Tince Ayu Sing Songar

?

Ing kampung Cempedak, dhaerah kos-kosan tumrape bocah-bocah kos pendhatang sing padha sekolah utawa kuliah saka sanjabane kutha Bandung, Tince klebu dadi kembang lambene para jejaka klebu aku. Lha piye olehe ora? Wong si Tince ki jan ayu tenan. Ayu alami sing sempurna, ora merga make up. Ya bener dandan wong bocah saiki, ning mung samadya, ora menor lan berlebihan. Ewa semono jan ngedanke tenan. Jare kabare ya bocah saka Yogya padha aku, ning Yogya ngendi? Yogya kan jembar. Wis embuh kono, pokoke aku kudu kenal kaya kanca-kanca sing dha kos ing kampung kono.

Malam Minggu aku karo Teguh dikenalake mara dolan nang kos-kosane. Wih? jebul bocahe grapyak nyenengke, ora angkuh ora sengguh. Bareng wis omong-omong, dheweke kandha yen neng kene nyambut gawe neng bang, sisih restoran Sedap sing gedhe tur masakane pepak tenan. Malah akeh turis sing padha andhok ing kono, menikmati masakan ala Bandung sing sarwa pedhes lan asin kuwi. Neng kantor bang kono jare Ume sing dadi kepalane, karyawane yen jam makan siang ya pesen ing ristoran kuwi. Nalikane jagongan duaan aku takon :

?Tin genea kowe trima kos, kok ora neng omahe om mu wae?? Wangsulane karo mesem :

?Aku seneng bebas kok Un, ora tansah didekte omku. Om lan bulik kuwi terkenal olehe juweh, aku dadi wegah?, ngono wangsulane. Wiwit kenal, sore bali nyambut gawe Tince mesthi dolan neng kos-kosanku. Ora lali tansah nggawakke lawuh, sing kanggone cah kos lawuh kuwi larang regane. Mula rasane ketrima banget. Jare gaji saka ume kuwi rong yuta sesasi wutuh, mung kanggo awake dhewe. Mergane wong tuwane ing Yogya mono, jare konglomerat kanggone wong kono.

Aku ngadhepi wong ayu Tince, rasane kaya cilik guthik. Lha piye, kanggo kos karo mangan sesasi wae saka ngomah mung limangatusewu. Mula kerep-kerepe aku mung bisa tuku sega kucing utawa nasi rames ing warung emplek-emplek pinggir dalan.

Ning gandheng Ayu Tince sing tansah nyedhaki, mula aku ya njur biasa wae. Aku wis ora nduwe rasa minder lan jiguh pakewuh. Neng ati rasane sok malah bangga, dene ora tak goleki, ana wong ayu templek marang aku. Aku dadi GR lan tepuk dada.

Kancaku kuliah akeh sing dha pacaran karo kancane sa kampus, ning bocahe ya mung biasa-biasa wae, ora ana sing ayune kaya Tince. Aku pancen blaka suta karo Tince, yen aku mono mung anak guru, gek adhiku loro ya sekolah kabeh sing ateges mbutuhake wragad. Dadi uripe wong tuwaku ya mung pas-pasan ora kaya dheweke. Tak critani ngono mau, Tince mung mesem karo kandha :

?Ning, aku rak entuk ta nek nresnani mas Untoro?? ngono tembunge Aku mangsuli seneng, ning njur dadi salah tingkah kandhaku :

?Wah ya kena banget ta Tin, ning ya kuwi? aku mung anake wong mlarat sing kuliah wae durung rampung. Dadi blas ora bisa ngapa-ngapa. Kanggo mbales kabecikanmu wae, aku durung bisa.?

?Nek kuwi aja dipikir, Mas Un. Kabeh mau aku rila kok, tur rakya merga ana?. Wangsulane Tince penak. Suwe-suwe thukul rasa tresnaku neng dheweke, aku rumangsa kepotangan budi barang, gek njur suk kuwi apa sing arep ndak anggo males, aku isih durung ngerti.

Nganti semester akhir anggonku kekancan karo dheweke, ning aku ora wani ngandhakake rasa tresnaku, merga aku ngrumangsani yen kahananku sangisore dheweke adoh. Mung gumunku, sasuwene iki, dheweke kok ora tau kawetu karo aku yen arep tilik ngomah (wong tuwane), mangka olehku kekancan wis ana yen mung telung taun. Apa maneh kok rerasan, wong ngandhakake wong tuwane wae ora tau. Mangka yen aku, sasate angger libur mesthi ngemenke bali mulih. Sepisan kangen karo wong tuwa lan adhiku, pindhone ya nyuwun dhuwit kanggo kebutuhan-kebutuhan kuliah neng paran.

