Cacad

?

Karo jeng Retna Hardaning, tepungku ya bareng aku wis dadi wartawan sing padha diunekake rada kondhang iki, merga aku kerep katut melu dikirim neng njaban rangkah. Nek saka rumangsaku dhewe, aku kuwi ya mung wong biasa-biasa wae kaya wartawan liyane sing kerep-kerepe thongpes alias kanthong kempes.

Nha ya yen dhong kaya ngono iki njur kudu kluyuran golek-golek warta sing kena ditulis.

Mula jujur tak akoni, yen pakaryan kaya bangsane aku lan kuli-kuli tinta liyane kuwi mung pawitan seneng. Nek hasile ?, blas aja dikandha lan dipengini ? Ora mingsra babar pisan. Sing cetha ya mung kepuasan batin kuwi.

Jeng Retno kejaba wartawan lincah, dheweke uga nyambi minangka penyiar ing salah sawijining radio swasta, sing wis kumlebet jenenge lan akeh pandhemene. Yen aku dhong ngepasi dolan neng omahe, batinku kuwi gumun. Denea jeng Retno sing kegiatane wis sedhabreg, neng ngomah isih kober ngopeni anggrek sing saiki lagi ngetren.

Mangka anggrek mono yen jeneng wis dadi jan ? anggone kembang tanpa leren gek awet pisan. Dadi tutug nggonku nyawang. Senajan mung pirang pot, ning werna-werna jinise, gek ya lagi nedhenge kembang kabeh. Panyawangku katrem kanthi ngumbar gagasan. Ora ngertia ndadak jeng Retno wis neng sandhingku karo kandha.

?Hayo, mas aja ngalamun, wiwit mau kok kamitenggangen?,aloke.

?Sapa sing ngalamun ?, aku rak lagi nyawang catleya iki.? Wangsulanku saentuke waton jeng Retno lega.

?Mulane ta mulane, mas, nek nduwe pacar mono aja akeh-akeh mundhak marahi bingung.? Jeng Retno nggodhani aku.

?Sapa sing pacare akeh ?, genah golek wae angele ora jamak jare.? Aku ndhebat.. ?E, mas, dikira ra ngerti pa, yen sing jeneng Hargo wartawan kondhang kuwi sapa-sapa ngerti. Neng kalangan mudha-mudhi dadi kembang lambe, grup foto grapher kawentar, neng kelompok seniman ya padha digandrungi. Wis pokoke keri milih, mas?. Kandhane Retno gawe bombong aku.

?Ning gumunku, Jeng, aku kuwi kepingin dikagumi penyiar sing jenenge uga wis kumlebet, wonge ayu, pinter ngoncit warta sing kena ditulis, baut nulis naskah sing kaya iya-iyoa. Apa maneh yen wis neng callbox ngadhep mike, kaya prenjak ngoceh ora leren-leren. Ning kok ora keturutan. Wonge kuwi kok kaya tugu es, anyep ? anyep njejet tangkepe.? Kandhaku karo nyawang landhep Jeng Retno. Sanalika raine dadi malih mbrabak abang, ndadekake saya tambah manise.

Sejatine sapa, mas, sing penjenengan kersakke kuwi ??, pitakone lugu.

?Apa sliramu kuwi ya ora krasa tenan ta, Jeng ? Ditresnani wong kok tanpa nggagas ? tanpa krasa. Apa malah menggalih monitor mudha-mudha sing dha guyon parikena kae?. Nyatane takon umur, alamat ngomah, isih kosong apa wis isi ? Kuwi karepe apa nek ora kesengsem karo swaramu sing kaya prenjak ngoceh kuwi ? Kandhaku mojokke.

?Iyah, mas, penjenengan ki siya-siya dipadhake prenjak ngoceh?, kandhane Jeng Retno nyawang landhep marang aku. Bacute kandha thokleh.

