kandhaku jujur.

?Em ? kok nubras-nubras kaya dioyak setan wae. Mula sliramu tak booking tekan sesuk kuwi, supaya wektune longgar lan santai, saiki aku tak takon dhisik.? Kandhane alus penak rinungu.

?Apa sliramu mau wis dhahar, jeng??.

?Durung pak? wangsulanku jujur.

?Ah mbok aja ngundang pak, ning mas ngono lho jeng, ben luwih srek neng ati.?

?Ya wis, aku saiki tak ngaturi mas, lha kersane mas??, pitakonku.

?Nek ngono ayo maem ngancani aku, neng restoran njero kene wae, bakda maem mengko njur santai neng bar, kersa??

?Iya mas, aku ndherek kersane mas Hardi.?

?Nah yen ngono, jeng, entenana sedhela aku tak ganti.?

Mas Hardi banjur mbukak tas, salin hem coklat lengen dawa, lan clana coklat tuwa ketok serasi banget. Senajan durung pati dhong karo apa sing dikarepake, ning sakeplasan wae aku wis bisa nggagapi tamuku iki. Paling-paling sajrone tugas saka pendhuwurane, wong iki mesthi kasepen, mangka turah dhuwit, mula ora nggumunke yen banjur golek panglipur, kebeneran begjaku dene aku sing ketiban sampur. Sasuwene aku dadi cah ora nggenah, lagi iki aku dibooking ana hotel gedhe sing taripe mesthi wae larang. Weruh tindak tandukke sing sarwa sopan, jane aku kepingin ngerti luwih jero mungguh pribadhine wong iki. Ning ya mung cukup tak batin.

Mosok ta wong mung wanita penglipur kok kepingin ngerti pribadhine wong sing mbooking, salah-salah malah dikon metu (lunga) ora sida entuk dhuwit.

Gandheng mangan neng hotel berbintang lan tamune ya akeh wong-wong intelek, mula aku ya kudu nyelerasake karo kahanan.

Tujune wae, nalika aku isih kuliah, srawungku omber. Mula tak sawang saka pasemone, mas Hardi ketok yen karenan karo sikapku.

Apa maneh nalika metu kuwi, aku uga nyelarasake klambiku karo ageme mas Hardi. Rok batik coklat dawa. Kanthi mengkono katon anggun lan resmi, adoh saka panyakra bawa sing kurang prayoga.

Malah nalika mau arep budhal, mas Hardi sempat ngrangkul aku saka mburi karo kandha :

?Jeng, eman lho sliramu kuwi, wong kaya widadari kok profesimu kaya ngene, ning muga-muga sawise aku, sliramu njur eling bali neng dalan sing bener.?

?Atiku mak dheg, denea ana priya sing isih ngeman tumindakku. Mangka priya iki durung nikmati awakku. Oh atiku dadi cilik ? isin ?

Ning wis ben, jaragan wis tak antepi. Bubar mangan aku runtung-runtung tumuju pojokan, sing ing kono ana panggung kanggo nyanyi. Musike saweruhku mung piano lan biola. Lagune uga kawates mung irama blues utawa jazz, dadi ora ana pop luwih-luwih dhang-dhut.

Mas Hardi anggone ngrungokake sajak nikmat temenan, malah kala-kala manthuk-manthuk karo merem barang. Apa maneh kanggoku, iki mujudake pengalaman sing endah sing durung tau ndak pethuki.

Ya kerep dibooking, ning paling-paling neng hotel tingkat melati, utawa omah mewah biasa, sing suwe-suwene mung esuk tekan sore. Saka kono, mas Hardi ngajak pindhah ruang tingkat pitu. Sesawangan saka kono bawera banget, nyawang mengisor, mobil-bobil sing liwat mung katon sak korek-korek api gedhene. Hawane seger alami. Mula mas Hardi ndudut rokok saka sake karo ngendika :

?Ngersakke ses jeng??, Aku gedheg karo mangsuli :

?Sory, mas, aku ora tau ngrokok, semono uga karo minuman sing ana alkohole aku uga ora doyan, aku kandha apa anane.

