Tega Larane Ora Tega Patine

?

Narto lan Nardi putrane Pak Sastro mantan kades kuwi wiwit cilik pancen ora tau rukun. Dina-dina yen dhong neng ngomah, bocah loro kuwi tansah ana-ana wae sing marahi njur eyel-eyelan utawa ting bengkereng. Pokoke apa wae ora tau ana kecocokan siji lan sijine. Pak Sastro senajan duwe wibawa gedhe neng masyarakat, ning karo Narto lan Nardi babar pisan ora diwedeni. Luwih-luwih Nardi, sing yen usrek-usrekan karo kamase sok dibelani salah siji wong tuwane, dheweke dadi mbandhel kaworan nekat. Karepe kudu menang, watake angel dieluk, dikandhani bapak ibune kayane ora tau dirasakke. Ya bener meneng ora wangsulan, ning menenge meneng watu. Ora tau ngrasakke lan emoh nggugu, atine atos.

Ibune kerep wae mrebes mili yen dhong ngendikakke putrane si Narto lan Nardi karo ibu-ibu PKK yen dhong arisan. Daleme Pak Mantan Lurah Sastro pancen gedhe lan jembar, mula senajan wis ora ngasta kades, ning gandheng olehe mbangun bale desa durung rampung, kapeksane kegiatan-kegiatan desa isih manggon ing daleme.

Pak Sastro wiwit biyen apik penggalihe, momong rakyat ya pinter lan maju, ning gandheng kena peraturan nggon umur, mula ya kudu ganti (lereh). Narto lan Nardi putrane kuwi nggon kegiatan pemudha apa wae ya melu, mimpin organisasi ya dadi. Apa maneh karo tangga teparo ya apik lan supel srawunge, gek enthengan. Ning nggon kegiatan apa organisasi, janji ana Narto mesthi ora ana Nardi. Kabeh warga ya ngerteni yen bocah loro kuwi aktif kanggo kemajuan desa. Mung wong-wong ya dha ngerti, yen bocah loro kuwi ora padha rukun. Narto rumangsa yen luwih tuwa ya wis kerep ngalah, ning Nardi sing sok kebangeten anggone nekat lan manja karo wong tuwane.

Pak Sastro sekaliyan pancen keladuk anggone memanjakan putra. Lha piye, eling-eling putrane ya mung loro kuwi. Narto saiki wis SMA klas III lan Nardi klas I. Putra loro yen mundhutke apa-apa ya tansah dipadha supaya ora ana rasa kemeren. Pit montor, pakeyan, nganti tekan komputer wae ya diyasakke dhewe-dhewe. Mangka ing ngatase wis dha SMA sing jenenge ngumbahi setlika wae ya ora gelem, mangka ana mesin cuci. Dadi bu lurah angger rong ndina pisan ya nimbali Yu Sukem didhawuhi ngumbahi lan setlika.

Pak lurah sekalihan nganti judheg menggalihke putrane loro kuwi. Gek njur suk kapan anggone bisa rukun?, mangka saiki wayahe ya wis dha ndungkap diwasa. Kanca-kancane Narto lan Nardi yen dhong mara dolan, pak lurah apa putrine ya wis kerep ngendikani bocah-bocah mau, e yen bisa mbokya dha direwangi ngrukunake putrane bisane kaya wong-wong kuwi, rukun…… sayuk, mong kinemong karo sedulure. Pak Sastro sok meri yen ana wong nduwe anak nganti pitu…. apa malah wolu, mangka kahanane ya malah kepara kurang, ning anak-anake kok padha nriman rukun lan manut-manut karo wong tuwane. Denea anggone mbudidaya kaya-kaya ya wis ora kurang, ning mung kepingin anake padha rukun wae kok kangelan tenan. Yen wis tekan kono anggone menggalih, pak lurah sok njur mung unjal ambegan karo ngelus dhadha. Batine muga-muga putrane ndang padha sadhar, piyambake pinaringan sabar lan tabah ngadhepi putra-putrane.

Narto saiki rada sibuk merga tambah les bareng neng sekolahan kanggo ngadhepi ujian akhir tahun. Nggon tanggung jawab marang sekolahe, Narto pancen nyengkut banget. Ana sawatara kegiatan pemuda lan kampung sing ditinggal, saperlu nggelak sinaune supaya lulus lan enggal ganti sekolahan neng kampus, alias kuliah. Narto kepingin banget gawe mareme wong tuwane.

