Sampur Abang

?

Bengi kuwi, sawise rampung tugase nari mbukak kerameyan pahargyan penganten kanthi ngibarake keluwesane joged gambyong Parianom, Ana terus ngleler mulih.

Sing dipamiti mesthi wae sing duwe omah, lan sawetara kanca sing weruh lungane. Awake rumangsa lungkrah banget, wong nyatane wis sepasar dhur-dhuran pentas terus.

Sawise cucul lan ganti pakeyan, Ana terus ngebrukke awake ing dhipan lumah-lumah. Mau nalika mlebu, ngungak kamare dhe Setro rewange wis katon pules turune. Pengine mono njur arep turu … ning kok malah nyut … kelingan bojone sing ditugasake neng Sulawesi nyirep rerusuh.

Isih dumeling welinge bojone nalika budhal biyen ngene :

?Dhik Ana, saungkurku, sing ngati-ati lehmu momong Eka. Senajan ana dhe Setro, ning kowe aja kamitegan. Kena wae kowe manggung yen ana sedulur sing ngersakake, ning kudu nonton sikon ngomah, piye anakmu?, kena mbok tinggal apa ora. Yen kena ya mangga, ning ye rada rewel, aja nganti mbok tinggal?.

Dhek semana, Ana ya rumangsa saguh ngestokke welinge bojone kanthi tandhesing ati, wong nyatane Ekawati ya anake wadon sing lagi siji kuwi, wohing katresnan anggone padha mbangun brayat sing wis telung taun suwene.

Biyen mono Prasetyo ya bojone kuwi kanca kuliah, padha dene ana ISI mung jurusane sing beda. Ana njupuk tari, dene Prasetyo njupuk lukis.

Ning ya embuh, apa merga turun swargi bapake, lulus ISI ndaftarke tentara kok klebu. Dhasare wiwit SMP Prasetyo jago olah raga, sasat kabeh bisa lan ya nguwasani.

Dene Ana semono uga, wiwit cilik wis ketok bakate nari. Mula ora nggumunake, rampung ISI lan sawise nikah bojone nglilani nampa job, larise kaya pisang goreng.

Pendhak seminggu seminggune mesthi pentas, malah kerep wae neng liya kutha. Job ora ditampa dhewe, ning njaluk tetimbangan bojone.

Yen Prasetyo ngidini ya mangkat, yen ora, Ana ya ora gela, jer kekarone wis padha aprasetyo, yen arep padha njaga wutuhe bale wisma. Wong nyatane Prasetyo ya sawijining aparat negara. Perkara njoget mono rak mung nuruti panggilan jiwa sing wis mbalung sungsum.

Mulane Prasetyo ya tansah ndhukung. Wis limang sasi ditinggal tugas, Ana wis biasa ana ngomah dikancani dhe Setro karo anake. Eka wis kelet banget karo rewange.

Mula yen ana tanggapan, atine seneng ya mesthi disaguhi. Apa maneh yen sing ngundang wis ninggali DP tur isih nyaguhi pethukan, Ana njur semrinthil wae. Kerep wae yen payon ngedhur, dhe Setro sok ngelingake, ning kerepe arang digubris. Senajan yen awan sidane ya mung turu terus ngasokke awak. Eka sasat wis ora pati entuk kawigaten saka ibune nggon momong lan gegojegan, senajan kabeh kebutuhan dicukupi.

Olehe eling karo anake mung yen lagi nampa kiriman dhuwit saka bojone ing pendhak sasine. Ya ing wektu-wektu kuwi pisan pindho mbalak tanggapan, nglegakke guyon lan gojeg karo anakke.

Ning janji mengko entuk tanggapan neng luwar kota, tur pira olehe aba terus diturut, Ana wis mbungahi maneh.

Keri-keri iki, Ana diundang sawijining priyayi luhur ing tlatah Sala, jare syukuran, putrane wis rampung sekolahe ing luwar negri.

Wektu kuwi nganakake pagelaran kethoprak kanthi njupuk lakon ?Tumenggung Wiroguno?.

Nalika pentas neng ndhuwur panggung, Ana pancen ngedab-edabi, senajan sing diundang kabeh wis pemain senior. Kaya dene lakon sing digelar, Rara Mendut sing diperanke Ana, akeh wong kang gawok lan kepencut.

Klebu putra mbarepe sing kagungan kersa ya mas Gunarso, priyayine dhegus, gedhe tur bagus. Anggone nyawang Ana samudhune panggung (ana Krobongan) tansah mleleng kaya bandeng ora kedhep-kedhep.