?Wah apik kuwi, jeng, saora-orane ya kanggo njaga kesarasane awake dhewe.? Kandhane mas Hardi karo ngguyu. ?Ning nek mas Hardi arep ses, mangga lho, aku aja dadi penghalang lho mas!?

Aku gage mempersilahkan dheweke yen arep ngrokok. Ning mas Hardi gedheg karo kandha :

?Jeng aku kuwi ngrokok ya mung kanggo praja-praja nek awor kanca, ora ngrokok ya ora papa.? Mas Hardi banjur ngawe pegawe hotel, waiters mara karo nggawa bill sing kudu ditandha tangani, kanggo mbayar yen cek out saka hotel sesuk. Mas Hardi banjur nyedhaki lungguhku karo takon :

?Rak durung sayah ta Jeng?? ?Durung mas, ana apa ta?? , aku nanjih.

?Yuk, awake dhewe neng diskotik utawa papan dansa.? Tanpa ngenteni wangsulan, mas Hard wis nggandheng tanganku. Ing kene papane jembar, tamune kebak, swasanane remeng-remeng. Ngepasi aku sakloron mlebu, iramane rok, jogede pating begijig. Mas Hardi ngajak lungguh cedhak operator, sinambi pesen soft drink lan mete marang petugas.

Karo ngemil mete, tangane mas Hardi tansah ngrangkul aku, sinambi nyawang sing padha jingkrak-jingkrak. Sawise irama rok rampung, ganti instrument lia kang lembut.

Atiku lega, awit rasane ora brebeg banget. Dhasar iki musik sing dadi favoritku, ciptaane Amstrong sing kondhang jago saxophone kuwi. Bocah-bocah enom genti padha lungguh, wusana siji loro pasawan sajajarku padha wiwit ngadeg, sing sidane ya ngebaki ruang dansa.

Mas Hardi menyat, ngeret tanganku karo kandha lirih sasat kumlesik ing kupingku:

?Ayo jeng, dansa.? Aku manthuk nglegani. Miwiti dansa, gulune mas Hardi ndak kunci nganggo tanganku lembut, dene dheweke ngekep bangkekanku kenceng.

Sidane aku lan mas Hardi katrem ing wiramaning lagu. Saking krasa nikmate anggonku nglaras, tanpa rinasa sirahku ndak sendhekake ing dhadhane.

Napas-napas alus banget krasa ngenani pipi lan rai, nambahi saya romantis lan mbedhedheging ati. Tujune maneh, aku biyen nalika isih kuliah, kok ya melu-melu kanca, ajar dansa barang.

Pranyata ana gunane ing jagad pesrawungan, bisa gawe mareming konsumenku sing klas kakap iki.

Saka lagu siji neng sijine, pranyata mas Hardi sing kalem kuwi jebul baut malah jago, klebu sing rok barang. Sawise tutug, sing malah kringetku wae isih gembrobyos, mas Hardi ngajak metu aku saka ruwang dansa bali neng kamar. Neng kamar kene aku wong loro banjur padha nglemprak ana njrambah hotel, sing tegele kincling kena kanggo ngilo iku.

Mas Hardi banjur numpangke sirahe ana pangkonku, rasane atiku mulya banget. Mendah senenge, saupama aku dadi sisihane wong sing kaya ngene iki.

Astane mas Hardi uthak-athik dolanan benik klambi sing tak enggo, malah saiki dicopoti siji mboko siji, tak jarke wae. Aku gumun, ya merga tindake sing sarwa alus, sareh lan sabar kuwi, atiku malah banget kerangsang lan notol.

Kaya ora sabar rasane, aku pingin daya-daya ngladeni konsumenku sing sak becik-becike, ora mung sekedhar aku gawe lega lenggananku lan mung lamis. Tenan-tenan aku pingin mas Hardi marem lahir batin.