?Piye, mas, nek ora tak rewangi crigis kaya prenjak ngoceh rak ya ora entuk dhuwit ta ? Mumpung aku isih enom, mas, swaraku isih payu, mloya-mlayu ngoyak warta isih cukat, mula wektu mono tak gunakke sing sa becik-becike. Anggonku nulis ya nonton sikon lan pasaran, perlune payu lan padha tuman maos tulisanku.?

?Ning Jeng, apa kegiatanmu sing sedhabreg kuwi kala wanci ya ora nggo menggalih masa depanmu ?, pitakonku mancing.

?Wow ya mesthi lan kudu mas, mergane wiwit biyen aku duwe prinsip, aku kudu bisa mandhiri kanggo uripku, ning aku kok ora jeneng njur tanpa mbutuhake pitulungan liyan kuwi ya ora. Wong nyatane aku ya kerep banget kok nyuwun pitulungan lan gawe repote mas Harga.? Kandhane gawe senenging atiku.

?Ora jeng, aku kuwi gumun karo sliramu, genea sasat samubarang bisa, ning genea angger dibon arep ana manten gedhen dadi pranatacara, kathik ndadak kudu neng salon nyanggul ? Ngapa ora kersa latihan utawa sinau dhewe neng ndalem. Mangka Jeng, sliramu kuwi yen ngagem cara Jawa, kathik kaya dewi Suprabawati ngeja wantah.? Kandha ngono aku karo nyawang dheweke ngemenke, nganti jeng Retno kecipuhan anggone arep nginggati panyawangku.? Bareng wis sawetara kandhane :

?Bab kuwi ora kudu ndak wangsuli saiki, mas, sing cetha saiki aku seneng yen gelungan utawa sanggulan ana salon, ngono kuwi wae. Dene pandangune bab masa depan, kersane mas Hargo nggon apa ? toh aku sagaweh-gaweh ya wis cekel gawe, senajan mung kanggo predhikat.?

?Mosok ta, Jeng, sliramu kuwi ora ndungkap karo karepku ??

?Hla kersane mas Hargo nggon endi ??. Pitakone karo mleruk.

?Apa sliramu kuwi ora ndang kepingin kagungan pacar sing kena diantepi ?. Dene kanca wartawan, penyiar saka pirang-pirang studio lan monitor sejatine akeh sing pingin nyedhaki, denea sliramu ora nggape ??.

?Mas, wong mono, seneng kuwi mung nyawang saka tata lahir sagebyaran, merga katon apik, resep sinawang sabanjure njur kesengsem. Ning wong kuwi racake lali yen kahanan mono ora ajeg, alias owah gingsir. Coba mas, tak aturi menggalih, bocah wadon mono yen wis ngangkati remaja tumuju ing kadiwasan mesthi katon pamore, katon duwe daya tarik tumrap lawan jenise. Kuwi wis kinodrat kersane sing Maha Kuwasa mas, supaya manungsa seje jenis sing wis nyawiji mau bisa dadi dalan tumangkare manungsa anyar. Mung emane, wong-wong kuwi mung padha nuruti ati, mas, janji seneng padha seneng dituruti ?dadi. Perkara mengko sawise dadi pasangan embuh dadine? Merga nalikane lagi padha seneng, kurang njlimeti wong sing disenengi kuwi. Apa kekurangane ?, apa cacade? piye mengko dadine ?, kuwi, mas sing kudu dipikir tenan.? Kandhane cetha.

?Ning, Jeng, ya ora bisa ta wong nemokake cacad pisik sak wutuhe yen durung nyawiji utawa dadi sisihane kuwi? debatku. ?Kejaba yen watak, kelakuan lan sikap, sedhela srawung wae wong wis ngerti, lan yen wis ngerti, yen pancen seneng rak didandani mbaka sethithik.?

?Aku bab iki ngati-ati kok, mas, mundhak getun ing tembe mburi.

?Hla kira-kira pilihanmu kuwi sing kaya ngapa Jeng ?? Aku nyoba njajagi atine.

