Diwales

?


Mbok Kariyo mono wong sing ubet golek pangan. Wiwit isih prawan apa-apa sing di bakul mesthi dadi. Eling-eling mbokne biyen olehe ngajari mbok Kromo nggendhong tenggok wiwit isih iyik-iyik.

Adhang-adhang neng ndalan ana janganan, gedhang, kambil dituku, banjur digawa neng pasar, didol maneh di golekake bathi. Sekolahe mung tekan S.D, wong dhasare ya anake wong ora nduwe, arep kanggo apa sekolah dhuwur ?, ngono panemune mbokne biyen.

Tekan saiki merga keuletane, mbok Kromo uripe cukup. Bukak warung kebutuhane wong urip sadina-dina. Kejaba sing saiki padha disebut sembako, mbok Kromo ya ngedhep sabun, rokok, balsem, obat nyamuk. Pokoke sithik-sithik pepak.

Dene bojone ya pak Kromo, wiwit jaka bukak bingkil sepedha, tambal ban ing ngisor wit waru. Entuk-entukane biyen lumayan. Anake mung siji wadon wis ana S.M.P. klas III, Sumiyati ngono jenenge.

Bocahe kaya mbokne, rigen, trampil tur lantip pikire, sekolahe lancar durung tau nunggak. Neng sekolahan tansah kanggo, nduwe tugas ing klase. Embuh ketua, embuh bendahara, embuh pengurus Osis, Sumiyati mumpuni.

Biyen, pak Kromo kuwi wong lugu, ning merga saka pengaruh jroning srawung, ngerti-ngerti kok njur seneng nglelithing jago. Malah njur ngingu jago bakalan adon-adon. Kejaba kuwi biyen ombyake wong main, pak Kromo ya njur wiwit ajar main. Dhisike mung cilik-cilikan, ning suwe-suwe ndadi nggathok lan kesenengan.

Mbok Kromo sajatine wis bola-bali ngelokke, ning ora di gubris, malah wangsulane sengak nglarakake ati :

?Mbokmu !, dadi wong wadon mono mbok aja nyinyir, juweh. Toh main mono ya nganggo dhuwit-dhuwitku dhewe, ora njaluk lan ngrusuhi kowe.? Wangsulane sing wadon mapan :

?Ya bener Pakne, sampeyan ora njaluk dhuwitaku, ning endi kaya neng aku minangka bojo ?? Pak Kromo mangsuli waton golek menang :

?Lha apa gunane olehmu marung kuwi, yen isih ngincih dhuwite wong lanang??. Tinimbang rame mbok Kromo trimo meneng. Ning ya kuwi janji njupuk rokok neng ndhasaran, olehe nyawang mbok Kromo jan nanjakake, lha piye yen udute pak Kromo nglecis, prasasat entek nyambung. Njur piro bathine rokok ? Mula pak Kromo ya pinter, yen njupuk rokok nilapake bojone.

Senajan mbok Kromo ya ngerti, wong mesthi di etung. Gek jeneng mung warung cilik-cilikan, mula kulake ya mung winates. Kuwi dhek jaman semono nalika pit isih ana. Saiki sing numpak pit rak keri bocah cilik-cilik, nunggahe bocah S.D lan S.M.P. Mula pametune pak Kromo ya saya ora mbejaji.

Karo sing wadon blas… ora tau ngayani, ning ngrokok mangan ajeg, tur yen ora ana lawuhe njegadul ulate, nyebahi.

Mbok Kromo wis wegah sapa aruh tuwas mung dadi padu. Kanggo ngelingake bojone, yen wayahe mbayar S.P.P, Sumiyati diajani dikon njaluk bapakne. Piye wangsulane bapakne :

?Sum, apa kowe ki ya ora ngerti ta nek bapak kuwi arang-arang payon lehku mbingkil, merga saiki rak wis arang-arang wong ngingu sepedha, ning wis dha ngingu motor. Ha mbokya njaluk mbokmu kana, sing dagangane maprah-maprah.? Sumiyati isih mbegegek neng ngarepe bapakne karo mangsuli maton :

?Pak, simbok kuwi wis kanggo ngrembug kabeh wong saomah. Ya mangan, ya nyandhang lan kanggo praja, nyumbang, layat lan kalumprakan. Bapak ora mesakke ta, karo simbok ?? Wangsulane bapakne nyentak :

?Ais…… cah cilik kok crigis …… senenge kaya mbokmu ndamil mulang wong tuwa. Wis kana lunga …… Nek wis ra kuwat mbayar sekolah ya wis rasah sekolah? kandhane karo klepat lunga.