Semono uga Nardi, dheweke ya sibuk ngadhepi ulangan umum kanggo unggah-unggahan. Dadi bocah loro kuwi saiki arang-arang neng ngomah merga kesibukane dhewe-dhewe. Pak lurah sekalihan, mirsani anggona padha tumemen sinau, penggalihe mongkok banget. Saora-orane bakal nggawa keberhasilane dhewe-dhewe, wong tuwa ora perlu nyurung-nyurung anak sing sok njur marahi geseh panemu.

Akeh wae wong tuwa sing merga kerepe ngelingake lan tutur sok njur diunekake juweh. Sing sejatine ngemu kekarepan becik.

Ngendi ana wong tuwa sing arep negakake………. njlomprongake……… lan seneng yen nyawang anak sengsara? Mesthi ora ana. Kabeh wong tuwa nduwe gegandhangan supaya mengkone anake nemu kamulyan.

Jaman saiki pengaruh lingkungan kuwi gedhe banget. Sing kerep wae wong tuwa wis direwangi juweh….. njinggleng anggone ngawasi, temen-temen anggone ngragati, ning anak ndleya. Ngerti-ngerti wong tuwa dipanggil neng kantor polisi merga anake gelut (tawuran), konangan olehe padha pista narkoba lan isih akeh maneh tunggale. Wis ta dadi wong tuwa saiki, yen ora waspada tenan, nduwe anak wis diwasa kuwi mung tansah melang-melang terus. Ngono wae yen dituturi anak malah wani sekecap padha sekecap utawa menthelengi wong tuwa. Hara nek wong tuwa lara ati tenan, njur ngucap utawa ndongakke ala, piye yen mengkone nemahi?

Mangka jaman cilikane penulis biyen, O……… yen karo wong tuwa kuwi wedine kepati. Wis ngajeni isih kudu bekti lan sendika kabeh dhawuhe. Kuwi biyen. Ning cah saiki nek dicritani ngono kuwi jarene…… kuno.

Esuk kuwi, Narto lan Nardi wis padha budhal sekolah kaya saben dinane. Narto ujian, Nardi ulangan umum. Lagi kira-kira jam sewelas, Nardi wis mulih, nuli didangu ibune :

?Di, kowe ulangan umum yah mene kok wis bali, Le?? Wangsulane Nardi :

?Garapan kula empun rampung dhisik dhewe kok Bu, mulane kula nggih njur mantuk. Ning kantun sedinten sesuk, njur empun. Keri ngentosi pengumuman unggah-unggahan.?

?Ya syukur ta Le, nek kowe mesthekake munggah, dadi wong tuwa kuwi marem.? Rampung didangu ibune, Nardi njur klithih-klithih neng meja dhahar ma?em. Pirsa anggone mangan putrane Bu Sastro marem, dene kok dhokoh lan ndemenakake. Bubar nggawa ajang digawa neng mburi, terus wisuh nyedhak ibune karo matur :

?Bu, kula tak tilem nggih, mangkih jam kalih digugah ajeng bali teng sekolahan sinau Matematika bareng-bareng kalih kanca-kanca ngge sesuk, ulangan hari terakhir.?

?Yoh Le, muga-muga Ibu ora lali.? Ngono wangsulane Bu Sastro.

Kira-kra jam setengah loro, Narto teka saka sekolah. Rampung nyelehke tas lan salin, terus njupuk piring mangan. Sawise iku nyedhak ibune karo matur :

?Bu, ujian kula empun rampung dinten niki, ning mangkeh jam gangsal, kula angsal undhangan ulang tahun kanca kula. Mangkeh nyuwun arta ngge tumbas kadho nggih, Bu.?

Nek nggo tuku kadho kuwi pira, Le??

?Ha enggih satus napa pitung puluh lima, Bu, kira-kira kena ngge tuku kaos, lan motore nggih empun njaluk diisi.?

?Walah wong lagi rong dina kokya wis asat.? Ngendikane Bu Sastro karo ngulungi atusan salembar karo Narto. Karo nampani dhuwit Narto terus mlebu kamare turu.

Bu Sastro mono priyayi sing ora remen nganggur. Putra-putrane neng kamar dha turu, panjenengane masang-masang benik pothol ageme sing kakung, terus ngrampungke olehe gawe taplak. Bareng setengah loro, Nardi digugah. Bocahe ya njur adus lan dandan, kelingan anggone wis janji karo kancane, bali neng sekolahan sinau bareng-bareng. Sawise nyiling banyu putih diombe, nyaut tas njur marani motor.