?O pilihanku mung banget prasaja kok, mas, wong lumrah sing sejajarku wae, ngerti ing cacad lan kekuranganku, njur kanthi tulus gelem nampa kahananku sawutuhe, dadi mbesuke ora bakal gela lan kuciwa.?

?Wah tembungmu kuwi gampang lan kepenak dirungu, Jeng, ning angel cak-cakane mungguhing aku.? Kandhaku apa anane.

?Ya aja dipenggalih nemen, mas, jodho mono sing nggathukke sing kuwasa.?

?Ning njur piye anggonku arep ngawiti nliti cacade wong sing tak tresnani, yen saka panyawangku wong kuwi mulus lahir lan batine ?.?

?Yen kepareng ngerti, sapa mas, putri sing wis dadi panuju ning penggalih penjengengan kuwi?, pitakone ndhedhes.

?Nek aku blaka, Jeng, ndak sliramu kersa mbantu murih kelakone ??.

?Ngapa ora, mas, wong nyatane aku ya wis ngerti njaba njerone penggalih penjengengan. Sasuwene kekancan, penjenengan durung tau natoni atiku, gawe ribet, ngrugekke, kepara aku sing kerep penjengan bantu kabeh kerepotanku.? Kandhane kanthi swara cetha.

?Jeng, sejatine, wis lawas bab iki arep tak aturke sliramu, ning rasane kok gojag-gajeg lan maju mundur, gek-gek sliramu duka njur malah ngedohi aku. Kuwi sing ndak wedeni. Mangka ora weruh sliramu seminggu wae atiku wis bingung kumudu kepingin weruh.?

?Waleh-waleh apa, Jeng, wis suwe aku nresnani sliramu, apa tenan atimu ra krasa??

?Krungu tembungku sing keri mau, Jeng Retno tumungkul, ora suwe banyu bening saka pojok mripate tumetes mili ing pipine sing nduren sajuring iku. Weruh iku atiku trenyuh. ? Dak dudut tisu wangi saka sakku, ndak nggo ngulapi luh mau jeng Retno ora suwala. Ora suwe dheweke kandha : ?Muga-muga mas, senajan aku ora matur, ning sawijining wektu, Gusti Allah paring priksa marang penjenengan kabeh kekurangan lan cacatku.? Kandhane lirih karo nyekel tanganku kenceng.

?Dadi yen ngono sliramu nampa tresnaku ta Jeng ??

?Angger wae, mas, mengkone penjenengan ora bakal getun.? Ya wiwit iku atiku wis tentrem tenan. Putri ayu sing sasat dadi kekidungane para jejaka iku saiki wis ngrenggani atiku sawutuhe. Aku percaya yen dheweke kena diantepi, merga aku wis ngerti tenan wewatakane. Srawunge pancen bebas minangka wartawan lan penyiar, ning jeng Retno pinter njaga jarak supaya priya ora wani nranyak.

Tembunge mranani, lan solah bawane alus njatmikani. Senajan wong priya kumecer nyedhak, ning ora wani aneh-aneh merga kaprabawan alusing tembung wiramaning solah bawa, sing nudhuhke luhuring budi.

Yen jeng Retno sela mesthi ngebel aku, utawa S.M.S sing isine ya mung biasa. Kandha, dene yen lagi apa ta apa. Ngono wae, atiku wis anyes kaya siniram banyu sewindu.

Kosok baline, yen aku sing S.M.S. anggonku ngobrol sak tutugku. Olehku leren yen wis ana tulisan muni :

?Uwis, mas, ajar ngirit, pulsamu ndak boros.? Aku lagi mateni HP ku karo ngliling fotone Jeng Retno sing wis tak gedhekke, tak canthelke tembok ndhuwur peturonku.

Batinku kandha : Wong kok ayune kaya ngono, gek nek ngombinasi pakeyan sing dianggo, ya ampun mathis banget. Ciri khas sing banget tak titeni, jas dawa, sing lengene mesthi nganti nutupi epek-epek banjur disambung kaos tangan nilon sing padha klire karo jas.