Aku dhewe ya gumun, denea sasuwene iki, aku ya ora tau takon, genea kok ora tau arerasan kepingin tilik wong tuwa utawa mulih. Rasaku ora tekan lan ora wani takon, mundhak diarani kepingin ngerti mungguh bab-bab sing sifate pribadhi. Apa maneh Tince kan biyen wis tau crita, nek wong tuwane kuwi konglomerat ing kampunge, gek Ume wae Kepala bang neng Bandung kene. Nek aku wani takon kuwi njur arep ngapa? Aku rumangsa yen ora sa level karo dheweke.

Ning biyen aku wis tau kandha, mbok nek isa aku digolekke gaweyan neng nggone Ume. Semono mau yen aku mengko wis rampung kuliahku. Tince mesem karo manthuk.

Yen Minggu aku lan Tince mesthi dolan, metu saka kos-kosan golek hawa seger neng papan-papan wisata. Aku mung tansah manut diajak neng ngendi wae, merga apa wae, sing nraktir mesthi Tince. Gumunku kuwi, janji ketemu wong lanang kok sajak wis akrap banget. Tak delok carane omong, sikape bebas banget sajak wis biasa. Yen aku takon, jare kuwi karyawane Ume ing kantor bang. Aku nggugu banget. Malah nalika aku wong loro neng parkiran arep mulih njupuk motor, jegagik ana wong lanang medhun saka sedan njur gapyuk ngrangkul Tince karo takon:

?Iki sapa Tin?? Wangsulane Tince gage :

?Iki rakya sedulurku saka Yogya.? Wong lanang mau njur ngatungake tangan ngajak salaman karo aku, ndak tampani. Tince gage kandha karo ngatungake epek-epek mlumah, tembunge :

?Om sanguku dolan nipis.? Karo ngrogoh sak, wong lanang mau kandha :

?Yoh?yoh? Rencanane dhek emben kae sida lho ya!? Dhuwit atusan ewon unthel-unthelan pindhah ing epek-epeke Tince, wong lanang mau bali mlebu mobil, mobil terus gleser-gleser bablas. Aku takon :

?Kuwi sapa Tin??

?Kuwi tangan kanane Omku, sing sok dikon ngecek dhuwit neng kantor-kantor cabang. Suk emben rak tugas neng Solo, dening Om, aku sing dikon ngancani.? Aku mung manthuk-manthuk ngandel.

Aku percaya banget yen Tince pancen saka keluarga sugih, mula aku ora wani aneh-aneh. Bubar ujian semester, aku mulih merga prei seminggu.

Bareng aku bali, lagi wae manyuk latar kos-kosan, aku dipethukke kancaku dikandhani ngene :

?Un, saungkurmu kae kancamu sing ayu kae lara, karo ibu kos dilebokke neng RS, semono uga forsekot RS ya ibu kos sing nyukupi dhisik. Wangsulanku :

?Apa ora ana sing ngubungi Ume ing kantor bang?? Wardi kancaku mangsuli :

?Lha sapa sing wani? Sing apa-apa ngerti mesthine rak ya mung kowe ta, Un??

?Ah Aku dhewe rak ya ra kabeh ngerti. Ya wis becike aku kancanana mbukak kamare Tince nggoleki surat-surat sing perlu kena kanggo ngurus RS, piye??

?Ya wis ayo tak kancani.? Sawise nyuwun idin lan kunci ibu kos, Untoro lan Wardi nggoleki surat-surat sing sekira dibutuhake. Sidane ing tumpukan klambi ngisor dhewe, nemu KTP. Nek fotone ya Tince, ning nggon nama tulisane Tumiyem alias Tumbu. Umur 25 tahun. Pandhudhuk Ponjong-Wonosari (Gunung Kidul) Yogya. Kejaba kuwi, uga layang-layang cinta sing wujud kencan karo pemuda sing diwadhahi tas kresek. Uga ing lempitan klambi tinemu buku rekening tabungan sing gedhene rong puluh yuta rupiyah.

Aku wong loro pandeng-pandengan, karo metu nggawa KTP lan layang-layang, uga buku tabungan sing bakal tak tuduhake neng bu kos. Ndadak nalika tekan ruang tamu, bu kos lagi nampa tamu ibu-ibu setengah sepuh, karo bocah enom sejajar Tince. Bareng aku nyedhak bu Kos ngendika :

?Nak Untoro, iki lho ibu bose mbak Tince sing kagungan rumah makan Sedap, kene ditepungake. Aku njur salaman karo tamu-tamu kuwi. Aku nyuwun pirsa :

?Lho mbak Tince rak ngasta wonten kantor bang ta, bu??

?Ora nak, dheweke kuwi wongku, lha mbak sing tak ajak iki kancane. Pancen, dheweke kuwi sing tak patah mlebu kantor bang, ngladeni sing padha langganan makan siang, mula ora mokal yen wis akeh karyawan bang sing dikenali.?