Mbok Kromo sing krungu anake di senthak-senthak bapakne, atine kelara-lara. Gage Sumiyati diparani, dikekep asih, karo tangane digegemi dhuwit kanggo mbayar S.P.P. tembunge aris :

?Wis kana nduk, gek ndang sarapan njur budhal sekolah mengko mundhak telat.? Sumiyati diuculi kelebane, bocahe banjur klentreng-klentreng nyaut tas terus budhal sekolah tanpa sarapan.

Mbok Kromo mung bisa nyawang karo ngelus dhadha. Atine judheg lan lara ngrasakke bojone sing wis kebablasen seneng ngabotohan.

Pak Kromo, rumangsa anggone mbingkil ora mesthi ngentukake dhuwit, mula njur ganti haluan. Rehne seneng jago, mula banjur tuku bakalan-bakalan jago bangkok diingu. Syukur dadi adon, orane yen wis di gedhekake payune mesthi larang. Akeh wong golek kanggo bibit (pejantan),

Ana ngomah pak Kromo kerepe mung ijen, awit bojo lan anake sing mesthi ana warung. Neng kana malah komplit, ana kamar kanggo ngaso, emplek-emplek mburi kanggo masak. Ngomah mung kanggo ulihan, reresik awak lan turu sawise tutup warung kira-kira jam sanga bengi.

Warung sing mung gandheng karo omah kuwi cukup dikunci, lan kala-kala di tilak-tiliki. Kunci di gembol mbok Kromo ora tau pisah.

Pak Kromo mono sejatine yen nrima ya tetep kopen, awit mbok Kromo senajan ora tau di blanja bojone, anggone leladi ya di men-menke.

Meja makan ya mesthi ana pangan lan wedhang, camilan apa kesenengane bojone ya dicepaki, semono uga rokok …… ning ya mung dipas-pas wae.

Pak Kromo saploke nyentak-nyentak si Sumi kae ya ora kendel mlebu warung, merga si Sumi ya kaya mbokne, mesthi di sawang lan di ulati sapari polahe bapakne. Lha piye, wong yen kesingse, senajan apa-apa wis dirembug, pak Kromo ya sok isih tegel nggrayahi dhuwit neng kothak warung oleh-olehane dodolan, si Sum sing kerep banget weruh.

Ngono mau yen mengko bengine ana jagongan, mesti diampiri pak Klowor tanggane, sing seneng nggolekke mungsuh main.

Sumiyati ya tansah wadul mbokne, yen bapakne njupuki dhuwit utawa rokok sing kira-kira luwih olehe nggunakake. Dheweke mesakke mbokne yen nganti ora bisa kekulak merga dirusuhi bapakne. Mangka kabeh kebutuhane,wong tuwane wadon sing mbudi daya nyukupi.

Pak Kromo saya ngawur, yen diampiri main mangka ora duwe dhuwit, apa sing katon neng ngomah di cangking di gadhekake, tekade yen menang ditebus maneh. Ya ngene iki wong kuwi yen wis nggathok main.

Yen ora nyekel kertu seminggu wae rasa tangane wis gatel.

Kaya sesuk malem Minggu kuwi, pak Rahmad, tangga wetan omahe bubaran bayen, mangka pak Kromo oleh undhangan jagong. Nek bojone wis cetha yen nyumbang, lha mengko nek neng jagongan ana kalangan, njur apa sing arep di anggo sangu ngudang kertu, nek nampa tatangan ? gek mangka ndhil picek wae pak Kromo ora gableg. Barang mbejaji sing neng ngomah wis ora ana sing bisa digawa. Ya isih duwe mas-masan kalung lan ali-ali, ning rak di enggo bojone wong ya le tuku dhewe.

Pak Kromo lungguh lincak neng ngarepan thenger-thenger kejudhegan.

Rekane arep mlebu kamar, turon. Ning ora ngerti yen Sumi wis bali, katitik kamare lawange menga sithik. Pak Kromo ngungak … kaget lan gumun dene Sumi lagi ngetung dhuwit puluhan ewon sagebok.

