Netepi Kesaguhan

?

Netepi Kesaguhan

Biyen, enome pak Marwanto nomo kuliahe ana ing Gajah Mada njupuk fak. Ekonomi, mula gelare S.E ngono yen jaman saiki.

Dhek semana duwe kanca raket (pacar) bocah saka Bandung sing jenenge Rufaida, yen padha ngundang muni Neneng Ida, ngono. Kose ana kampung Bausasran, mangka pak Marwanto omahe Klitren. Dadi yen kuliah, Marwanto mesthi ngamiri Ida pacare.

Jroning pacaran, bocah loro tumemen anggone sinau. Dadi ora mung mburu seneng, akeh anggone ubyang-ubyung dolan, ning siji lan sijine aweh semangat kanggo sinau, supaya enggal rampung.

Sidane ya tenan, wiwit semester siji tekan achir, sekripsi lan ujian bareng, kekarone bisa lulus kanthi biji sing becik, mesthi wae bisa nggondhol gelar kesarjanaan. Bareng wis padha lulus Marwanto takon :

?Dhik Ida, piye awake dhewe iki ??

?Lha karepmu piye mas ? Nek aku rakya kudu bali mulih dhisik, piye sabanjure kersane wong tuwo.?

?Nek saka karepku dhik Ida, sliramu kuwi arep tak lamar dhisik neng wong tuwamu, sabanjure awake dhewe tunangan. Sawise iku, perkara pelaksanaane aku manut sliramu, pirang tahun maneh aku manut, pokoke aku tetep setya ngenteni.? Kandhane Marwanto kanthi swara kedher.

?Iya mas, aku percaya neng gedhene tresnamu, ning aku ora wani ninggal wong tuwa. Pokoke percoyoa, mas, yen aku ora bakal karo priya liya.?

?Ning tenan ya dhik, nganti kapan wae sliramu tak tunggu. Yen wis tekan Bandung gage ngabari, lan aturna wong tuwamu mungguh kekarepanku iki.? Ngono welinge Marwanto marang Ida.

?Iya mas, percoyoa wae, tenan ta wis kandhaku iki, tresnaku mung kanggo sliramu, donya achirat aku kudu klakon nyawiji karo mas Marwanto,?

?Syukur dhik.? Kandhane Marwanto karo ngadeg terus ngrangkul lan ngarasi kekasihe sing dina kuwi, bakal budhal neng tanah kelahirane Bandung, kanthi nggawa kemenangan hasile kuliah.

Hubungan H.P. seminggu rong minggu lancar, sing isine mung kabar keslametan. Nalika wis genep sesasi Marwanto nggenahke kekarepane anggone ngajak tunangan, Ida njawab yen wong tuwane ora setuju, ning malah kon nerusake usahane wong tuwane anggone bukak losmen (penginapan). Kasarane Ida dikon nyambut gawe dhisik dening wong tuane paling ora telung taun. Lagi kena lan diolehake mikirke omah-omah.

Marwanto judheg. Kanggo ngilangi pikirane sing nglangut ….. dheweke nglamar gaweyan neng B.P.K.N (Badan Pemeriksaan Keuangan Negara), rahayune panglamare kok ketampa. Batine bungah, ngiras ngenteni Ida, padha dene ajar nyambut gawe.

Hubungan ajeg lancar, lan sawise rong taun, Ida kandha yen usahane losmen mekar, saiki bisa gawe hotel cilik-cilikan sing dha diarani klas Melati ngono kae. Dene Marwanto ya ngandhakake yen saiki wis diangkat dadi P.N.S.

Kekarone rumangsa bahagia, ateges masa dhepan sing wis dirancang bakal maujud, wong loro padha dene duwe pametu. Saora-ora uripe bakal kacukupan.

Bareng wis nyandhak patang tahun olehe padha nyambut gawe, Marwanto sing pancen wis kepingin banget mbangun brayat karo kekasihe kuwi, mbaleni takon. Piye kersane wong tuwane Ida, yen kira-kira Ida diajak nikah saiki ? Kekarepan mau ora dilairake lewat HP, ning ditulis ing layang kanthi dipikir tenan lan sawutuhing ati.

Bareng wis se minggu Marwanto entuk balesan. Sajroning mbukak amplop, wis werna-werna sing dipikir, njur apa kira-kira sing ditulis Ida neng layang kuwi ? Kanthi ati sing kuwur lan notol kepingin ngerti, layang banjur diwaca alon-alon.

Bareng rampung pamacane … mak klumpruk awak rasane lemes, otot bebayu kaya dilolosi. Surasane layang intine, yen Ida wis digolekake bojo pilihane wong tuwane, sawijining usahawan sing sukses. Ning Ida durung mangsuli, isih arep dipikir-pikir dhisik sajroning setaun.

