?
SANGSAYANING URIP
Ati iki pindhane lemah garing kemlingking
Di upamakna wis sewindu datan kesiram banyu
Kumranyas … kumrangsang pindha pinanggang
Tan ana kang kuwawa nyipta resep jroning nala
Ati iki kepingin nglari …. gek neng ngendi nununge jampi ?
Adhuh ….. denea, jangkahku tansah kleru lan ketula-tula
Aku isih eling, yen mung nuruti ati bruwala, pepinginan murka
Aku wis mesthi mung bakal nemu kasangsaya lan cilaka
Dhuh Gusti nyuwun colok kalidamar dadosa pepajar
Supados lampah kula wilujeng, lestantun kalis ing sambekala
Yen ngelingi sangsayaning urip, kaya wegah njangkah, ati semplah
Ning sapa kang bakal aweh semangat marang trubusku kang mrajak ?
Sing mbesuk tuwuh ngrembaka minangka putra bangsa
Apa generasi mudha mung bakal nemu kuciwa ?
Ora ! Aku kudu wani dadi lanjaran, kanggo mrambat lan tumangkar
Neruske gegayuhan luhur, kang isih kudu dilari lan didarbeni
Sangu ati tatag lan dhadhag, eling unen-unen ?Jerbasuki nawa beya?
Urip kudu wani ngemut paiting bratawali
Perkara legining madu tinemu mburi minangka jampi
Elinga yen Gusti tansah nganthi