Pak Kromo gage bali semu jinjit tumuju kamare banjur turon. Batine, gek kuwi dhuwite sapa ? Ati rasane kepingin banget nembung utang utawa nylih, ora ketang telung puluh ewu, ning yen eling ditembungi dhuwit nggo mbayar S.P.P wae ora metu, atine dadi mengkeret lan wedi. Sidane ora wani nembung.

Apa maneh Sumiyati saiki yen omong wis kaya wong diwasa, maton lan nyata, persis mbokne. Neng peturon pak Kromo kethap-kethip ngulir budi, piye bisane entuk dhuwit.

Wayah esuk, mbok Kromo wis budhal neng pasar kekulak, Sumi wis katon adus lan sarapan, tas wis digadhulake ana setang sepeda siap budhal sekolah. Bapakne saka njero ngundang karo nyedhak :

?Sum, bapak jupukna rokok dhisik neng warung !?

?Wah bapak kuwi, mbok ya njupuk dhewe kaya adate ngapa ?, aku wis awan, Pak.?

?Emoh jupukna !, mengko mundhak diarani ndobel olehku njupuk.? Kanthi polatan peteng, Sumi sing wis nuntun sapedha, gage nyendhekake ing wit kates ngarepan, terus nguncluk tumuju warung.

Sak ungkure Sumi, gage pak Kromo nyedhaki sepedha sing di sendhekake. Tangan nggrayahi tas sing ana setang, ngrenjel tangane nemu barang kandel ing amplop dijupuk banjur disak, gage mlebu ngomah karo nyandhak sapu terus nyapu jogan. Let sedhela keprugu Sumi mlayu-mlayu undang-undang bapakne, kandhane :

?Gilo pak, rokoke,? Pak Kromo metu neng lawang nampani rokok sing di ulungake anake. Sawise iku Sumi marani sepedha. Di cengklak terus nggeblas mangkat sekolah.

Pak Kromo rumangsa lega. Dhuwit ing sak di wetokake, terus di etung ana rong atus seket ewu rupiyah. Lowung kena kanggo sangu njagong, ngono batine. Esuk kuwi mbok Kromo olehe kekulak nganti rada awan merga ngepasi dina pasaran, dadi akeh barengane bakul-bakul sing padha kekulak. Tekan ngomah, sawise nata dagangan ing warung mbok Kromo nyepaki oleh-oleh kanggo sing lanang.

Sega gudhangan karemane bojone kanggo sarapan, kripik lan lapis. Sawise di tinggal neng warung, pak Kromo ngethamul anggone mangan. Lagi wae warung dibukak, wis ilir tangga teparo sing padha teka blanja, gawe bungah atine mbok Kromo.

Kira-kira jam sepuluh, Sumi wis mulih, langsung mlebu kamare ngolak-alik buku tumpukan ing meja, bantal, kemul lan lemari sandhangan diobrak-abrik.

Weruh anake mulih, mbok Kromo nututi, denea neng kamar Sumi sewot karo ngobrak-abrik buku. Pitakoe mbok Kromo :

Ngapa ndhuk, yah mene kok wis bali ?? Wangsulane Sumi : groyok ketara yen arep nangis :

?Mbok, dhuwit buku sekolahan sing tak gawa ilang.?

?Ha ?? Mbokne kaget njur nanjih:

?Ilang piye, ndhuk.? Wingi mbok seleh neng ngendi ?

?Elingku mau esuk ya wis tak lebokke ngetas, ning tekan sekolahan arep tak setorke kok ora ana. Mangka kanca-kanca mau, ngarepe ngaso ya wis di gledhah karo pak guru ning ora ditemokke.

Kandha ngono Sumi ngebrukke awake neng dhipan karo pecah tangise. Kandhane pedhot-pedhot?

?Mbok, pak guru ngendika, yen dhuwit durung (ora) ketemu aku ora kepareng mlebu sekolah.?

?Oh … oh … mengko sik ndhuk, tak kandha bapakmu. Mbok Kromo nggoleki sing lanang lagi neng kebon dicelukake:

?Pakne renea !? Pak Kromo nyedhak sajak kalem kandhane:

?Kon ngapa mbokmu ??

?Sampeyan ngerti dhuwite anake pak?, e……. mbok menawa tiba sampeyan openi??