Ing atine Ana uga krasa, denea wong kuwi tansah nyawang sapari polahe? Yen Ana ngemenke genti nyawang, wong mau banjur ngajak mesem.

Oh … atine Ana dadi nyas-nyasan. Rasane kok njur kaya biyen nalika isih prawan ketemu jaka, genea ?

Kethoprak bubar, kabeh penonton padha marem. Ing atine para pamirsa kepingin weruh maneh citrane putri sing dadi Rara Mendut. Mangka nalika ing adegan main mau, Gunarso wis tanpa wilangan anggone njepreti Rara Mendut, jare kanggo dokumentasi. Sawise nampa amplop lan pamit, Ana metu njaba marani mobil sing kanggo mapak wingi.

Lha dalah … saiki sopire kok ganti wong dhegus kuwi. Ana isih meneng ngadeg nggejejer, ojoa wong mau kandha :

?Mangga, kula kok Jeng ingkang ndherekaken kundur?. Gragap … Ana semu kaget. Wong mau gage nylingker ngengakke lawang sisih ngarep jejer sopir.

?Mangga Jeng lenggah?. Ana njur mlebu lungguh jejer sang sopir. Mobil dleser-dleser metu saka dalem gedhe magrong-magrong mau tumuju dalan gedhe. Bareng wis sawetara, sopir bagus mau takon :

?Asma wetahipun sinten, Jeng??

?Kula Ana Sarwendah, mas?.

?Wah cocok kaliyan priyantunipun, Jeng, dhasar endah … milangoni. Damel resep sok sintena ingkang mirsani?. Tembunge sopir ngalembana.

?Kula Gunarso Jeng, putra mbajengipun Romo Haryonegoro ingkang kagungan kersa menika. Dene ingkang dipun syukuri adhi kula pun Guntarto, ingkang nembe mantuk saking njawi rangkah?.

?O … ngaten ta mas?. Ana waton wae ngedhongi.

?Panjenengan taksih kuliah punapa sampun ngasta, Jeng??

?O … pedamelan kula inggih namung ngaten punika, mas, nyowani priyantun ingkang sami ngersakaken. Kula punika sampun sepuh kok mas, sampun gadhah anak?.

?Ah punapa inggih, Jeng ?, kula wastani yen taksih kenya?.

?Wah mboten, mangkeh penjenengan rak pirsa menawi dumugi griya kula. Anak kula dipun emong rencang, ingkang sampun dangu tumut kula, dene semah kula tugas wonten Sulawesi sampun gangsal wulan punika?. Ana kandha jujur.

?Ingkang raka ngasta punapa, Jeng ??.

?Tentara, mas, ning taksih kroco kok? wangsulane Ana andhap asor.

?Wah begja keng raka, Jeng, saget nggarwa widadari. Wonten pundi rumiyin pinanggihipun??

?Wonten sekolahan mas, sami-sami wonten ISI.?

Oh … jebulane bener, mahasiswa tenan. Ngono batine Gunarso. Nalika mlebu Yogya, mobil mandheg ing sangarepe toko sing ngarepe ana tulisane : ?Toko Pepak Buat Oleh-oleh?. Gunarso mbukak lawang mobil karo kandha :

?Tengga sekedhap inggih, Jeng !?. Metu saka toko, tangan kiwa tengen nyangking tas kresek ngrenggiyek sajak isi oleh-oleh. Sawise dilebokake bagasi, mobil banjur mlaku maneh. Kutha wis kliwatan, mobil bablas ngulon. Tekan kulon Pingit ana dalan ngalor, minggak-minggok sedhela, Ana njur aba mandheg. Bareng mesin wis mati Gunarso takon :

?Punika kampung pundi, Jeng?.

?Ingkang sami mastani Pulo Bali, mas, taksih klebet Kricak, namun kalet-letan lepen. Mangga, mas mlebet nggriya, ning awon lho, tur reget?. Gunarso mlebu, dipethukke dhe Setro nggendhong Eka.

Ana gage nyandhak anake digendhong njur diarasi. Dhe Setro mlebu, let sedhela metu ngaturke unjukan teh lan nyamikan.

?Lha punika anak kula, mas, sak punika rak pitados ta??