?Lha punika bu, kula manggih serat-serat punika mbok menawi kenging kangge urusan RS?, kandhaku karo ngaturke layang neng bu kos. Layang-layang dipirsani gentenan karo tamune nganti taneg, uga layang-layang kencan sing neng tas kresek. Janji bar maos, mesthi njur dha mesem. Nuli ngendikane ibu restoran Sedap neng ibu kos :

?Jeng, rumiyin lare punika inggih tilem wonten griya kula lan rencang-rencangipun estri, ning sareng sok remen medal dalu tanpa pamit, lajeng kula purih pados kos njawi, awit kula ajrih yen ngantos wonten bab-bab ingkang mboten sae.?

Oh?. atiku mak glong, saiki aku ngerti tenan, jebul Tince mung pelayan restoran, ning nyambi adol awak ngladeni wong-wong berduit. Layak uripe ngglenter, Bareng wis tutug oleha dha mirsani surat-surate Tince, bu Restoran ngendika :

?Nak Un, gandheng panjenengan kiya saka Yogya, mbok aku nyuwun tulung, nggoleki omahe wong tuwane Tince kuwi. Sepisan dicaosi pirsa yen Tince lara, pindhone diaturi methuk, mergane yen neng kene tumindhake ngono (nyleweng)?.. aku mesakake tembe mburine. Dene bab sangu nak Un, ibu sing nyukupi sisan kanggo ongkos wong tuwane Tince tekan kene. Dene Tince neng RS aku sing tanggung jawab wong kuwi karyawanku. Bab tabungan, yen Tince wis mari wenehna, ben mbesuk kena kanggo pawitan nyambut gawe neng omahe?.

Aku ora bisa mingkuh ming kudu saguh, mula aku ya ming sendika dhawuh.

Sawise ngulungi dhuwit limang atus ewu, ibu sing kagungan restoran mau njur pamit. Dene aku ya njur golek tiket kereta malam. Tekan Yogya, aku ora mampir mulih, ning langsung golek bis jurusan Wonosari. Tekan Ponjong ing pucuk gunung, aku takon wong nggoleki Tince saka dhusun Ponjong, ning kok ora padha ngerti. Bareng aku nuduhke KTP, lagi sing tak takoni dhong, kandhane : ?O nek niku kula ngertos, mas, ning namine Tumiyem, nek sami ngundang Tumbu. Lha niku griyane. Tumbu niku anake yu Wongso Jipun. Anak kalih, Tumbu kalih Tambir utawi Tariyem. Bapakne empun ngajal dangu nalika tasih alit-alit?.

Aku marani omah sing ditudingi. Ya ampun Tince? Tince?, kok bisa-bisane kandha yen wong tuwamu konglomerat. Lagi omahmu wae mung gedhek keri ambruke, kok swaramu sundhul langit dhuwure. Ngono batinku. Nalika aku mlebu ngomahe ditemoni mbokne neng lincak reyot. Bareng aku nyritakke mungguh wigatine tekaku, mbokne nangis ngguguk karo bola-bali nyebut anake tembunge pedhot-pedhot.

?E?.. Ya talah ta nok?., Tumbu? Tumbu?. jebul neng paran awakmu sara.? Krungu mbokne nangis, anake sing isih cilik utawa Tambir njur nyedak karo takon:

?Yu Tumbu neng ngapa ta mbok?? Mbokne ora wangsulan, anake dirakut karo isih nangis.

Wosing rembug, aku minangka utusane juragane Tince, pokoke dikon mboyongi mbokne methuk anake mulih. Bab wragat menyang mulih wis ditanggung. Tangise mbokne njur rada mendha. Wektu kuwi uga, mbokne tak kon tata-tata, terus tak ajak budhal, dene Tambir adhine Tince dititipke tanggane. Jroning ana kreta malam, karo liyer-liyer ngantuk, aku ngguyu dewe, kok semono kekendelane ngapusi? Tujune aku durung tau kelair apa-apa saka tutukku senajan biyen aku ana rasa tresna.

?Oh Tince? Tince?jebulane jenengmu Tumbu. Eman ayumu?., songarmu? sundhul langit, denea kok mung mbok anggo garan olehmu nyambut gawe nyambi adol awak.?

Tamat

?

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

One Response to Tince Ayu Sing Songar

  1. Willian says:

    Hi everyone! Perfect posting! I really like which you defined Tince Ayu Sing Songar .
    This site is top notch! My corporation is happy that I’ve
    thought it was. A lot of content interesting and well crafted .

    Will you furnish a handful parts of advice about find out
    how to develop way with words-at all? My business is the worst as an author and as a
    consequence it’s in particular problem now that tutors within our university constantly provide creating house work .

    Through the we now have be around world wide web sites like
    this one proofreading service reviews, Willian,
    which always causing research across many different composition
    developing program

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>