Sejatine jeng Retno ora kalah yen katandhing karo para selebritis, kepara luwih unggul akhlak lan budi pakartine. Oh bejaku ?, jroning ati aku janji, yen bakal njaga jeng Retno ing sakabehe ya keslametane, ya kamurnen lan kasuciane. Yen pas dina bareng libur lan padha dene ora ana acara, Jeng Reto mesthi tak ajak dolan neng papan-papan sing dheweke durung tau weruh kanthi palilahe bapak lan ibune.

Mesthine penjenengane ya bisa maos bab sesambunganku karo putrine, lan begjaku maneh, ketoke kok ya paring lampu ijo. Bareng aku kerep dolan ing omahe lan ditemoni bapak ibune, aku krasa ana katentreman ing keluarga iku. Sing kabeh mau ndayani krasan dolan ing omahe senajan paling suwe siji setengah jam. Aku kudu bisa mbatesi wektu, senajan krasa abot lamun wis tetemon karo jeng Retno, aku njur kudu pamit mulih.

Etika wetanan bakal tansah ndak enggo murih penggalihe wong tuwane jeng Retno tansah karenan lan kalegan. Awit aku ngerti, pribadine jeng Retno sing apik njaba njero lan, tangkepe sing sopan ngadhepi sapa wae, santun ing patrap lan busana.

Ora nate rumangsa luwih senajan ngerti akeh sing nggatekake, luwih-luwih priya sing padha nyedhaki, kabeh tinanggapan padha, kaya dene kanca cinaket.

Pancen, aku wae rumangsa kangelan mbedhek lan nggerba kekarepane jeng Retna. Deweke kandha yen wong sing bakal dadi bojone, ya kuwi wong sing gelem nampa dheweke sawutuhe uga cacat lan kekurangane. Mangka saka panyawangku, sing saben-saben ketemu lan srawung tak jingglengi, ya ora nemokke cacat-cacat raga luwih-luwih karaktere.

Apa kira-kira nggon kesarasane pa ya ? Ning ketoke ora. Wong nek sok lara, lara kae ya mung lumrah merga kesel, masuk angin, utawa flu biasa.

Aku dadi judheg. Apa kira-kira mbesukke Jeng Retno ora bisa nggembol putra sing wiwit saiki wis dingerteni ? O ? yen mung soal anak, kepepete jeng Retno ora bisa nggembol tuwuh, harakya bisa njupuk bocah saka panti asuhan.

Wis, janji tekan kono, atiku dadi judheg tenan. Kanggo ngerteni sawutuhe salirane Jeng Retno, ing sawiji dina aku kandha : ?Jeng, suk malem Minggu kagungan acara ora ?? pitakonku.

?Yen malem Minggu ana, mas, ndherekke ibu nyumbang karo rewang sedhela neng kancane ibu, pengurus Darma wanita.?

?Hla sing sela kira-kira kapan, jeng??, aku nanjih.

?Nek Sabtu esuk aku bisa, mas, wong tugasku siaran awan. Ana apa ta, mas ??, genti pitakone.

?Ngene, jeng, aku wis rada suwe ki rak ora renang, biyen rutin pendhak Minggu karo kanca-kanca. Rasane kok pingin renang nggo tamba awakku sing kaku-kaku.?

?Wah, mas, yen ngandhakake renang, aku njur kelingan dhek cilik. Aku biyen seneng banget renang. Ajarku mung neng kedhung, cedhak daleme mbahku sing nang ndesa. Wetane rak ana kali sing dibendung digawe dam, ya neng kono kuwi dina-dina aku adus byur-byuran karo kanca-kanca nganti pinter nglangi. Ning saiki ??, Jeng Retno tumungkul banjur mbuwang panyawang adoh.

?Piye ?, saiki kersa ta ngancani aku nglangi ?? Jeng Retno gedheg karo kandha :

?Ora mas, suk wae nek penjenengan wis ngerti sebabe,? dheweke banjur metu.