Tulisan keri dhewe sing tansah dieling-eling dening Marwanto unine ngene :

?Mas, tresnaku mung kanggo penjenengan donya achirat aku bakal netepi janjiku. Nek penjenengan arep krama mangga, ning embuh kapan aku bakal nyawiji karo panjenengan. Ya wiwit iku sesambungan rada renggang, wusanane wis bola-bali Marwanto ngontak nganggo HP, tilpun, utawa layang, ning …….. blas ora tau entuk wangsulan.

Bareng wis tita nganti rong taun, Marwanto mesthekake yen Ida wis dinikahake wong tuwane.

Atine dipupus, ketang gedhe tresnane, Marwanto ndongakake muga-muga Ida bahagia uripe karo pasangane. Sawise iku, Marwanto uga banjur nututi kawin.

Saiki Marwanto wis meh purna tugas (alias pensiun), mula dening atasan kantor Marwanto ditugasake neng Bandung nganthi pak Maryadi sing bakal ngganteni kalungguhane. Wong loro budhal, dene kabeh beaya makan, penginapan, mesthi wae kantor sing nanggung. Marwanto dhasar wong sing lugu lan prasaja, mula wiwit biyen ing kantore tansah tinresnan ing atasan lan andhahane.

Bisa wae jroning tugas milih nginep neng hotel berbintang, ning pak Marwanto emoh, pilih neng penginapan sederhana wae klas Melati. Sidane wong loro neng penginapan ?Wisma Setiya?. Papane resik gumrining, tamane asri, sing tinatanan kursi-kursi taman ing sacedhaking blumbang-blumbang cilik sing rinengga lampu-lampu cilik endah.

Marwanto nalika lagi mlebu wae wis krasa edhum lan krasan. Gandheng saka Yogya pesawat sing take off sore mula isih tutug kanggo ngenggar-ngenggar ati ngiras ngaso neng penginapan.

Pak Maryadi langsung mlebu kamar maca koran, dene pak Marwanto sawise salin banjur lungguhan ing taman, nyedhaki tukang kebon sing lagi mindhahi pot-pot nuli pitakone :

?Sampun dangu nyambut damel wonten ngriki, pak ?? Sing ditakoni noleh karo mangsuli :

?O …. sampun pak, wonten yen namung gangsal welas tahun. Wiwit wisma punika taksih alit dereng rame, sakpunika rak sampun mekar dados ageng lan kathah lenggananipun.?

?Ingkang kagungan priyantun pundi ta, pak ?? Pitakone Marwanto nanjih.

?Inggih namung priyantun asli mriki kemawon pak, asmanipun Bu Ida, ning sapunika priyantunipun sampun seda. Dene ingkang ngelola sapunika kepenakanipun.?

?Lha garwa utawi putranipun, pak, wonten pundi, kok malah kepenekanipun??

?O ….. nalika seda punika antawisipun yuswa kawandasa gangsal, pak, ning dereng kroma, taksih kenya. Kabaripun kagol, badhe pala krama, ning tiyang sepuhipun ngedahaken pilihanipun. Sajakipun Bu Ida mboten kersa, inggih wiwit kabar punika kapireng dening para karyawan wisma mriki, bu Ida kok lajeng prak-prek gerah, wusana dados lan sedanipun.? Marwanto isih notol kepingin takon :

?Pak, andak ing wisma mriki taksih wonten fotonipun ingkang kagungan wisma punika ??

?O wonten. Ing kamar informasi mrika wonten fotonipun bu Ida, bapak ibu lan sedherek-sedherekipun.? Wangsulane pak bon.

?Punapa kepareng pak, menawi kula badhe sumerep ?? Marwanto nembung.

?Sagetkewaon, pak, mangga kula dherekaken.? Wong loro banjur tumuju ing ruang informasi, papane tamu-tamu sing kepingin takon bab thek kliwering Wisma panginapan. Ruwang kono kebeneran sepi kejaba petugas jaga. Bareng wis mlebu, pak bon nudhuhake :

?Punika, pak, fotonipun bu Ida ingkang kagungan wisma punika.? Marwanto nyawang foto gedhe sing dipasang ing tembok, sanalika atine agles …. jebul tenan … kuwi fotone Ida pacare …. sing sawise bali neng wong tuwane njur wis ora bisa dihubungi maneh.

?Oh Ida kekasihku, jebulane sliramu wis ninggal aku. Mangka biyen kowe janji dhewe yen bakal nyawiji karo aku. Genea kowe ninggal ?? Ngono swara kumlesik sing metu saka lathine. Sawise nyawang fotone Ida tutug, Marwanto banjur ngajak bali pak bon. Sadurunge mlebu kamar, nglolos eketan ewon siji diwenehake pak bon karo kandha :

?Niki pak ngge tumbas ses.?

?Wah nuwun nggih pak, nek ngersakke napa-napa, utusan kula mawon? Kandahe pak bon karo ngesak dhuwit. Marwanto mlebu kamar, ngebrukke awake neng dhipan atine kuwur tembunge lirih memelas :

?Ida …. Ida, jebul kowe wis ninggal aku salawase, kowe wis ora ana. Ning aku ngerti yen sliramu tresna tenan neng aku, ya mung pangapuramu wae ya dhik, aku omah-omah, mergane biyen kowe wis ora bisa tak hubungi maneh. Saiki kowe nuntun aku tekan wismamu, apa karepmu ?? Atine Marwanto sedhih benget, kelingan jamane pacaran, tangise ambrol ora bisa diampah, embuh nganti sepira suwene. Pikirane dadi bali adoh tumlawung …………. mbaleni lelakon kawuri.

