Duwe Adeg-adeg

Pak Widakdo mono priyayi sing senajan dhuwur pangkat kalenggahane, ning ing masyarakat sugenge banget prasaja. Srawunge karo sapa wae supel ora mbedak-mbedake. Sapa wong ora ngerti karo Pak Widakdo, sing dening Bapak Bupati pinercaya ngasta proyek ngendi-endi. Mangka akeh pemborong sing wis wani terang-terangan nyaosi mobil mewah waton dimenangke lotre kopyokan tendher kanggo proyek daerah sing lagi dirancang. Ning tibake proyek mau dipasrahake Pak Dakdo, sing didhawuhi mbentuk panitya wong-wong sing bakal ngurusi proyek mau nganti rampung. Ngendikane Pak Bupati, ?Dhuwit Negara kudu dicakake sing sa becik-becike. Adiministrasi aja mung hitam di atas putih (neng cathetan thok), ning kudu ditanjakake sing bener lan migunani.? Pak Bupati anyar kuwi ketoke cocok karo kekarepane rakyat, muga wae ora malih. Dene Pak Dakdo sing pinasrahan ya njur milih wong-wong sing kena dipercaya dijak nyambut gawe ing proek calon kantor gedhung D.P.R.D kuwi. Pemborong sing maune wis katon kaya saingan rebutan tender, saiki mung bisa ngelus dhadha. Pancen, wong mono yen kebangeten gegedhen pangangkah (ngarah bathi akeh), yen ora keturutan gelane kepati.

Pak Widakdo priyayine banget prasaja, daleme ya mung lumrah, putra-putrane yen sekolah cukup ngebis, ora ana sing dicekeli pit motor. Panjenengane yen kala-kala tindakan sekaliyan ya mung goncengan motor weton Jepang tahun sangang puluh sing isih kincling merga kerumat becik. Mobil dinas ya ana, ning yen ora keperluan dinas, Pak Dakdo ora nate kersa ngagem. Anggone ndhidhik putra-putrane ora mung kandheg ing embung utawa pangandikan, ning uga conto-conto ing saben ndinane ing ndalem. Urip prasaja lan tindak jujur tansah ditanemake ing putra-putrane. Dhasar bapak mono suhing kulawarga, lan ya sing tansah disemak lan tinulat ing para putra. Mula andhap-asor, kaprasajan lan kewicaksanan tansah diagem lan dicakake ing sabarang panindak.

Mulane ya ora mokal yen putrane Pak Dakdo sing cacahe telu iku padha dadi pangalembana dening masyarakat kono. Dhasar bocahe padha pinter, mbangun turut ing wong tuwa, tur pinter baur karo masyarakat lan tangga teparo. Pak Dakdo iku eringe rak karo garwane. Senajan wis dadi garwane selawenan tahun ning durung pama tenan karo watake kakunge. Janji bubar tindak jagong apa arisan neng nggone anak buahe sing kakung, tekan ndalem mesthi ngambek lan mothah. Karo kakunge apa-apa sengal sengol, ulate bening wong neng njamban, ndadekake judhege Pak Dakdo. Nek swasana sepi, putrane ana kegiatan neng njaba utawa lagi padha sinau, Pak Dakdo nyedhaki garwane karo takon alon-alon : ?Bune, kowe ki ngapa ulatmu kok peteng wae?, apa-apa kok sajak ora kalegan. Mbok kandha wae, nek aku kleru mengko rak bisa menerke kleruku mau, waton mbok dumuk!?. Wangsulane Bu Dakdo njengek : ?Pancen, Pak sampeyan kuwi kleru banget. Sampeyan wong sing ora umum, ora kaya wong-wong liyane kuwi.? Tembunge kandheg, ning Pak Dakdo durung ngerti juntrung lan sing dikarepake garwane. Ngendikane sareh : ?Hla mbok ya terus terang ta bune, aku kuwi ben ngerti lereging gunemu.?

?Pakne, sing diparani disumbang wau rak anak buah sampeyan ta? Cobi ta, ing atase ming anak buah wae omahe kaya ngana. Iring ngomah garacene ana mobil meguk-meguk, bojone hariane gelang kalunge gedhe, anak-anake dha diyasakke motor, njur nek sampeyan??

