Srakah

?

Sapa ora ngerti lan sapa ora weruh, yen pak Lurah Glondhong (mantan Lurah) Harjobirowo kuwi sugih-sugihe wong sak kukuban Banyumeneng kono.

Omahe gedhong magrong-magrong tunggal sadesa wae ana telu. Siji kanggo manggon garwo lan putra-putrane, siji kanggo dalem ngiras bale desa. Sing siji, ngarep ya sok dilenggahi, sisih mburi di sewak-sewakake kanggo bakul-bakul neneka, sing teka saka kutha liya, padha neba nggolek rejeki. Durung omah-omahe ing desa liya isih ana.

Dene bareng wis lereh, sing kagem bale desa ya isih tetep di gunakake, kanthi disewa dening Desa.

Pak Harjo wonge pancen sembada, gagah pideksa, brengos kandel mimbuhi saya katon wibawane. Loma dedana marang andhahane sing kecingkrangan. Enthengan melu kiprah menggalihke kanggo ajuning desane, senajan wis lereh kalenggahan.

Karo warga desa, pak Harjo wiwit isih ngasta Lurah tekane saiki wis lereh, tetep ditresnani. Apa penggalihane sing di ajokke jroning rapat warga pleno, karo warga mesthi disarujuki. Dhasar ya ora mung udhu abab, ana bobol borote pak Harjo ora wigah-wigih tombok.

Ning ya kuwi, sing jeneng menungsa urip ing ndonya iki ora ana sing sampurna. Sing ala banget ya mesthi ana apike. Sing apik banget ya mesthi ana alane utawa kekurangane. Semono uga pak Harjo, wong sing padha dieringi, diajeni kuwi ya nduwe karingkikan. Dene sing padha dingerteni kuwi, angger ana wanita ayu, tingale pak Harjo dadi ijo.

Luwih-luwih wanita sing isih legan, ayu tur wani tampil ing ngarepe wong akeh. Selagine bu Harjo kuwi biyen ya sekretarise pak Harjo piyambak. Merga pinter mimpin rapat-rapat PKK neng bidang kesehatan klebu KB, Balita, bu Harjo mesthi kagungan ide-ide sing hebat. Pak Harjo dadi kepencut.

Jebul sidane mundur nilar kalenggahan minangka sekretaris, merga bu Harjo bobot sadurunge kromo. Sing jebulane karo Lurahe dhewe, lan ya njur dinikah dening Pak Lurah. Saiki Bu Harjo ndhampingi Pak Lurah ora minangka sekretaris, ning minangka garwa. Kahanan ya lumaku lancar, dene sing ngganti minangka sekretaris desa saiki Sumbada, sawijining mahasiswa semester telu Sosiologi. Mandheg, merga kasandhung bab wragad.

Bocah iki pinter ngladeni atine warga sing werna-werna karepe. Nalika iku ngadhepi perayaan pitulasan Agustus, sing wong-wong ing kukuban kono mesthi nganakake rame-rame,senajan mung cilik-cilikan.

Asiling rapat warga, kanggo nglestarekake seni tradhisionil tilarane para leluhur nemtokake, yen desa Banyumeneng kono bakal nganakake ketoprakan. Kanthi arep ngundang paraga-paraga kethoprak sing wis kondhang jenenge.

Dene bab wragad kabeh warga saguh nyengkuyung manut kekuwatane. Sumbodo saguh golek seniwatine, sing ancase arep marani Srini saka ISI tilas kancane sing omahe ing Gilangsari.

Pak Utomo, Lurah penggantine pak Harjo mono isih bocah, wong karo Sumbodo umure ya mung undha-undhi, mula ya mung nayogyani wae apa karepe warga. Dheweke tansah nyedhaki pak Harjo, kepingin sinau mungguh carane momong wong-wong sing dadi reh-rehane. Denea, pak Harjo kok tinresnan ing warga.

Dinane mengeti ambal warsane negara saya cedhak, mula panitia lan wong-wong sing baku wis padha samekta ing karya. Ora baen-baen, pak Harjo nyumbang consumsi kanggo kethoprakan iku mau kabeh.

Dene lakon sing dijupuk yaiku babat Tuban. Sri Huning, sing digladhi perang dening ramane merga duwe bakat prajurit sing makantar-kantar, kanyata bisa gawe gawok lan ereme sing padha nonton.