Kayane ……… Ngerti-ngerti Ida wis ana dhipan sisihe turon. Dheweke ngrangkul kenceng karo mbisiki alus, tembunge :

?Mas, aku tetep tresna neng sliramu. Ya neng wismaku iki aku arep netepi kesaguhanku.? Marwanto maune kaget, ning bareng ngerti yen iku Ida, banjur mbales ngrangkul kenceng banget, rasa kangene kaya disok ing wektu iku.

Wong loro dadi pepuletan keket, kaya angel lan wegah pisah. Wusana tembunge Ida :

?Mas janji lan kesaguhanku nyawiji, saiki aku saguh netepi.? Marwanto ngendhoni pangrangkule, nyawang Ida ditamatake tenanan. Rasane kaya ngandel kaya ora. Ning jebulane kok Ida tenan, saiki saka rumangsane mundhak ayu mblong-mblong, gawe gregete ati lanange Marwanto. Sakala birahine Marwanto muncul.

Gregete saya makantar-kantar, Ida diarasi sekatoge, uga ing papan-papan sensitif sing padha dene bisa nuwuhake birahi, kabeh digrayangi. Ida anane mung pasrah kepara naggapi. Wusanane kekarone bandayuda mburu kanikmatan, sing kekarone ngetokke katiyasane dhewe-dhewe. Bareng rasa swarganing daging wus karesepi kekarone, jroning isih lempe-lempe Marwanto takon :

?Dhik Ida, sida kapan sliramu nikah karo aku ??

?Mas ………., kita wus ngrasakke nyawiji linambaran katresnan jati, ngapa ndadak nikah ?. toh sliramu wis krama lan wis peputra. Aku emoh mas, ngrusak pager ayu lan ngogek-ogek turus ijo. Terusna anggonmu bebrayan, muga-muga mas Wanto tansah nemu kamulyaning urip. Sesuk wae nek wis rampung tugasmu kantor, mampira omahku sing tak nggoni saiki. Wisma iki ya dhuwekku, ning wis tak wenehake ponakanku. Aku neng ngomahku sing anyar wis ayem tentrem, sesuk nek arep kondur mampira !?

?Omahmu sing mbok nggoni ngendi dhik ?? pitakone Marwanto.

?Neng perumahan Cilaya, mas, kuwi Perum umum.?

?Yoh sesuk bar tugas aku tak mampir neng ngomahmu.?

?Saiki sare ya, mas, sesuk ndak kerinan, kene sun sepisan engkas, aku ya tak turu.? Kandha ngono Ida ngaras Marwanto kebak asih, bar kuwi njur ngelus-elus bathuke Marwanto, saking krasa nikmate nganti Marwanto les …. keturon.

Dumadakan, dhog … dhog lawang didhodhoki saka njaba. Marwanto kaget nglilir. Lingak-linguk ning Ida sing mau ngeloni wis ora ana.

Gage mbukak lawang, katon pak Maryadi wis pakeyan dhines, panjenengane ngendika :

?Wah pak Mar, wiwit sonten kok sampun mapan sare. Punika sampun siang jam pitu, mangga enggal siram lajeng bidhal tugas.?

Mas Mar, kula kesel tur ragi masuk angin, mila wiwit sonten kula sampun mapan.? Kandhane goroh. Bar kandha ngono gage mlayu neng kamar mandhi arep adus. Iba kagete bateng cucul, dene celdame teles kebes kaya nalika ngangkati diwasa mimpi basah.

Sarampunge adus, wong loro sarapan neng kantin njur budhal ngayahi tugas kantor. Bareng jroning telung ndina tugase wis rampung, pak Maryadi kaaturan kondur dhisik dening Pak Maryanto, dene dheweke ngajak pak bon kon ngeterke neng Perum Cilaya, kandhane marang pak bon :

?Pak, kula sido nyuwun tulung diterke teng Perum Cilaya nggih !?

?Pak, Cilaya punika sanes Perum, ning punika makam ageng ingkang kangge umum.?

?Dheg ….. atine Marwanto nitir, kelingan critane pak bon, yen Ida wis ngajal. Ateges, Ida dhek wengi sepisanan kae rohe nusul lan kelakon nyawiji kadidene wong bebojoan, netepi janji lan kesaguhane.

?Nggih pun kajenge, pak, kula tak tuwi makame, soale Ida riyin niku kanca kuliah kula. Marwanto tuku kembang mawar lan mlathi, terus nyekar ing Cilaya, neng kana ngirim donga nganti tutug diterke pak bon. Wiwit kuwi Marwanto wis nedya nglalekake Ida sing wis tentrem ing ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Rampung

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>