Sawise aku wong loro mlebu kamar mandhi reresik awak sing mau gobyos, mas Hardi njur salin piyama, lan terus mapan ing peturon, kemul kamli kandel.

Aku nekat, sawise ganti daster tipis sing tanpa pakaian dalam, aku ndresel ing sisihe selak pingin ngrasakake kridhane wong nyinatria iki. Aku gumun, dene wis tak keloni nggekeng, mas Hardi mung mbalikake awak sedhela ngaras bathukku, njur bali mlumah maneh. Atiku notol ora sabar, mula pitakonku :

?Piye, mas? Saiki apa?, mengko rehne penjenengan sayah, njur kelalen sare. Mas, penjenengan kuwi konsumen, aku produsen, kaya salumrahe, ana transaksi. Dadi srana hukum, penjenengan wis sah yen bengi iki penjenengan isa nguwasani aku sawutuhe. Mangga mas, penjengengan tak ladeni. Aku bakal mbudidaya gawe marem penjenengan.? Kandhaku semu ngrintih.

Mas Hardi mbalikake awake ngekep aku, ning tetep adhem ora ana reaksi. Aku nekat takon, merga emosiku wiwit munggah :

?Mas, apa sejatine penjenengan kuwi ana kekurangan?, theklok, utawa impotent?. Genea penjenengan mbooking aku?, njur apa gunane yen penjenengan ora wani??

?Oh Jeng Ida, sabar ya, aku priya normal, jeng, sing ora kekurangan sawiji apa, malah kurdaku bisa ngluwihi sing isih enom, grayangen gilo barangku nek ora ngandel?? Kandhane mas Hardi nyekel tanganku dikon nyekel barang vitale. Aku kaget, nyata yen mas Har iki priya normal. Barange normal atos padhet pindha alugora, gadane Bimosena.

?Oh mas Hardi kena apa?, apa aku kurang ngresapi ing ngersamu?, apa aku kurang ayu?, kurang bisa anggonku nglayani tata lahir?, denea sikapmu adhem kaya es??.

Aku wiwit groyok lan nangis. Mas Hardi tak ruket kenceng, tangisku sesenggrukan wutah ora kena ndak ampak. Tangane mas Hardi ngrangul awakku kebak asih karo kandha:

?Yen aku arep crita sithik, apa sliramu kersa ngrungokke, Jeng? Aku manthuk.

Sejatine aku kerep didobosi priya-priya tamuku sing kandha. Yen olehe nyleweng kuwi merga putrine ora bisa gawe marem, ana maneh merga dhudha ditinggal mati. Wis ta, werna-werna crita gombal sing kerep ndak rungu, ning ora tau tak gubris. Merga akeh wae sing yen aku krasa welas, njur ngladeni, ning bar kuwi njur ethok-ethok dhuwite keri, endi sing utang dhisik, suk emben, lan akeh alasan-alasan sing sejatine butuh gratisan. Mula aku emoh mapan ing lokasi sing tumrape priya rucah, papan murah meriah, sing sawayahe kena diambah.

Ning karo wong siji iki, aku nggatekke tenan.

?Wis mas, ndang critoa, aku ndak ngrungokake.? Ngono kandhaku.

?Ngene jeng Ida, aku ketemu tepung bojoku kuwi wiwit mlebu kuliah nganti rampung, padha dene kasil nggondhol gelar. Rehne wis padha cocoke, mula banjur nikah. Dhewekke bocah lola, mung urip karo adhine wadon siji, sing uga banjur urip melu aku lan mbakyune. Wektu kuwi, adhiku ipe sing jenenge Rini mau ya kuliyah wis semester telu. Wong bebrayan mono jeng, sing dadi gegadhangan mesthi bahagia, ning aku ora.

Nikah setaun, sisihanku keguguran nganti pindho. Sadurunge kuwi pancen dheweke kerep prak-prek lara, dhasar awake ringkih. Rasaku welas banget, dhasar ya bojo, mula tresna lan kawitatenku uga pol marang dheweke.