Gunarso gage ngelus-elus sirahe bocah kuwi karo kandha :

?Wah ayune! Niki kados bapak napa ibu?? Dhe Setro sing lungguh ana sisihe Ana matur :

?Inggih kados bapak … inggih kados ibu, pakdhe? ngono olehe mbasakke Ekawati marang tamune. Sawise nyawang sakubenge kamar tamu kono, Gunarso banjur takon :

?Punika fotonipun sinten, Jeng??

?Inggih punika bapakipun lare, mas?. Wah ya gagah tur ngganteng. Ngono batine Gunarso.

Saiki Gunarso ora mung kepencut kasulistyane Ana, ning ayune atine, anggone jujur apa anane. Sak tleraman wis katon, yen bale wismane ayem tentrem. Saka sambang liringing netra, kedaling wicara, Ana dudu wong sing murahan lan gampangan. Mendah begja mulyaning atiku, yen aku bisa duwe sisihan kaya Ana iki. Jan komplit, ayu, jujur lan setya. Ngono batine Gunarso. Bareng wis sawetara anggone jagongan, Gunarso banjur pamit karo kandha :

?Menawi sawanci-wanci kula sowan mriki rak pareng ta, Jeng??

?Wah inggih sumangga mas, kula remen sanget?. Sadurunge mlebu sopiran, Gunarso mbukak bagasi mobil, ngetokke oleh-oleh sing dituku mau, diulungake dhe Setro karo kandha :

?O inggih … punika kagem keng putra, Jeng!?.

?Wah kok kathah sanget mas??

?Sampun kajengipun, Jeng?.

?Inggih matur sembah nuwun mas?. Saungkure tamune dhe Setro matur :

?Bu, tamunipun kok sae sanget inggih, tur tata kramanipun jangkep?.

?Karang kae ki putra priyayi luhur kok ya dhe?, ngono wangsulane Ana.

Bubar saka ngeterke Ana, Gunarso atine goreh. Mangan ora enak, lungguh ora jenak, citrane Ana tansah gawang-gawang ngalela ing padoning netra. Genea lagi saiki aku ketemu dheweke? Mangka wis duwe bojo … wis duwe anak … wis adoh banget upama tak gayuh. Tuna lupute aku malah bisa rame karo bojone. Ngono batine.

Ning nyatane, saya dilalekke kepara saya ngelam-lami lelewane. Nganti owah-owahane Gunarso kepirsan rama ibune.

Kekarone padha ngarih-arih, ning tetep … Gunarso ora blaka. Pepuntone, Gunarso neng nggone wong pinter njaluk mantra, supaya atine Ana kagiwang neng dheweke. Senajan mung paribasan sak dang sak penginang, kepingin banget tresnane entuk tanggapan saka Ana.

Wong pinter mau aba marang Gunarso supaya masrahake sampur abang arep dimantrani. Kejaba kuwi uga dikon pasa ngebleng telung ndina telung mbengi kanthi nyekeli sampur kuwi karo tansaha nyebut jenenge Ana. Dene wewalare, sampur kuwi aja nganti kena sesuker saka wong liya, upamane kringet, idu, pipis, luwih-luwih aja nganti dilangkahi sapa wae. Yen dilanggar, ilang dayane matra pengasihan kuwi.

Bareng wis cetha pakone wong pinter kuwi, Gunarso njur adus kramas ngayati pasa ngebleng ing njero kamare. Karo ibune ya matur yen arep prihatin, dadi kabeh pirsa.

Sawise genep dinane, nalika metu kamar, ibune wis nyedhiyani banyu putih kanggo ngombe lan jenang sungsum kanggo mbalekake kekuwatan. Nganti ana sepasar, awake Gunarso lagi krasa seger.

Kedaya notoling ati selak kepingin weruh sang pindha Ratih, Gunarso mbuntel sampur abang kaya dene kadho utawa oleh-oleh anggone bakal teka ing omahe Ana. Pas dina Minggu Gunarso dandan necis, jam sepuluh esuk wis tekan ngomahe Ana.

Tanggapan grapyak sumanak saka Ana saya gawe grengsenging ati. Sawise padha lelungguhan, Gunarso masrahake buntelan sampur karo kandha :

?Punika Jeng menawi kagem beksa, temtu mathis menawi Jeng Ana ingkang ngagem.?

?Wah kok repot-repot ta mas, mboten langkung inggih namung matur nuwun.?

?Dipun bikak kemawon, Jeng!?. Ana manut banjur dibukak. Weruh sampur abang sing mawa gombyok logem emas, anggone nyawang kedhep tesmak, malah banjur diarasi sajak kalegan banget atine. Gunarso nicil ayem.