Aneh ?., ngono batinku. Jebul angel tenan njajagi atine Jeng Retno. Mau nalika nyritakake anggone pinter nglangi dhek cilike katon bungah lan semangat, ning saiki bareng dijak, dheweke gedheg, tanpa gelem ngandhakake alasane malah banjur katon susah.

Wislah, aku ora bakal ngoyak pitakonan maneh dhak Jeng Retno susah utawa mangkel. Mula aku banjur pamit mulih sengadi ana janji karo kanca yen arep motret manten.

Atiku percaya yen ing wektu tinamtu mengko, Gusti mesthi bakal paring pirsa mungguh apa sing kudu ndak ngerteni, awit aku wis janji ing atiku yen ya mung kenya siji iki sing ndak gegadhang mbesuk bisoa tansah ngampingi uripku kanggo ing salawase.

Yen wis ngono, atiku banjur dadi ayem.

Isih kurang selapan ndina maneh, aku wis krungu sriwing-sriwing saka kanca-kanca, yen calone aku bakal katut diajak konggres melu sanggar sastra Jawa sing bakal diadani ing Tulungagung. Saka wartawan ing kuthaku, ana lima sing katut, sakjane aku bisa ngajak jeng Retno.

Ning, dheweke mesthi yen ora gelem, merga tugas minangka penyiar ora bakal bisa diwakili terus dening kanca-kancane penyiar, yen wektune sok nganti seminggu. Jare ora cerak karo kanca-kanca.

Mulane aku ya mung bakal mangkat karo kanca-kanca wartawan nggabung karo para penulis lan sastrawan Jawa sing sasat pendhak tahun padha nekani Konggres. Dene papan (kuthane) tansah pindhah-pindhah.

Sajake para pakar-pakare sastra sing nemtokake utawa kepingin ngundhuh. Dina malem Minggu kaya lumrahe para nom-noman pacaran, aku uga Wakuncar. Saka ngomah, aku wis duwe rencana yen Jeng Retno mengko arep ndak ajak metu.

Aku wis kandha karo Lestari tilas kanca kuliahku, yen saiki aku wis duwe pacar. Dheweke wis duwe salon gedhe, malah saiki wis mbukak kursus kecantikan lan ngadi busana.

Ya karo Lestari kancaku mau aku wis weling, yen mengko sida tak ajak dolan, tak kon ngrayu supaya pacarku gelem melu kursus luwih-luwih sanggulan, sing sa ambreg wernane, ya sing kondhe kanggo nyampingan, ya sing sanggul modern, Lestari wis nyaguhi.

Tenan, saka ngomah aku matur bapak ibune, yen jeng Retno arep ndak ajak dolan neng kanca lawas sing saiki wis sukses. Bapak ibune marengake.

Bareng tekan salone Lestari, Jeng Retno ndak gandheng ndak ajak mlebu.

Lestari gupuh anggone nanggapi. Grapyak sumanak lan ngumbar esem.

Anggone nyalami Retno suwi banget karo ngematke sajak nanjakke. Bareng karo nguculi olehe salaman, Lestari kandha : ?Hargo!, pinter tenan kowe milih pacar. Ora rugi olehmu dadi bujang meh lapuk, wong sing diupadi milih kaya golek kencana.? Aku mung ngguyu mongkok. Marang Retno dheweke kandha : ?Nyuwun pangapunten njih, Jeng, kula kaliyan calon keng raka njangkar, mergi rumiyin kanca lengganan eyel-eyelan wonten kampus.? Jeng Retno mangsuli kanthi lega :

?Mangga, mbak, sak prayoginipun.? Merga karyawane wis ana lima, mula Lestari bisa santai njagongi tekaku sakloron. Suasanane rasaku kaya isih nalika padha dene kuliah wae. Gayeng rumaket kebak rasa kangen-kangenan. Ketrucut kandhane Lestari :

?Jeng, mbok kersa penjenengan dados modhel kula. Penjenengan sampun pinaringan kasulistyan ingkang sempurna, sampun mboten perlu dipun poles malih.? Pangalembanane Lestari tulus.