Dhasar Srini pinter bela dhiri merga ya kursus. Uga adegan romane ya nges, sing ora banget keganggu ing gecul (abdi), sing racake njuwarehi, sok nganti gawe mangkel atine penonton, merga anggone kliwat kepingin digeguyu mangka ora lucu.

Pak Harjo ngowoh pirsa kridhane Srini sing Nyrikandhi kuwi.

Ya lumrah, dhasar pendhidikan panggung. Bocahe ayu luwes mrakati, ning yen wis keras, swarane lantang merbawani, bisa gawe penonton cep klakep … katrem karo solah bawane Srini sing galak.

Ora tanggung-tanggung, pentas iku bubare nganti setengah lima esuk, ewadene penontone ora padha mingsat. Kabeh rumangsa marem.

Dina-dina bubar pentas, Srini isih dadi rembug, dialem, dicatur bab kuwasisane, bab ayu lan luwes kewese, ana ing panggung.

Malah pak Harjo dhewe ya kober takon Sumbodo, ngendi omahe Srini ? Malah sabubare pentas, pak Harjo kondur mundhut mobile, jare piyambake sing arep ngeterke mulih Srini.

Sumbodo malah rumangsa kebenaran. Ya wiwit iku, pak Harjo sing kadunungan watak thukmis mau, bareng wis takon lan ngerti nomer HPne Srini, kerep banget ngebel.

Sabanjure masalah pribadi mono, ya mung pak Lurah lan Srini sing ngerti.

Setengah taun sabubare pentas, ing wayah bubar surup, ing daleme pak Harjo ana mobil kijang biru mlebu ing pekarangan, mandheg ing latar. Yen di waspadakke kaya dene tamu, sing priyayine kabeh ana lima. Mangka wektu kuwi pak Harjo wis tindak Mbale Desa sing saperlu ngestreni undhangan rapat. Mula sing nampa ya mung bu Harjo dhewe.

Jebulane, tamu mau sing ora liya bapak ibune Srini, pak RT, RW, lan pak kadus Gilangsari sing arep sowan pak Harjo. Gandheng ora ketemu, mula kepaksane tamu mau matur marang bu Harjo. Dhasare bu Harjo ya ngendika, yen penting lan percaya, bu Harjo saguh di welingi mengko bakal diaturake garwane.

Tamu-tamu mau bareng ditinggal bu Harjo memburi gawe unjukan, njur padha rembugan pating klesik, wusana njur padha manthuk-manthuk lan setuju. Ora suwe bu Harjo wis metu ngasta nampan isi unjukan lan nyamikan nuli ngendikane kanthi grapyak lan sumanak.

?Mangga lho pak … bu, dipun unjuk kagem jampi salit, ngiras nengga konduripun bapak saking rapat?.

?Inggih bu, inggih?. Wong-wong mau banjur padha ngunjuk lan dhahar nyamikan sing di suguhake. Wis nganti meh karo tengah jam tamu-tamu mau anggone ngenteni, ning nyatane pak Harjo durung bali, mula banjur weling bu Harjo, yen garwane di aturi tindak Gilangsari. Jare tamune, pak Harjo mesthi wis pirsa. Bu Harjo uga nginggihi.

Sawise iku tamune banjur padha pamit kondur. Lagi wae tamune mungkur, pak Harjo njedhul bali saka rapat. Ature bu Harjo

?Pak, iki mau ana tamu kakung putri, ngenteni kondure bapak nganti sawetara, ning kanyata bapak ora njur kondur. Wusanane tamu mau njur pamit karo ninggal weling, yen sacepete bapak diaturi rawuh neng desa Gilangsari.

?Kuwi urusan apa ta, Pak ??

?Apa kowe mau ara takon kaperluane apa, ta bune ??

?Ora pak, wong aku ya kandha, nek arep weling, aku ya saguh. Ning tamu mau mung weling yen bapak diaturi tindak neng Gilangsari?

?Oh yoh?. Ngono kandhane pak Harjo karo terus tindak memburi. Let rong ndina pak Harjo pancen tindakan ya ora pamit garwane. Bu Harjo ya ora pati mikir, wong pak Harjo nek tindakan ya ora tau pamit. Mung bareng wis wayu dina, sawijining sore nalika padha lelungguhan, pak Harjo kandha :

?Bune !?

