Pituwase Wong Sing Gampangan

?

Pituwase Wong Sing Gampangan

Mas Giman, crita punika inggih namung saking rencang, dados sanes kula piyambak ingkang ngertos ugi sanes ingkang nglampahi utawi ketaman. Saget dipun wastani crita kula punika namung saking gethok tular. Ngaten menggah critanipun.

Badhe kula aturaken ngoko :

Melani ngono jenenge bocah mau. Ning merga wiwit cilik bocah mau solahe ora bisa anteng, mula banjur diparabi Menel.

Rupane pancen ayu najan bocah ndesa, mulane lagi SMP wae wis rubung bocah lanang sing nyedhaki. Kabeh kancane tinampa kanthi bebas, sawayahe mara dolan ditanggapi nganti setutuge.

Wong tuwane nganti jeleh olehe ngandhani, paribasan lambe satumang keri samerang karo Menel ora digubris. Wedi di dolani neng ngomah, saiki ganti Menel sing dolan neng nggone kancane sing lagi di bondheti mau.

Ngono kuwi gonta-ganti kanca lanang sing karo wong-wong padha di unekake plak-plek ngono kae. Mangka jarene kanca-kancane, upama Menel kuwi gelem tuwajuh, bocah kuwi neng sekolahe pinter. Diwulang apa wae gampang ngerti.

Ning ya kuwi, yen wis kumat sablenge, ora ana wong bisa ngelikake. Sekolahe ya lancar, wong ujiane ya lulus. Lan saiki mlebu SMU, senajan mbokne akon leren merga wis wegah ngragadi.

Samare mbokne, tuwas diragatana nek sekolahe mung tlencengan wong tuwa rakya mung rugi. Kosok balen Menel, kekarepane nerusake sekolah mbethothot, ora perduli, embuh olehe golek wragad wong tuwane.

Mbayar SPP kerep banget nunggak nganti ditokak-takokke gurune, kok ana rasa isin ya ora, cukup wangsulan

?Belum ada pak?.

Ning gandheng sekolahan kuwi ya nganggo lan duwe aturan, mula bareng wis nganti pitung sasi ora nglunasi SPP tanpa ana keterangan saka wong tuwa lan wali murid, Menel kepeksa di wetokake sekolahe. Saiki neng ngomah ya mung nganggur, nek gelem ya rewang-rewang wong tuwane buruh tandur, matun lan derep.

Ning nek ora ya mung kloyang-kloyong ora nggenah. Mangka dhek isih jaman sekolah wis kulina ubyang-ubyung karo kancane sing nduwe kesenengan padha ya kuwi dolan.

Wong tuwane Menel jan judheg tenan. Lha piye wong bocah wis prawan, yen nganti ana bobol borote rakya gawe wirange wong tuwa.

Ing cerake, ya desa kono ana Jaka tuwa, sing dadi tampikane bocah wadon merga anggone banget prasaja nggon penampilan, kepara padha diunekake kumuh. Jejaka kasep mau jenenge Dikun. Ning wong kuwi pethel ing saweneh gaweyan, yen dikongkon tangga teparo sumaguh lan temenan olehe nandangi kaweyane.

Dadine akeh wong seneng. Sejatine Dikun seneng tenan karo Menel ning ora wani blas arep nyedhaki. Kejaba Menel kuwi galak, geleme srawung ya mung karo bocah utawa wong sing apik-apik.

Ning Dikun pinter nyedhaki mbokne. Janji mbokne ketok kredhekan yen arep neng pasar blanja, Dikun mesthi ulung-ulung dhuwit, ora ketang mung kena kanggo tuku janganan.

Apa maneh yen mbokne Menel kerepotan, ya mung Dikun sing disambati. Mesthi wae, atine wong tuwa kuwi sewe-suwe seneng karo jejaka mau.

Mulane Dikun ya kendel saba omahe Menel yen pinuju nganggur. Menel sing maune acuh, bareng ngerti yen mbokne digemateni, suwe-suwe ya lilih, saiki gelem nemoni barang yen Dikun dolan. Malah wani ngandhan-ngandhani Dikun ben resikan, rada besus olehe nyandhang menganggo.