?Wah mbak, mboten wonten ndonya punika ingkang sampurna, kejawi ingkang Maha Nyipto, inggih Gusti pribadi.? Wangsulane Jeng Retno andhap-asor, aku njur nrambul gunem :

?Les, aku mung njaluk tulung, ajarana sanggulan ben suk ora sah ndadak neng salon.?

?Ha mbok iya ta, Har, wong mung sanggulan, tak kira nek Jeng Retno diwarahi pisan pindho wis dadi. Apa maneh yen asta lelorone trampil mbok ora sah ngaca ta, rak dadi.

?Rak inggih ta, Jeng ??, Jeng Retno mung manthuk-manthuk karo ngguyu kecut.

?Punapa malah sak punika kemawon, Jeng, kula sagah kok? Lestari nantang.

?Ah mbenjang kemawon mbak, malah kula lajengan kemawon nyuwun pamit, margi dalu punika ibu badhe rencang tanggi celak, ingkang memule jangkep setaun sedanipun ingkang kakung.? Kandha ngono, Jeng Retno karo nyawang aku, lan aku tanggap karepe yen diajak bali. Mula aku ya enggal-enggal numpangi pamit. Nalika Lestari nguntapke baliku sakloron, ora lali ucape marang Jeng Retno :

?Saestu nggih, Jeng, rawuhipun mriki malih sanget kula ajeng-ajeng.? Retno ndak sawang manthuk-manthuk, terus gage jumangkah mlaku ditutake panyawange Lestari sing kayane durung marem. Nalika wis mbonceng lan motor wis mlaku aku takon :

?Dene ibu mau ora ngendika yen arep tindakan ta, Jeng.?

?Iya, mas, ning neng njero, ibu ngendika karo aku.? Jawabe Jeng Retno cekak.

?Aku wis ra wani takon apa-apa maneh, senajan atiku kebak rasa gumun. Kekarepanku tak kursuske sanggulan cabar maneh, tanpa entuk respon saka Jeng Retno. Nalika tekan ngomah, lagi wae mudhun saka motor, Jeng Retno njur kandha :

?Wis, mas, langsung tak aturi kondur wae, aku terus arep turon, sirahku rada mumet.? Durung nganti tak wangsuli Jeng Retno wis nguncluk mlebu ngomah tanpa noleh aku maneh.

Aku uga terus bali mulih kanthi nliti ati, apa sing wis tak tindakke, dene jeng Retno kok sajak ora keduga. Ewa dene aku ora nemokke kaluputanku.

Yen bengi angel turuku mikirke Jeng Retno sing aneh. Angger-angger owah-owah haning sikape sarwa ndadak lan tanpa sebab, apa sejatine ? Aku jan bingung tenan.

Ning aku yakin, yen ancas tujuanku becik, sing tak temu mesthi uga becik.

Nganti se Minggu aku ngampet ora teka ing omahe. Yen kangen aku cukup nyetel radio ing jam-jam yen dheweke pinuju tugas. Krungu swarane wae wis marem.

Bar surup nalika aku lagi leyeh-leyeh keprungu swara tilpun, jebul saka kancaku sing wingi budhal tugas neng Sidoarjo, ngliput anane bencana lumpur panas. E wingi ora ngajak, kathik saiki akon aku nusul, jare penting ngono. Malah Didi, adhine sing dikongkon neng ngomahku wis siap nukokke tiket bis kanggo budhal sesuk mruput. Kandhane Didi adhine, dheweke bakal ndhodhog aku jam lima esuk supaya ora ketinggalan bis. Aku saguh.

Wah ning aku kudu pamit Jeng Retno. Supaya dheweke luwih nggatekke, becike ndak S.M.S. wae. Mesthine kana rak ya wis kangen, se minggu ora tak parani. Anggonku S.M.S tak embel-embeli ngene :

?Jeng, gandheng aku arep lunga adoh neng Jatim, budhalku sesuk untapna tekan Terminal. Sliramu tak ampiri nganggo kijange kancaku sing akon nusul, esuk mruput, ora perlu dandan, aku munggah bis, sliramu diterke kondur adhine kancaku mau.