Rumangsane Gunarso, esuk iku Ana katon moblong lan sumanar cahyane, ndadekke kobong ati lanange. Ketrucut tembunge marang Ana :

?Jeng punika rak dinten Minggu ta? Kula sampun dumugi ngriki, mbok gentosan kula dipun teraken dhateng Kaliurang, sampun dangu sanget kula mboten mrika? kandhane Gunarso karo mbalang esem.

?Mbok inggih mas, mangga mumpung taksih enjing? Ana gage sumaguh. Eka dipasrahahe dhe Setro, Ana lan Gunarso budhal menyang Kaliurang. Sawise nitipke mobil wong loro wiwit munggah. Bareng dalane wiwit ndeder, Ana dituntun Gunarso manut, sire Ana ngajak leren, ning Gunarso ora gelem, jare yen wis tekan ndhuwur sisan.

Lakune Ana dirangkul keket dening Gunarso. Lakune sing mung sasat ngremet, saya nambahi mongkok lan bungahe Gunarso.

Bareng Gunarso weruh mung keri ana vila siji ing dhuwur sisih ngarep kana, minangka palerenan/penginapan, Gunarso ngajak leren.

Ana sing wis lempe-lempe iku manut, malah bareng wis mbukak lawang kamar, gage wae ngebrukke awake ing peturon. Let sedhela, pelayan losmen nothok lawang ngaturke minuman lan makanan kecil.

Gunarso ngadeg ngancing lawang, njur nusul turon ing sisihe Ana. Nyawang Ana sing merem lan bathuke kebak kringet, Gunarso gage ngelapi nganggo kacune.

Ya ampun … kasulistyane Ana saya katon cetha ing ngarepe mripate. Ana ketok pasrah, njalari ati lanange mengangah kobong, pingin nglalap apa wae sing ana ing sacedhake. Rasa birahine wis ora kena sinayudan.

Ana diruket kenceng ora suwala, diarasi sakatoge meneng wae.

Tangane Gunarso nggladik ing papan-papan sinengker. Niyate bakal ditutugake anggone dolanan barang kang banget digandhrungi setengah mati kuwi.

Anggone nglela-lela asmara bakal dipolake sadurunge ngajak mabur Ana ing sak ndhuwuring mega sap pitu.

Tan kocapa dhe Setro sing momong Eka. Kira-kira sak jam saungkure ibune, bocahe rewel mung undang-undang ibune terus, didolani apa-apa ora kodal, malah saiki tangise mbenginging gawe judhege dhe Setro. Tansah wae ngundang ibune.

Ora sengaja weruh sampur abang ing ndhuwur meja tamu, dijupuk dianggo nggendhong Eka, sawetara bocahe meneng. Malah banjur gelem mudhun lungguh, lemekan sampur lan nganggo dolanan gombyoke.

Ning njur nangis merga ngompol. Sampur sing wis teles, dening dhe Setro terus dienggo ngelapi jobin sisan, Eka sing nangis digendhong diajak metu ngadhang ibune, bocahe meneng.

Tan kocapa Gunarso sing wis tanek dolanan barang sing banget disenengi, saiki wektune ngajak mabur Ana tumuju alaming swarga ndonya tumrap dheweke.

Tangan wis mbiyak langse, ngayati ngunggahi gumbala giri sing bakal disasak alase sing ketel ngengreng, ndadak Ana nampel tangane, nduwa njorokake awake nganti Gunarso meh kejengkang tiba. Kandhane santak :

?Sampun mas, kula lan penjenengan mboten kenging tumindak punika, kula sampun gadhah semah. Mangga sak punika kondur.? Karo kandha ngono, Ana cak-cek mberesi sandhangane, jungkatan, terus nyaut tase ninggal losmen, nguncluk ndhisiki mudhun.

Gunarso gumun kepati. Sawise mbayar losmen, Gunarso uga banjur nututi Ana. Neng ndalan ora kocap. Ana anteng nganti tekan ngomah.

Iba kagete lagi wae mlebu manyuk lawang, Gunarso krasa lemes. Ing ngarepe, weruh sampur abang wis nglumpruk cedhak clanane Eka sing teles kena ompol ing jogan ngisor meja tamu. Kandhane angluh karo tumuju mobile : ?Oh … dayane mantra pangasihan wis ilang, merga sampur abang kena pipise Eka?. Tanpa pamit Gunarso marani mobile, terus blabas mulih. Atine Semplah.

Tamat

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>