?O bab kuwi ta bune. Hla piye, aku nek nampa bayar saka kantor kuwi wutuh. Selagi sing mbukak amplope wae kowe sakslruke. Kowe rakya bisa maca ta? Sing ngedum ngecakke ya kowe dhewe. Aku kuwi wis sa jujur-jujure hlo bune, kowe kok isih ora trima.?

?Ha enggih merga sampeyan lehe banget jujur niku Pakne, dadi kahanane awake dhewe nggih pancet kados ngeten niki terus. Sampeyan kuwi wong sing mblujur. Mangka yen wong nyawang kedudukan utawa pangkat, golongan lan eselon, sampeyan niku klebu wong sepuluh besar sak kabupaten, dhasar kapercayane Pak Bupati pisan.?

?Bu, kajen keringane wong iku ora gumantung ing omah gedhong, mobil mewah, lan gebyaring panganggon lan isen-isening omah, ning saka tumindak, tingkah laku lan bebuden sing becik.?

?Walah Pakne, niku nek sak niki mung kandheg teng unen-unen. Wong dha kandha ngoten, ning ndak sampeyan yakin sing dha ditindakke? Sa ngerti kula nggih namung sampeyan niku. Mangka kula ngerti nek sampeyan teng kantor kuwasa nyekel dhuwit rapat, dhuwit sidhang, dhuwit administrasi. Niku mesthi onten keturahane. Kenging napa ndadak di balekke barang?. Seje sing dhuwit proyek. Rak isa ta sampeyan nganggo sithik-sithik??

?Hla ya kaya ngono kuwi bu sing nyamari. Pakulinan enak kuwi sing njur numani utawa marahi tuman. Upamane saiki njupuk sithik, sesuk rong ithik, sukemben telung ithik, ngerti-ngerti gunggunge jutaan, yen ora malah milyaran. Mangka kuwi dudu dhuwite. Wah tumindak kaya ngono kuwi aku ora wani bu, tiwas ati ora tentrem tur jare ya marahi ora dadi daging.? Ngendikane Pak Dakdo sareh lan cetha.

?O ? ha enggih empun, Pakne, nek sampeyan mula mboteh gadhah kuwanen. Ha nggih empun begja kula, bawahane wae bojone dha mubra-mubru, atasane bojone cemima-cemimi. Tumpakane motor lawasan, gek omah lan prabotane kuna tua ketinggalan jaman.? Gremenge bu Dakdo kanthi ulat njegadul, nyebeli sing nyawang. Pak Dakda bisane mung ngelus dha-dha, batine sambat-sambat karo sing kuwasa muga tansah pinaringana sabar lan tabah. Senajan saben dina sasat krungu sambate sing putri anggone kalah banget karo staf-staf anak buahe kakunge, ning atine Pak Dakdo tetap emoh yen dikon slimpat-slimpet, nyeler kana, nyaut kene, gedhene korupsi. Dongane manther ora kendhat sing ndayani imane dadi kuwat. Kabeh peparinge sing kuwasa sing tinampa disyukuri kanthi sawutuhing ati. Nek saiki kurang, mesthi ne suk rakya diparingi turah jer anggone makarya linambaran temen lan tuwajuh.

Kanggo ngawekani ben sing putri ora kumat-kumatan sewote yen weruh kasugihane anak buahe, yen ana undhangan tibakke kantor, ora tau digawa mulih. Cukup nyumbang tindak dhewe, milih yen jam kantor, dadi bisa njur pamit mulih kanthi alasan ninggal gaweyan kantor sing isih kudu dirampungake. Winarto putrane Pak Dakdo sing mbarep sing saiki wis klas III S.M.A. kanca-kancane akeh sing padha ngojok-ojoki Narto supaya nyuwun pit motor, awit kanca-kancane phada ngerti kedhudhukane bapakne. Ning Narto dhewe sejatine ora wani matur, awit bapake ya ora neka-neka sing dipundhut lan diagem. Kabeh prasaja kaya sabene. Ya kuwi mau, selagi ngagem mobil dhinas wae yen pancen ora tugas ya trima nitih motor lawase kuwi. Narto nganti risi padha dienyek kancane, mangka dheweke ya ora tau sing jeneng nunut mbonceng utawa njaluk diterake. Ngrumangsani anggone ora bisa gentenan. Kepekaan sing ditanamkan bapake ing atine putra-putrane dadi tenan. Wiwit S.M.P yen sekolah ngebis tekan saiki wis klas telu S.M.A a tetap ngebis. Jatah sangu telung ewu saka ibune iku, ya mung muklis kalong rong ewu nggo ngebis menyang mulih, sing sewu disinggahke. Ing sawiji dina, Winardi adhine mara-mara kandha ngene : ?Mas Narto, telung ndina maneh kowe kuwi rak ulang tahun ta??, mbok sepisan-pisan matur ibu apa bapak nyuwun diulang tahuni. Ngundang kancamu ora ketang bocah sepuluh apa pira?? Usule Nardi adhine sing neng S.M.P. kuwi. Narto maune mung meneng wae, ning bareng wis dipikir-pikir njur mangsuli : ?Iya, Di, ning tulung mbok kowe wae sing matur bapak apa ibu, suk gentenan, nek kowe sing ulang tahun genten aku sing ngelingke lan matur karo bapak ibu.?