?Dhuwit apa ?, aku ki ora weruh lan ya ora ngerti.? Wangsulane pak Kromo

?Mangka kuwi dhuwit sekolahan pakne, dhuwite bocah-bocah arep kanggo tuku buku bahan ujian, sing gunggunge ana rong atus seket ewu.?

?Jeneh kok ndadak nggawake dhuwite kancane barang.? Pak Kromo nutuh semu nyalahake anake.?

?Witikna karang anakmu neng sekolahan dadi bendahara kok ya pakne. Ngono mau nandhakake, yen anakmu kuwi jujur, njur di percaya nyekel dhuwit.? Pak Kromo meneng wae sajak ora mikir, sing saya nambahi atine sing wadon dadi mundhak gregeten. Nuli kandhane :

?Mangko jarene anakmu, pakne, nek Sumi durung nggawa (setor) dhuwit sing gunggunge semono kuwi neng gurune, Sumi ora etuk mlebu sekolah. Piye pakne ?? Pak Kromo mangsuli ngglayem :

?Ha piye ?, aku dhuwit saka ngendi ?

?Ha ya embuh !? wangsulane mbok Kromo santak.

?Kowe kuwi pakne, leren lehmu mbingkil merga ra payu, nganti ngingu pitik, angger gedhe di dol, neng ngendi dhite, aku kok ora tau weruh, anakmu njaluk dhuwit S.P.P wae kelakon ora metu malah mbok sentak-sentak. Neng ngendi tanggung jawabmu dadi bapak ?, dadi kepala keluarga sing kudune ngayomi ngayani …. ngrembug ? Mangka kabeh kebutuhamu tak cukupi …… tak ladeni.? Pak Kromo dadi panas atine di undhamana bojone. Kanggo ngetokke kemenangane dadi wong lanang kandhane sero lan kasar :

?Meneng !? Wis pokoke aku ora isa golek dhuwit semono. Kowe sing bakul pinter golek dhuwit, tutupen dhuwit sing di ilangke anakmu kuwi !?

?Wis … wis … kowe ora bisa tenan, pakne ??

?Rak … , mangsa bodhoa caramu.?

?Yoh yen ngono, dhuwit sing ilang tak ijolane … , kowe wis pasrah embuh caraku.? Kandha ngono mbok Kromo marani anake neng kamar karo kandha lirih :

?Wis ndhuk, rasah susah, sesuk tak golekke ijole.? Sumi nicil ayem krungu kandhane mbokne mau, senajan ing atine ana rasa welas lan mesakke marang wong tuwane wadon mau.

Tenan, isih sore pak Kromo wis diampiri Klowor, sing kandha jare wong-wong sing biasane gawe kalangan wis padha teka. Pak Kromo cekat-ceket dandan, wong loro bajur budhal.

Nalika pak Kromo metu, mbok Kromo gage ngancing lawang karo grobyagan, diketokake yen atine ora keduga. Pak Kromo ora nggubris, terus wae ngleler lunga.

Sajake kertune urip, wis jam telu esuk dhuwit sing disingidake ing sak surjan wis motol-motol kebak. Atine mbedhedheg, semangate makantar-kantar.

Ning tan kocapa bareng ngarepake gagat rahina, kertune klipuk terus. Bola-bali dhuwit sing ana sak bali metu nganti tipis. Atine wiwit kebrengas lan panas, nambahi pandelenge nyawang kertu dadi kuwur. Gek dhuwit pawitan wis entek, semono uga entuke kemenangan, sake wis bali kothong.

Pak Mitro sing menang ngguya-ngguyu nambahi panas atine pak Kromo. Nuli kandhane :

?Pak Mitra, aku nyebrak dhuwitmu pitung puluh lima ewu, tak nggone nutut kekalahanku.? Wangsulane pak Mitro sinis:

?Lha borege apa ??

?Wis ta, nek ora isa mbalekke, sesuk-esuk saka kene jago bangkokku gawanen!?

?Tenan lho ya.? Kandha ngono karo mbukak slepen ngetokke dhuwit di ulungake pak Kromo.

Nganti jam sepuluh awan mainan durung bubar, malah kertune pak Kromo katone arep urip maneh.

Esuk kuwi mbok Kromo bingung tenan olehe arep nggolekke dhuwit anake supaya wani mlebu sekolah. Senajan di slamur karo nyapu latar ning ya kepikiran terus. Saka pojok dalan kledhang-kledhang Pak Lurah sepuh (mantan) liwat ngarepe, karo ndangu:

?Bapakne neng ngendi mbok Kromo, nek kowe nyapu kuwi apa budhalmu neng pasar ora kawanan??