?Aku tak kandha ya, ning aku njaluk ngapura sadurunge, kowe aja nesu?.

?Arep kandha apa ta pak ?? Pitakone bu Harjo penasaran.

?Ngene bu, tamu dhek emben kae bapak lan ibune Srini, pak RT, RW, lan dhukuh Gilangsari. Sing surasane njaluk tanggung jawabku, merga Srini saiki wis ngadheg telung sasi.?

Bu Harjo kaget, njomblak karo pitakon sereng.

?Pak, dadi sampeyan ki ya isih kaya dhek enom ta ? Kaya tumindak sampeyan marang aku. Srini pancen ledhek ayu pak, tur sekolah dhuwur pisan, ya wis, aku sampeyan pegat …… anak tak gawa ……?. Kandhane bu Harjo wis karo nangis mingsek-mingsek. Atine rontang-ranting, rumangsa di tangdhing-tandhingngake. Pak Harjo kandha kanthi sareh :

?Bune, kowe ora bakal tak pegat, kowe tetep bojoku, ora kena lunga saka kene. Aja samar, Srini ora bakal ngrusuhi kowe, dheweke wis tak omahake ing Perum. Argosari sing wis sawetara tak tuku. Srini kepeksane pancen kudu tak nikah bune, merga sing digembol kuwi pancen anakku.? Krungu kandhane kakunge, bu Harjo bisane mung nangis lan nangis. Mergane wis apal karo watake kakunge, yen nduwe karep ora kena di endhakake. Saiki yakin tenan, yen pak Harjo pancen nduwe watak thukmis. Ora bisa anteng yen nyawang wong ayu, luwih-luwih sing nduwe keistimewaan.

Kabar bab pak Harjo ngrabi Srini, sripanggung dhek jaman pitulasan wis sumebar, ning wong njur arep ngapa ?, wong kuwi hake pak Harjo sing dhasare sugih, bisa nyembadani wong wadon, upomoa arep rabi pira wae.

Wis biasa …… yen kabar mono mung ubur sawetara, suwe-suwe ya sirep dhewe. Pancen, desa sing biyen dadi reh-rehhane pak Harjo kuwi, bocah-bocah pemudha lan pemudhine pinter-pinter. Kanyata barang saiki wis padha dewasa, akeh sing padha dadi wong (karyawan utawa pegawe negeri) sing padha duwe gelar.

Malah akeh uga sing banjur ninggal wutah getihe. Makarya ing kutha liya, merga pangalamare gaweyan di tampa lan dibenum neng paran.

Kaya dene Sunyoto putune mbah Prawiro, sing saiki makaryo ing Bandung, sing wis pitung taun suwene. Pendhak sasi tansah bisa ngirimi wong tuwane, mangka jare saiki wis rabi entuk mojang Priyangan.

Nalika cuti, Sunyoto mulih ngiras ngenalke bojone marang sedulur-sedulure. Pranyata bojone ayune ulang-ulangan. Dhasar dhuwur, kulite putih, rambute ikal, gek ya murah esem, grapyak sumanak.

Jarene Nyoto anggone njupuk cuti merga bojone lara-laranen wae merga ngangkati (ngidam). Mula niyate arep dititipke ngomah dhisik, mbesuk yen wis mari arep dijupuk.

Tenan, Nyoto bali makarya bojone di tinggal. Sedina rong ndina, ilir tangga teparo cedhak padha mara ngaruhake sisan tetepungan. Racake pancen padha ngalem marang kasulistyane bojone Nyoto.

Semono uga pak Harjo sekaliyan uga teka ngendhangi warga anyar mau. Mbah Pawiro ya kandha karo tangga teparo, yen bojone Nyoto di tinggal merga lagi lara (ngidam). Mbesuk yen wis doyan mangan lan mari, ngomah kon ngabari, Nyoto arep mulih methuk bojone.

Maklum, ngandheg sepisanan, dadi ya lumrah yen isih rewel. Pendhak dina Kemis, Bale Desa ana pemeriksaan wanita hamil lan balita. Yayah, ngono jenenge bojone Nyoto mau mesti di terke mbokne Nyoto mriksakke. Ngono mau pisan pindho, sabanjure menyang dhewe.