?Yoh wis, mas, mengko aku tak matur nek bapak dhong lenggahan kae.? Tenan, ing wayah sore nalika bapake lagi ngunjuk teh nasgithel kaya adate, Winardi nyedhaki bapakne njur matur : ?Pak, tigang dinten malih, mas Narto rak ulang tahun ingkang kaping wolulas, kula kapurih matur bapak, menawi mas Narto kepingin ngundang kanca-kancanipun.? Ature Nardi ngarah-arah. Mireng aturi Nardi bapake manthuk-manthuk karo gumujeng njur ngendika : ?Ya becik kuwi le, napa kamasmu kok ora matur dhewe??. ?Mbok menawi ajrih, Pak, mergi kula lan mas Narto rak tansah mireng panalangsanipun ibu.? Ature Nardi semu wadul. ?Wis, le, pangresahe ibumu aja mbok pikir. Kabeh apa sing ana, ya kuwi peparinge Gusti sing wajib disyukuri. Ibumu isih wae kepingin gebyar kasugihan kaya dene sing diduweni anak-anak buahku. Ning piye ta Le, wong nyatane kekuwatane bapak ya mung iki. Mula ya Le Nardi, kondhoa karo masmu Narto, bapak saguh nampa tekane kanca-kancane masmu, ning ya mung sederhana. Syukur bage masmu gelem ngaturi guru wali klase ben tepung karo bapak. Takona pisan pira kanca sing arep diundang, perlune aku bisa renbugan karo ibumu.?

?Inggih, Pak,? ature Narto bungah njur lunga nggoleki kamase. Saungkure Nardi, Pak Dakdo nemoni sing putri lagi lelempit kumbahan banjur didangu : ?Bu, Narto wis matur pa yen nyuwun diulang tahuni?, ngendikane alon. ?Dereng, hla sampeyan pripun saguh mboten golek dhuwit ngge ulang tahune anake ??. ?Ya saguh ta Bune, waton sederhana, yen ora dituruti rak ya mesakke Narto, wong ya kerep diundang kancane nggon ulang tahun kuwi.? Ngendikane Pak Dakdo sareh.

?Ya mangga wae, Pak, aku rak mung sederma ngecakke, waton sing umum.?

?Bune, angger-angger kowe kok kandha yen aku ora umum kuwi nggon endi ??