?O Pak Lurah, bapakne niku lehe njagong dereng mantuk, mangka anake niku mbetahaken arta ngge ngijoli arta sekolahan sing diilangake, niki dereng kecepeng.? Mireng ature mbok Kromo, Pak Lurah mandheg ndangu :

?Apa bojomu kuwi seprene ya isih main ta mbok Kromo ??

?Wo… Pak Lurah angger gadhah arta tur wonten jagoan, bapakne mesthi kiprah. Mbok Kromo banjur crita, bab anggone bakal ngijoli dhuwit sekolahan sing diilangake anake. Merga yen ora ngijoli anake ora oleh lan ora wani mlebu sekolah. Pak Lurah gedheg-gedheg karo ngendika:

?Mbok Kromo, sekolah kuwi penting kanggo masa dhepane anakmu, ya saiki apa sing krasa dhisik digolekake dhuwit. Dene yen mung barang utawa klangenan, mengko yen duwe dhuwit rak bisa tuku maneh.? Wangulane mbok Kromo:

?Inggih Pak Lurah, kula manahe, pundi sing kirang penting, ning gampil dipadoske arta.? Pak Lurah neruske tindake, dene mbok Kromo njur lungguh karo mikir-mikir.

Dumadakan njur mesem karo ngadeg. Mlebu nggudang weruh kiso njur dijupuk, terus neng kandhang pitik mburi pawon. Kurungan jago bangkok dibukak, jagone di cekel banjur dilebokake kiso. Bubar iku kurungan sijine uga ngono. Gandheng kisone mung nduwe siji, mula jago sijine sikile ditaleni dadi siji bajur di kempit. Bubar kuwi mbok Kromo kandha anake:

?Sum warunge ditunggu, aku tak lunga sedhela.?

?Yoh mbok,? wangsulane Sumi ora gingetke mbokne, ketungkul maca majalah. Ora suwe mbokne wis bali, karo nyedhaki anake kandha :

?Sum ! kana menyang sekolahan mumpung iki durung jam sewelas, iki ijole dhuwit sing mbok ilangke wis ana. Karo butuhmu apa sisan kuwi beresana !?

Anu mbok, wingi olehe mbayar rak lagi sesasi, mangka kekurangane telung sasi. Tur aku ya dhurung pasok sing kanggo tuku buku kuwi.?

?Nek kowe tak wenehi dhuwit telung atus ewu kanggo ngijoli, lan nglunasi kabeh kekurangane kuwi, cukup ora ndhuk??

?O… cukup mbok.? Wangsulane Sumi bungah. Sawise Sumi nampani dhuwit, gage ngetokke sepedha terus bablas neng sekolahan, atine bungah banget.

Kira-kira jam rolas awan, pak Kromo mulih saka njagong ditutke pak Mitro mungsuhe main. Wong loro runtung-runtung njujug neng kandhang pitik.

Iba kagete pak Kromo, bareng weruh kurungan loro sing isi jago bangkok wis suwung. Kusung-kusung neng warung takon bojone:

?Mbokmu ! neng ngendi jago bangkok sing neng kurungan ??

?Mau esuk wis tak gowa neng nggone babah Holiang pakne, tak dol payu patang atus ewu. Dhuwite wis digawa anakmu neng sekolahan kanggo ijol dhuwit sing ilang, uga nglunasi S.P.P sing rong sasi, sisane nggo tuku buku.?

?Atine pak Kromo muntap, kandhane sereng:

?Lho … kowe kok lancang, mbokmu ??

?Ya ora lancang ngono pakne, kowe rak akon ta,? ya kono mangsa bodhoa caramu.

?Caraku ya ngene iki. Penting sekolahe pakne, nek mung karo jago klangenan.? Kandhane mbok Kromo ora kalah sero.

Pak Kromo rumangsa salah lan kalah mapan, bojone pancen bener. Sidane utange karo pak Mitra neng kalangan, disauri jago adon-adon sing sejatine dieman-eman. Karo mlebu ngomah kukur-kukur sirah sing ora gatel, pak Kromo grenengan ijen: ?Wah jebulane kanthi alus aku diwales.?

————– / —————

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>