Ya ampun…. lo kok jebulane ban ngarep motore kempes pes. Embuh kena apa, Nardi ora nglegewa. Ngiling-ilingi jam mung keri kurang sepuluh menit. Gek piye iki, batine. Ing sisihe ana motore Narto kamase. Ning bareng ditiliki bensine jebul asat. Tanpa mikir dawa, Nardi nyedhaki ibune terus matur :

?Bu nyuwun dhuwit nggo bensin, Bu.?

?Ha…… kok cepet banget entek ta Le, rak lagi wingi sore ta olehmu nyuwun?? Nardi ora mangsuli pitakon, ning semu nggedhag kandhane :

?Gek empun ta, Bu, selak jam niki, anu Bu ngge sak liter mawon.? Gelem ora gelem Bu Sastro gage maringi dhuwit sepuluh ewu karo Nardi. Nyaut dhuwit, Nardi terus nuntun pite kamase metu. Bu Sastro ora nglegewa yen sing digawa pite kamase. Tekan pojok desa wis ana Sardi bakul bensin, banjur diisi rong liter. Motor gage dislah njur bleber… sedhela maneh wis ora katon.

Saungkure Nardi, kira-kira jam telu Narto tangi terus neng kamar mandhi arep adus, ning jebul lagi diagem siram bapake. Nalika Pak Sastro metu pirsa Nardi wis kalung andhuk njur didangu :

?Arep neng ngendi, To, adusmu kok mruput??

?Onten undangan Ultah kanca kula, Pak, mangkih jam gangsal, ning kula rak kedah pados kadho riyin.?

?Wis nyuwun dhuwit ibumu pa??

?Empun Pak wau empun diparingi.?

Rampung adus lan dandan, Narto memburi marani motore… jegagik kok ora ana. Sing ana motore Nardi, bensine lokak sithik ning bane ngarep kempes…… pes. Sajake kena paku. Sanalika atine jengkel, njur muring-muring dhewe mesthekake yen Nardi sing nggawa motore. Bapak ibune krungu yen Narto muring-muring mangka Nardi ora ana, bapakne ndangu :

?Kowe ki nesu karo sapa To??

?Nggih kalih bedhes elek Nardi niku, Pak. Wong motore dhewe kempes bane, nggawa theke uwong kok mboten omong. Ya endah-endah cah edan, muga-muga neng ndalan tabrakan ben modar sisan.? Tembunge ala mbrubul saka tutuke, sing gage dicandhet bapake nyentak :

?E To!, tembungmu kuwi keladuk, poma-dipoma aja dibaleni ya!. Nek pujimu kuwi numusi piye atimu kelangan sedulur? Aku ibumu ya bakal susah. Kowe seneng nek wong tuwamu susah njur cepet mati??

Klakep Narto meneng, wedi lan getun marang ucape sing wis kebanjur. Kanggo nyapih dukane bapake, Narto nuntun motore Nardi metu tumuju bengkel cedhake Sardi adol bensin, ditambalke. Nyatane ya pancen kena paku tenan. Ora nganti setengah jam wis rampung. Sire Narto arep neng toko pakeyan golek kaos dalem kanggo kadho. Ning pas tekan setopan gantung lampu abang, kepeksa Narto mandheg.

Dumadakan mak brubut…… ana….. motor nekat mbradhat banter senajan ngerti lampu abang. Ndadak let sedhela keprungu swara, swara mak grobyak sero banget. Byuk…… wong-wong ngrubung kurban, sing ndadekake dalan macet. Narto melu nyedhaki, ning ya ra isa weruh si kurban merga akehe wong sing nonton. Let sedhela ana mobil patroli teka sing banjur ngangkut korban mau. Narto takon tukang becak sing melu ngunggahke kurban neng mobil patroli. Wangsulane tukang becak karo santai :

?Biasa Mas, cah enom sing dha seneng yak yakan, kaya dalane mbahne, paling cah wau nika mabuk, tur ketoke mboten ngukup wong sirahe empun ndledeg getih metu terus. Lha nika aspalan nggene le tiba empun lambah-lambah getih.? Mobil patroli wis mangkat nggawa kurban neng RS, ning motor isih nyekangkang neng pinggir dalan, mesthine ngenteni mobil sing ngangkut motor mau neng Kantor Polisi.