?Asil pepriksan dhokter sing keri dhewe ngandhakake, yen bojoku kena penyakit leukemia (kangker dharah) sing kudu pendhak Minggu cuci utawa tambah darah. Panandhange mau nganti rong taun.

Nganti tabungan, barang-barang pengaji, entek mung kanggo tuku getih. Ketang gedhene tresnaku, senajan kaya segapa aboting sesangganku, ing ngarepe bojoku, aku tansah ngatonake seneng lan bigar ing ati. Ning bojoku malah ngerti, tandhane ing sawijining dina bojoku kandha :

?Mas, uwis wae ya nggonmu mundhutke getih aku. Tak kira pancen ya mung tekan semene anggonku bebarengan urip karo panjenengan. Lelaraku iki abot, awakku wis ora kuwat, saiki aku wis pasrah ing Gusti sing paring urip, ndherek sawanci-wanci aku katimbalan.?

Krungu ngono mau atiku angles, jeng. Sabanjure dheweke kandha :

?Mas, saungkurku, aku ndherek titip Rini adhiku, rumaten. Dheweke ben ngganteni aku leladi penjenengan, cethane pundhuten garwa. Aku bakal gawe layang kanggo dheweke, supaya tetep ana kene minangka gantiku, ben gelem penjenengan ningkah.? Ngono iku penjalukke jeng, aku mung sumaguh senajan kanthi ati susuah.

Let sawetara wektu saka anggone weling-weling mau, bojoku sida ora ana, sowan ing pangayumane Pangeran. Atiku susah banget. Ngarepke patang puluh dinane mbakyune nalika resik-resik kamare, Rini nemu layang wasiat, sing isine weling-welinge mbakyune kaya sing tak aturke ing ndhuwur. Aku uga oleh melu maca. Nalika Rini tak takoni, saguh ora ngestokke welinge mbakyune, bocahe manthuk tandha saguh.? Ida ngrungokke critane Hardi rumangsa trenyuh. Gandheng kepingin ngerti bacuting crita, Ida takon :

?Sabanjure piye, mas?? ?Rini ya tetep melu aku, jeng, ngganteni mbakyune leladi aku sinambi kuliah. Aku tetep tansah njaga jarak, kaya dene adhiku kaya biyen. Ancasing atiku, anggonku arep ngrabi Rini yen wis sewu dinane mbakyune, sedheng dheweke wis rampung kuliah.? Hardi leren olehe crita, banjur aba Ida supaya njupukake aqua ing meja.

Sawise aqua diulungake lan Hardi ngombe, Ida gage takon :

?Mas, dirampungke ya critane, aku kok rumangsa trenyuh banget karo critamu kuwi!.?

?Iya, jeng. Sabanjure lagi rong taun kuliahe Rini rampung. Ning kekarepanku mantep kaya sakawit, yen anggonku arep ngresmekake Rini minangka nyonyahku, sabubare sewune mbakyune.

Ning ya kuwi Jeng Ida, menungsa mono wenang ngrancang, ning ora wenang nemtokake. Pestrhi iku ana astane gusti. Kaya biasane tanggal enom, bubar aku nampa dhuwit agaji, gage ndak wenehake dheweke kanggo latihan ngiras ngecakke butuh. Nalika arep mangkat blanja, rekane arep ndak terke nganggo mobil, ning Rini emoh, jare isih isin.

Sidane banjur mangkat dhewe numpak motor. Jeng Ida, wong beja mono ora kena diongso, dene wong apes mono ora bisa diselaki. Jeng Ida, nalika aku lagi maca koran, ndadak ana tilpun. Bareng ndak angkat jebul saka polantas sing lagi tugas, nyocokake alamate sing ditemu karo omahku. Bareng ndak wangsuli bener lan cocok, iba kagetku, jebul polisi mau ngandhakake lan ngabari, yen Rini nemu kecilakan kesrempet trek, dadi lan tiwase. Saiki wis digawa polisi neng rumah sakit Panti Husada. Keluarga dijaluk supaya enggal nusul neng rumah sakit.