?We hla Pak, nek Bapak kuwi kersa lumrah kaya anak buah, mesthine uripe rak ora kaya ngene iki. Ing atase Kepala kantor, bos nggon proyek gedhe, kok karo anak buahe wae kalah.? Grenenge Bu Dakdo saben-saben mojokke garwane. Pak Dakdo mendel terus tindak. Muga-muga Pengeran paring rejeki mirunggan, lan mbikak atine garwane, ngono batine. Sidane ulang tahune Narto regeng, gayeng, senajan prasaja ning semu wa lan kabeh marem. Narto entuk kadho werna-werna saka kancane. Ana buku, tas, sepatu, baju, H.P, lan akeh makanan kalengan. Ing antarane kadho sing dibukak, njeron H.P. iku ana voucher undian. Sawise tutug olehe ngiling-ilingi gage voucher iku ditulisi nama komplit (identitas dhiri) sarta nomer tilpune pisan. Sawise rampung banjur dikirim menyang kantor pusat perusahaan HP kasebut. Bab mau dening Narto mung disidhem wae ora kandha karo sapa-sapa kejaba bapak ibune. Pak Dakdo nanggapi ature Narto mau banjur ngendika : ?Nek kowe arep meneng wae kuwi wis bener, hiya nek tenan. Merga jaman saiki mono akeh wong sing pinter apus-apus, jare entuk hadhiyah iki ? kuwi, ning syarate kudu ngirim dhuwit dhisik sing gunggunge ngarani akeh. Kowe wis bener Le, ngirimke identitas dhiri marang sing kawogan (kantor pusate). Sabanjure awake dhewe keri nunggu, ning rasah dipikir mundhak ngebot-boti nalar.? Narto manthuk-manthuk mundhi ngendikane bapakne. Nuli ature : ?Inggih kok, Pak, kabegjan lan alangan punika mboten saget dipun suwun lan mboten saget dipun selaki. Pak Dakdo mesem mireng ature putrane, ketok yen pikirane wis wiwit diwasa. Let setengah sasi karo hari ulang tahune Naryo, nalika bali saka sekolah, pas rampung ganti pakeyan, tilpun ngomah muni : ?Halo, ya benar ini Sunarto, ini dari mana ?? embuh swara saka adoh kana sateruse, ning bubar iku Narto ganti mangsuli. ?Wah, Pak, kalau benar, saya merasa bahagia sekali, tetapi uang sejumlah yang bapak sebutkan, saya tidak punya. Baiklah saya musyawarah dulu dengan orang tua saya.? Tilpun durung diselehke, sajake saka adoh kana isih among akeh. Mung bakdo kuwi Narto nanjih : ?Di surat kabar ?Bahagia? yang terbit besok hari Senin, Pak? Oh ? ya ? ya?trima kasih.? Bubar nyelehke tilpun, Narto katon bigar polatane, eseme katon tansah sinungging. Kaya padatan wayah sore nalikane padha ngunjuk teh bebarengan, Narto matur : ?Pak, Bu, kadosipun kula menangaken undian kala emben punika, margi kala wau siang kula dipun tilpun saking kantor pusat H.P. menawi kula ingkang angsal hadhiyah utama arupi mobil mewah kanthi syarat kedah mbayar rumiyin arta seket yuta.?

?Wadhuh disaguhi wae, Le, kuwi mobil mewah hlo.? Bu Dakdo nyaut gunem.

?Olehmu semaur piye Le??, pandangune Pak Dakdo sareh.

?Kula criyos, Pak, menawi kula mboten gadhah arta, ning kula badhe matur tiang sepuh.? Narto ngaturke wangsulane. ?Kuwi wis bener, Le,? ngendikane Pak Dakdo. ?Saking kantor mrika Pak, kapurih maos surat kabar ?Bahagia? ingkang terbit dinten Senen mbenjang, Pak,? ature Narto sabanjure.

?O yen ngono, kuwi tenan Le, merga dimot neng surat kabar,? ngendikane Pak Dakdo.

?Wis dijupuk mobil wae Le, ben awake dhewe ora kalah banget karo bawahane bapakmu? usule Bu Dakdo.

?Kula namung badhe ndherek bapak kok, bu, mangga kados pundi kersanipun.? Mireng wangsulane Narto, bu Dakdo mak kendhelong. Jebul putrane kabeh watake kaya bapake, lugu, jujur, prasaja. Dina Senen, kundur saka kantor Pak Dakdo ngasta surat kabar loro. Siji ngemot jenenge Narto sing menangke hadhiya utama, sijine ngemot anak buahe Pak Dakdo sing konangan nylingkerake dhuwit kantor lan proyek sing gunggunge atusan yuta. Cetha fotone uga dipacak. Saiki omah, pekarangan lan isine kabeh disita, dene wonge nginep neng kantor polisi. Nalika Bu Dakdo maos, Pak Dakdo ngendika : ?Kowe seneng, bu, nek aku sugih ning wusanane ngono kuwi?, sapa sing nandhang?, rak ya anak bojo. Mula wong mono aja penginan, bu, ning kudu eling kekuwatan, lan ben ora kotat-katut ombyake jaman, wong mono kudu duwe adeg-adeg (menterenge prinsip urip).

Dingendikani ngono mau Bu Dakdo kendel wae, mung ing pardoning tingele aton banyu bening netes ing pipine.

?

?TAMAT?

?

Crita punika kula aturaken para pepundhen, sesepuh, kadang mitra, putra wayah saha sedaya sutresna lelangen ing radio Swara Kanca Tani.

?

Nuwun.

Kula Nini Klenyem.

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>