Narto nyedhak….. Wusana mak pet pandelenge bareng ngerti nomere motor. Awake dredheg, karo nrocos luhe. Ndudut HP ne, SMS bapakne supaya teka neng setopan gantung. Narto ngabari yen Nardi nemu kacilakan. Ora nganti sepuluh menit bapakne teka, gage Narto ngrakut bapakne karo matur :

?Pak……. kula nyuwun ngapura anggen kula ndongakke awon Nardi wau nggih Pak…… Oh Pak, nyuwun ngapura, mugi-mugi Nardi tasih diparingi wilujeng pak……? Karo muwun Pak Sastro ngendika :

?Wis……. ayo Le, ben luwih cetha awake dhewe njujug wae neng kantor polisi. Wong loro banjur tumuju neng kantor polisi. Neng kana nunggu keterangan polisi sing saka RS. Jroning padha nunggu, ndadak ana polisi nggandheng jejaka cilik mlebu kantor polisi njujuk ing ruang laporan kehilangan. Pak Sastro lan Narto ora pangling yen sing digandheng kuwi Nardi, wusana banjur padha marani. Narto mlayu ndhisiki bapakne karo ngundang sero :

?Di…….! Nardi……….! rak bener ta kowe Nardi?? Sing diundang mengo kaget karo mangsuli uga sero :

?Bener Mas Narto, aku…….. Nardi adhimu.? Nardi menyat ngathungake tangane. Bareng wis cedhak terus kandha karo nangis :

?Apuranen aku ya, Mas, aku nggawa motormu ora nembung, ning jebul tak tinggal mlebu toko tuku pulpen, dibandrek maling. Saiki motormu ilang, Mas, aku mrene iki saperlu lapor polisi.? Swarane pedhot-pedhot merga tangise, sinartan rasa keduwung jroning ati.

?Wis…… wis Di, ning kowe rak slamet ta?? Durung nganti Nardi wangsulan, ana mobil polisi momot motor, jare karo pengendharane dianggo nabrak setum mandheg, mangka kanthi kecepatan dhuwur. Pengendharane (kurban kecelakaan) wis diangkut neng RS. Narto gage kandha karo polisi sing ana kono :

?O iya Pak, saya tadi melihat. Setelah saya lihat nomer motor, saya tau bahwa itu motor saya yang dibawa adhik saya ini.? Nardi cepet-cepet sambung kandhane Narto :

?Iya Pak, saya ke sini mau laporan, bahwa motor saya hilang di muka toko buku dan alat-alat tulis di Jl. Garuda, Pak. Dan saya tau betul, bahwa yang baru masuk dibawa mobil polisi itu motor kakak saya ini, Pak, saya yang bawa.?

?Oh…… ya……… ya…… sini kalian duduk dulu, kami dari pihak kepolisian ingin mendengarkan laporan kalian.? Kandhane salah sijine polisi. Narto, Nardi lan bapakne banjur padha lungguh. Nardi sing crita, Narto lan bapakne ngedhongi. Neng kono akeh polisi sing padha melu ngrungokake. Wusana komandhane polisi ngendhika :

?Lha sekarang mau kaliyan gimana?? Pitakonan mau Pak Sastro sing mangsuli :

?Sudah Pak, anak saya ndak apa-apa, motor masih, saya sudah trima. Biar kerusakan kami tanggung sendiri. Dan masalah pencurinya yang di RS terserah Bapak Polisi.?

?O…… kalau begitu, bawa dan tunjukkan surat-surat tanda bukti, motor boleh diambil kapan saja.? Sawise iku wong telu pamit, lan kabeh salaman karo polisi sing padha ana kono. Tekan ngomah, Pak sastro nggandheng anake loro, sawise lungguh banjur didangu :

?Narto lan kowe Nardi, wiwit saiki kowe padha saguh gelem rukun ora?? Bocah loro mangsuli bareng karo groyok nahan tangise.

?Purun Pak.? Bubar mangsuli ngono padha sesalaman, nangis karo rangkul-rangkulan. Pak sastro ngendika :

?To, lan kowe Di, sedulur mono becik sing padha rukun. Awit senajan tega larane ning ora bakal tega patine. Semono uga kosok balen, tega patine ning ora tega larane.? Bocah loro iku manthuk-manthuk nyendhikani dhawuhe bapakne. Ya wiwit iku, Narto lan Nardi tansah katon rukun. Neng ngendi-endi bocah loro iku tansah bebarengan.

Tamat

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>