Kaya ngapa remuking atiku, Jeng, ora bisa ndak gambarake. Tekan rumah sakit, jasate Rini lagi diotopsi lan cetha yen wis ora ana.? Mas Hardi nguwisi critane karo crocosan luhe. Aku uga kesetrum nangis ketang welasku marang mas Hardi. Sawetara aku isih meneng ora wani takon, ngenteni yen penggalihe mas Hardi wis tumata. Grayah-grayah aku mbukak tas ing sisihke, njupuk tisu tak nggo ngulapi luh ing mripat lan pipine mas Hardi. Dheweke nyekeli tanganku karo kandha :

?Uwis Jeng, nuwun ya,? aku mung manthuk.

?Ya ngono kuwi jeng Ida lelakonku. Nganti seprene, limang taun ditinggal bojo, telung taun ditinggal adhiku ipe, aku urip ijen ndhudha. Dikancani mbok Dipo rewangku, sing setya tunggu omah lan reresik sarta ngumbahi. Manganku cukup catering.? Mas Hardi meneng.

?Apa penjenengan durung kepingin karma maneh, mas??, aku nekat takon.

?Durung jeng, aku saiki lagi arep nentremke pikir. Pikiranku tak pusatke neng gaweyanku sing mula abot iki, supaya bisa nglalekake wong lelorone sing wis mlebu atiku kuwi. Ndilalah, jeng, wektu iki aku katut seminar neng kutha iki. Kanca-kanca padha ngojok-ojoki aku supaya golek kanca kanggo panglipur, supaya aku bisa nglalekake wong-wong sing wis padha ndhisiki ninggalke aku. Maune aku emoh wedi resikone, ning kancaku kandha : ?Ya milih ta, mas, aja sing murahan lan ombyokan. Paling ora ya sing mahasiswa, sing gelem nyambi ngono merga karo nggo beaya kuliah. Wis ta mengko tak terke neng salon gedhe, sing sok gelem ngundangke bocah-bocah kuwi. Neng kana ana foto-fotone bocah sing dha gelem dibooking. Penjenengan bisa milih njur pesen, lan kapan penjenengan njupuk. Awit ing kono ora sedhiya papan.?

?Ngono Jeng, kandhane kancaku. Aku nyaguhi, semono mau yen ana sing cocok ing atiku, yen ora aku emoh dipeksa.

Sidane aku diterke neng salon Bunga, ya nggone indhuk semangmu ndelok-ndelok foto, senajan sejatine atiku ora minat. Iba kagetku jeng, bareng neng album ana foto sing mirip banget karo rupane bojo lan adhiku ipe sing wis ora ana. Aku njur dadi kepingin banget weruh sanyatane bocah mau. Jebulane tenan jeng, bareng aku weruh sliramu, gawang-gawang kelingan jenate bojo lan adhiku. Mula aku dadi ora tegel tumindak neng sliramu, awit kaya-kaya aku ngadhepi sing wis padha ora ana.

Mula sing gedhe pangapuramu wae ya, jeng. Bab transaksi kaya dene wong dol tinuku, aja samar, aku emoh mblenjani janji.? Kandha ngono, mas Hardi menyat marani koper, banjur njupuk cek. Sawise ditulisi banjur diulungake aku.

Bareng ndak deleng, aku gumun, dene kok semono akehe jumlah dhuwit sing ditulis. Aku kandha :

?Mas iki akeh banget, mangka penjenengan ora ngagem aku.?