Ing wektu-wektu kaya ngono iku, pak Harjo sok ndhampingi pak Lurah lan pak kadhus sing hadir ing Bale Desa.

Dhasar ayu bobot enom, ya wektu kaya ngono iku kasalistyane wanita sing katon sempurna. Pak Harjo anggone ndeleng mleleng kaya bandeng panyawange. Mripate dadi ijo, kala menjinge munggah mudhun, saupama rupa anggur …… mendah segere upama diceplus.

Yen Yayah wis rampung dipirsa lan mulih, pak Harjo ya njur ora jenak neng mbale.

Sabanjure, saiki pak Harjo kerep sanja neng nggone mbah Prawiro ya mung saperlu jagongan. Ya nalika Yayah sok di kongkon mara tuwane ngladekke wedhang kuwi, pak Harjo sok njur ngajak omong-omong Yayah, kandhane :

?Yah !, becike, sepisan-sepisan kandhutanmu kuwi dipirsakke neng Dokter, ben ngerti tenan kahanane bayimu, rak enggih ta pak Prawiro ??

?Enggih pak Harjo, ning teng Dokter niku rak nggih awis ongkose, mangka kedah numpak bis napa. Gek si dhenok niku dereng patos doyan mangan, taksih mutah-mutah mawon.?

?Nek niku rak gampil ta pak Prawiro, ngangge mobil kula rak saget. Mangke kula purun ngeterke, kula setir kiyambak.? Pak Harjo tawa jasa.

?O yen ngaten nggih matur nuwun sak derenge, pak Harjo.? Kadhane mbah Prawiro bungah.

?Ha njur njing napa, kula tak mruput mriki.?

?Kapan Yah, bisamu ??, pitakone mbah Prawiro.

?Kula manut kersane simbah mawon.?

?Nginjing niku dintene Jum?at, niku hari pendhek, pripun nek Sabtu mawon, pak Harjo ??

?Sabtu nggih prayogi pak Prawiro, kula tak mriki mruput, perlune angsal nomer alit, mangkeh ndang saget wangsul.?

?O … nggih, kula ndherek mawon.?

?O enggih pak Prawiro, sakniki napa sing saget ditendha wayahe, si Yayah, sing mboten marahi mutah ??

?Anu pak Harjo, criyose mbah wedok niku, mung bangsane buah-buahan.?

?O nggih yen ngaten, kula sakniki tak nyuwun pamit.? Tekan ngomah, pak Harjo kandha bojone :

?Bune, aku ki kok rada wegang mangan, mbok tukokno apel apa anggur naka sekilo, selehna kulkas tak nggone sautan?.

?Ha mbok iya ta pak?, bu Harjo mono manutan, apa pakone bojone diestokake. Mangka sejatine buah mau mung digemboli diwenehake Yayah.

Mung gumune bu Harjo, saiki pendhak sore kakunge kok mesthi tindakan, baline mesthi wis bengi. Nek neng perum Argosari jelas ora, wong omahe Srini kuwi adoh, gek mobile ya neng ngomah.

Dina Sabtu esuk, pak Harjo wis mlithit ngetokke mobile. Kanthi nilapke sing putri sing lagi ubeg neng pawon, pak Harjo nggleser ngampiri Yayah tumuju ing rumah sakit kutha, mirsakke.

Yayah dikon lungguh sopiran manut wae. Lakune mobil dijarag lon-lonan, jare mundhak Yayah mutah-mutah.

Atine pak Harjo bungah ngayang batin, kaya jaka nyandhing prawan kekasihe. Tekan rumah sakit, mudhune Yayah saka mobil dicekeli … didhabyang … direngkuh kebak greget.

Disawang wong akeh, pak Harjo rumangsa mongkok bisa ngrengkuh wong ayu. Baline esih esuk, Yayah diajak mimpir neng rumah makan jajan. Apa wae sing Yayah ditari manthuk, pak Harjo aba mbungkusake digawa mulih. Karo omong-omongan mangan, pak Harjo takon :

?Kowe kok ora nganggo hiasan emas ta Yah ??.

?Lha mas Nyoto dereng saget numbasken kok pak?.

?Gelem pa tak tukokke ?, ning ya kuwi rasah kandha sapa-sapa nek aku sing weweh !?. Kandha ngono mau, pak Harjo karo ngelus-elus gegere Yayah. Yayah ya ora suwala, diarani ya mung kaya wong tuwa marang anake.