Aku Masmu Harga

Siap wungu esuk, ngeterke aku.

?

Bubar iku aku terus mapan turu supaya sesuk esuk awakku seger maneh. Tenan, durung jam lima, nglatar keprungu klakson mobil, aku gage tangi terus adus.

Ora nganti seprapat jam wis rampung. Cukup ngombe teh anget sagelas aku terus metu mlebu kijang disetiri Didi. Aku aba :

?Mampir Perum gang Manggis, Le !?. Pas pintu gerbange Jeng Retno, dheweke wis ngadeg ana kono. Rupane wis resik, ning rambute isih rewa-rewo, cetha yen ora dandan.

Adhuh jebul ayune malah uleng-ulengan, batinku. Ngerti dheke wis nunggu, aku gage mbukak lawang kijang, anjlog marani. Tangane kiwo sing dilebokke jaket minangka klambi anget kuwi, tak geret ndak ajak munggah kijang mlebu ing jok mburi. Saiba kagetku, bareng tangane arep tak gandheng ? jebul tangane Jeng Retno mung wates ugel-ugel.

Ngerti aku kaget, neng njero kijang kuwi jeng Retno nuduhke tangane sing tanpa epek-epek lan driji ? jan bujel mung tekan ugel-ugel. Karo nyawang aku Jeng Retno kandha :

?Ya kaya ngene iki mas aku, saiki pirsa ta ? Aku wong cacad mas, aku pasrah penjenengan. Yen mas Harga gela, ora sida aku ya ora papa, dhasar isih padha wutuhe, kandhane karo kaca-kaca mripate.

Gage tak rangkul kenceng, kepara ndak kekep Jeng Retno, kebak asih. Kandhaku :

?Jeng, apa sing ana ing sliramu bakal ndak tampa kanthi bungah. Jer kabeh mau wis dadi garis ing urip. Mung gumunku, denea sliramu pinter nutupi kekuranganmu. Apa maneh yen numpak motor ? blas ora ngetarani babar pisan. Jeng, aku tetep tresna sliramu nganti tekan kapan wae.? Kandhaku mantep.

?Matur nuwun mas, aku uga janji yen bakal tansah setya ing penjenengan. Saiki kabeh wis cetha ta, mas ?. Mula aku ora gelem penjenengan ajak renang, apa aku bakal mamerke cacadku neng umum ? Semono uga kursus sanggulan ? Kaya kandhane mbak Lestari, yen tangan lelorone kudu trampil, hara mangka aku, tanganku sing sempurna mung siji. Mula tinimbang atiku lara, mas, luwih becik aku gage-gage nyuwun pamit. Dene tanganku sing palsu, rak isih kena tak tutupi nganggo jas lan kaos tangan.? Kandhane lirih mepet kupingku. ?Ya iki mas akibate aku dhek neng S.M.P klas telu tabrakan, tanganku remuk lan kudu diamputasi.?

?Wis ?.. wis Jeng, ora usah diteruske. Pokoke percoyoa, yen aku wis nemokake golek kencana ya sliramu, sing bakal ndak sandhing ing salawas-lawase.?

Jeng Retno saya nempelake pipine ing pipiku kebak kebungahan. Atiku mulya sing tanpa upama, denea gagadhanganing atiku bisa kasembadan.

?

?TAMAT?

?

Crita punika kula aturaken dhateng kadang mitra satresna siaran lelangen sedaya kemawon, kanthi atur : sugeng midhangetaken lan mangkeh sugeng sare.?

?

Nini Klenyem

?

?

?

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

One Response to Cacad

  1. Grat Surahman says:

    Sangat menarik, cerita ini mengandung kejutan yang oleh penulisnya dibuka pada saat yang tepat.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>