?Wis ora papa jeng, yen jeng Ida kersa, rak kena kanggo usaha apa-apa sing mung cilik-cilikan, utawa kanggo tambah-tambah wragad kuliah.? Aku gage nyaut :

?Mas, kuliahku wis rampung, lan aku uga bisa nggondhol gelar.? Aku banjur mbukak tas, njupuk dhompet sing isi identitas uga fotokopi ijasahku, banjur ndak ulungake mas Hardi. Sawise ndeleng, njur mesem karo kandha :

?Wah jebulane sliramu kuwi Dra ya, Jeng. Eman jeng, dene ora mbok agem makarya sing bener. Mbok coba nglamar gaweyan sing sekira cocok, syukur bisa ninggalke pakaryan sing reget iki.?

Krungu ngendikane sing wijang, aku kandha yen kepingin males laraning ati, marang kabeh priya sing kedanan aku, sing mung bakal ndak enggo dolanan lan bisa ngeruk dhuwite. Kaya patrape pacarku sing wis ngianati aku.

Sawetara wong loro meneng-menengan. Ning mas Hardi njur nyedaki aku, ngrangkul kebak asih, neng kupingku dheweke kumlesik :

?Apa sliramu gela, jeng?? Aku meneng wae. Arep kandha apa anane iya, rasane isin. Ning yen muni ora, rak ateges nyelaki batinku. Sajake mas Hardi tanggap, mulane njur ngekep aku karo kandha :

?Arep tak usahakke supaya sliramu ora gela, jeng. Kan awake dhewe cek oute isih mengko sore, yen perlu diperpanjang tekan sesuk esuk ya ra papa, langsung seminar.?

?Oh aja, mas, mesakke njenengan mundhak kekeselen. Kersa pa tak pijeti ben sare lan bisa ngaso??.

?Oh gelem banget, jeng dhasar aku karem pijet.? Mas Har banjur mapan sarean mlumah, ndak pijeti. Maune anteng, ning tangane njur nggrathil nggrayahi dhadhaku, sing marahi atiku kongah-kangehan dadi rewel. Kaya bocah cilik sing disaguhi dolanan ning durung keturutan. Tangan ndak cekel ndak pijeti, ndak jethuti drijine, mas Har ketok yen ngrasakake kepenak, nyatane let sedhela njur keturon tenan.

Bareng cetha mas Har wis pules tenan, lagi tak lereni olehku mijeti. Embuh dadakan tuwuh rasa tresnaku sing tulus neng dheweke, bareng ngerteni tenan panandhange sing wis dilakoni.

Merga nganti suwe olehku mijeti, awakku nganti kemringet lan krasa kesel. Aku njur alon-alon mudhun saka peturon, menyang kamar mandhi adus kungkum ing bak mandhi satutuge. Sawise andhukan garing awakku ndak gosoki nganggo body lotion nganti rata, sing ndayani awak seger lan sedhep.

Dhaster tipis sing mentas tak enggo tak lempit tak lebokke tas merga wis mambu kringet. Aku tumuju kaca hias mung pinjungan andhuk. Sawise rai tak resiki, banjur tak poles sisan alon-alon nganti katon sampurna.

Sawise iku aku njur mikir, saiki aku arep ngapa?, bali nyawang mas Har, dheweke ketok banget kepenak anggone sare. Ning nyatane bareng aku nonton jam, jebul wis ana rong jam wiwit saka tak pijeti nganti rampung olehku moles rai iki mau. Aku bali munggah peturon isih mung pinjungan andhuk, ndak liling lan ndak matke rupane mas Har sing wis nyanthol atiku kuwi.

Oh ? jebul nyatane pancen nggantheng lan sigit temenan. Kanthi alus tak aras bathuke ? pipine ? lan wusana lathine. Ndadekake mak byar mas Har nglilir, banjur ngrangkul aku karo takon :

?Wis siram ta, Jeng?? Aku mung manthuk. Andhuk sing mbuntel awakku disebrot diuncalke kursi, aku sing nglegena iku disawang tajem karo kala menjinge katon yen munggah mudhun.