Bareng dikandhani Menel, Dikun ya nggugu. Saya suwe saya resik, jebulane yen gelem besus, Dikun kuwi ya lumayan nggantheng.

Dek isih sekolah Menel wis kulina ubyang-ubyung karo cah lanang, mbarengi mekaring kadiwasane, Menel gelem di cedhaki Dikun. Malah saka pemabujuke mbokne, Menel gelem dirabi. Kanthi janji Dikun kudu luwih pethel golek dhuwit, jare ben uripe mbesuk kepenak.

Tenan, bareng wis dadi bojone Menel, Dikun saiki ora mung ana ngomah adhang-adhang yen ana wong mbutuhake baune, ning kanthi numpak sepedha onthele, mider-mider golek gaweyan ning liya desa.

Mulihe sok rong ndina telung ndina sepisan yen wis nggawa dhuwit. Buruh-buruh kasar apa wae ditandhangi. Menel sejatine yen bengi kerep kesepen, ning kedaya karo pepinginane nyekel dhuwit ngangsa, mula lungane bojone ya di eklaske wae.

Wis rong ndina lungane Dikun, wayah bengi dheweke mulih, ngerti-ngerti wis turon neng sisihe Menel, nganti Menel kaget njur takon :

?Kok wis bali sing mbukake lawang sapa, kang ? ?

?Aku nduwe kunci serep kok Nel. Aku mulih mung sedhela, merga aku nglembur ngecet omah anyar. Aku kangen banget karo kowe je, Nel?.

Kandha ngono, Dikun terus ngruket bojone. Menel sing dhasar kesepen kuwi tanggap. Kanthi grengseng kekarepane bojone dituruti. Kekarone marem lan keturon.

Esuk rada kerinan tangine Menel, nggoleki bojone wis ora ana. Menel meneng wae ora takon mbokne, wong Dikun yan kandha yen baline mung sedhela merga kangen.

Bareng tata peturon, ana dhuwit satus ewu lembaran anyar gres neng ngisor bantal. Iki mesthi kang Dikun sing ninggali. Ngono batine Menel. Dina candhake Dikun bali isih sore. Lagi teka dhog, nyedhak bojone karo ngulungi dhuwit seket ewu, Menel kandha :

?Wah entukmu dhuwit kok akeh, kang?.

?Aku jujur Nel, entukku dhuwit ya mung semono kuwi?. Ngono kandhane Dikun.

Menel meneng, Dikun neng ngomah biasane ya mung sedina, sing cetha ngulihi bojone njur lunga meneh bebara. Ning bengi kuwi Dikun ya mulih maneh kaya padatan njaluk diladeni, njur lunga ya ninggali dhuwit lembar atusan ewu gres kaya sing dhisik.

Menel wis meneng wae ora tau mikir, pokoke nduwe dhuwit. Ngono kuwi meh saben bengi. Mung rong ndina telung ndina Dikun baline awan.

Bareng karo lumakune wektu, Menel wis bobot gedhe, wis mangsane nglairke. Wengi kuwi udane nggrejih, dinane malem Selasa Kliwon, ndadak Menel krasa wetenge lara, sajake arep nglairke.

Dikun kaya padatan lunga bebara, mula mbokne sing ngundang dhukun bayi. Pas jam 12 bengi Menel nglairake jabang bayi lanang.

Iba kagete mbah dukun lan mbokne, nalika weruh bayi kuwi sing ora sak lumprahe.

Bayi kuwi lanang, sakojur badane metu wulune, wis metu untune loro, tur mripate gedhe mendolo. Bayi kuwi ora nangis, ning plola-plolo medeni.

Bareng esuk akeh tangga teparo sing titik, malah ana sing rerasan ngene :

?Gek kuwi anake mbah Dhiwut, gendruwo sing manggon neng wit ringin pojok desa kae ya ?? Liyane mung padha bisik-bisik, ana sing mangsuli :

?Ya kuwi pituwase wong sing gampangan, dimori gendruwo sing memba bojone kok ya ora nglegewa?. Ya rahayune, bayi kuwi mung umur telung ndina njur ora ana (ngajal). Upamoa diparingi umur dawa, ya tiwas mung dadi caturan lan dadi rerasane wong akeh. Wasana sumangga.

RAMPUNG

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>