Suwe-suwe aku diturokake, genti aku sing diarasi sakatoge. Saka rai, gulu mudhun neng dhadha ? ah embuh. Kayane aku wis wiwit diajak mabur ing gegana. Nikmati sesawangan sing endah banget. Tandange mas Har kaya bantheng ketaton. Aku dipotheng-potheng sak senenge, nganti ora ana wektu kanggo nglawan. Lagi bareng wis tekan sak ndhuwuring mega bebarengan nggayuh kaendahan lan kanikmatan, mas Har nglumpruk ing rangkulanku. Saking sayahku aku banjur les keturon ? embuh tekan yah apa ?. Dumadakan. ?Jeng ? jeng Ida,!? aku digugah mas Har. ?Wis ya Jeng, tutugna saremu, wektu cek aut isih mengko sore. Aku tak bali neng hotel papane ngumpul kanca.? Nalika aku tangi, ndak sawang mas Har wis pakeyan rapi siap ninggalake hotel, jare wis dibel kanca-kancane. Dheweke ngrangkul aku, karo sepisan maneh kandha lirih ing caket kupingku. ?Tenan ya, jeng, ngemungna mung karo aku kanggo sing pungkasan, balia neng dalan kang bener.? Sawise ngesun bathukku, mas Har, ninggalke aku sing keri ijen. Sawise lawang kamar ditutup jeglek saka njaba, aku ngambruk maneh neng peturon nangis. Ati kaya kepingin nutut-nututana, ning piye kahananku isih nglegena, upama aku ndadak nganggo klambi, mesthine mas Har ya wis bablas. Aku thongo-thongo ing peturon. Aku getun banget, denea ku keturon?, nganti ora ngerti yen mas Har wis siap-siap budhal. Aku wis ora duwe wektu kanggo omong-omong maneh. Oh ? saking getunku, tak jambaki dhewe rambutku nganti lara. Aku nangis mingsek-mingsek gulung koming, bantal guling sing tak ingel-ingel tak gablogi sak sayahe?, aku dadi strees dhewe. Mbok menawa yen disawang wong, polahku wis kaya wong edan. Bareng wis katog lan kesel olehku ngamuk dhewe, aku njur adus. Bali neng kamar aku lingak-linguk, ketenta nalika aku sisih kaya karo dheweke. Gragap, aku kepingin ngajak omong, ning ? adhuh, awakku tak brukke maneh ning kasur, denea aku kelepyan. Srawung raket sedina sewengi kok nganti lali aku ora takon alamat omahe, nomer tilpun lan HPne. Oh aku pancen wingi wuru tenan, kedanan marang sigit, alusing bebuden lan tindak tanduke sing sarwa mranani. Jumeling uga welige, yen aku dikon bali neng dalan sing bener. Atiku ndak selehake ben wening, sawise aku ndedonga, muga-muga Gusti paring pitulungan lan pitutuh ben aku bisa bali lan mentas saka papan sing Jember iki. Sawise aku dandan siap arep cek out saka hotel iki, aku gumremeng dhewe :

?Mas Har, welingmu bakal ndak estokake, aku bakal mbudidaya mentas saka lendhuting kadurakan iki. Tas ndak cangklong, aku banjur metu ninggalake kamar hotel. Kanthi nggawa sangu sapletik kekarepanku sing luhur, bali neng dalan sing bener.

?TAMAT?

Crita Mas Giman punika fakta. Pangakenipun satunggaling WTS ingkang kepingin wangsul ing margi ingkang leres, hasil survey dhateng Complek WTS ngeteraken wartawan-wartawan mudha (Punika mboten dipun waos ing ngajeng corong, cekap kagem pangertosan).

?

Crita punika kula aturaken dhateng kadang mitra sutresna siaran lelangen sedaya kemawon, kanthi atur : sugeng midhangetaken lan mangkeh sugeng sare.?

?

Nini Klenyem

?

?

?

?

?

?

?

?

?

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

One Response to Isih Ana Sapletik Kekarepan Luhur

  1. MaiDavissonm says:

    I see your website needs some unique content. Writing manually is time consuming, but there is solution for this.
    Just search for – Masquro’s strategies

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>