Pak Harjo notol atine, terus kandha :

?Suk emben bengi nek aku sanja, tak gawakke ali-ali karo kalung ya Yah, minangka kejutan tak selehne neng kamarmu. Uga karo buah karemanmu. Kamarmu rakya gandheng kamar tamu sing jendhelane pas dalan kaeta ??

?Inggih, pak?. Yayah ditari apa wae anane mung inggih lan inggih.

Mangka sejatine wiwit mikir, wong kok olehe loma, apikan lan kawigaten. Apa wong iki isih sedulure ? Gandheng atine kebak tandha pitakon, mulane mengko yen wis ana ngomah, arep takon marang mbokne mara tuwa, lan arep crita mungguh keapikane pak Harjo marang dheweke. Ning iba kagete, bareng mara tuwane wadon kandha :

?Nok Yah, wiwit saiki kowe aja cedhak-cedhak karo pak Harjo, kae ki wong lanang thukmis. Angger weruh wong wadon ayu njur ngoncit. Coba titenana, saiki meh saben bengi mara rene njagongi mbahmu kakung, saben-saben nggawakke woh-wohan kesenenganmu sing regane larang. Malah ngeterke kowe mirsakke barang kuwi, langka nek dheweke ora nduwe pamrih. Mangka dudu sanak dudu kadang. Aku Yah, sing dipasrahi bojomu njaga keslametanmu, mula kowe kudu ngati-ati.?

Bareng mara tuwane wis kandha ngono, Yayah malah crita kabeh bab anggone pak Harjo arep menehi ali-ali karo kalung sing arep diseleh ing kamare minangka kejutan.

Mara tuwane saya ketir-ketir atine mesthekake, yen pak Harjo ana karep sing ora becik marang Yayah, mula anggone njaga Yayah saya tenanan. Saiki turune mara tuwane ngalih ing ngarep kamare Yayah. Yayah ya luwih rumangsa tentrem.

Wiwit sore grimis riwis-riwis, mula isih sore Yayah wis mapan turu, semono uga mara tuwane.

Kira-kira tengah wengi mbokne mara tuwa nglilir, merga krungu swara krudhak-krudhek ing jendhelane Yayah sing tanpa teralis kuwi, kaya wong mbukak utawa nutup jendhela. Let sedhela sepi, mung keprungu kumleseting sikil ing kamare mantune. Apa Yayah nglilir ? Dideleng katon saka ndhuwur, kamare isih padhang. Mula mbokne banjur tangi, alon-alon nyedhaki lawang, nginjen saka bolongane kunci.

Ya ampun …., iba kagete bareng weruh Yayah turu pules ing dhipane, ing sisihe lungguh nunggoni wong lanang nganggo sarung kothak-kothak, sing lagi ngiling-ilingi raine Yayah, karo tangane mbukak-mbukak kemule.

Wong lanang mau lungguhe ngungkurke pernahe lawang, dadi mara tuwane Yayah ora ngerti sapa wong kuwi.

Dheweke mung banjur mbengok-mbengok sakrosane alok maling. Yayah kaget banjur nglilir, mbukak lawang kamar terus nubruk mara tuwane, dene pawongan mau mbukak jendhela ungkak-ungkek arep mlayu.

Lagi wae anjlog saka jendhela, wis tinampan ing warga sing terus ngrencak (diajar) nganti ora bisa apa-apa. Bareng wis ora obah-obah wong-wong lagi padha leren.

Iba kagete, bareng salah siji warga mau ana sing nyenteri raine.Gandrik….. jebul pak Harjo …. wong sing dieringi ing kukuban kono. Bu Harjo, polisi, gage dikabari. Pak Harjo cepetan digawa nganggo mobil neng Rumah Sakit. Eman, tekan kana njur ora ana, merga jare tatune pancen abot. Jisime tumuli digawa bali mulih. Salah sijine warga ana sing ketrucut guneme rada sero ngene : ?Jeneh, dadi uwong kok srakah, thukmis, angger ana wong ayu kok mesthi arep dialap?. Wong-wong liyane mung padha manthuk-manthuk. Ketara yen mbenerake kandhane kancane mau.

T A M A T

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>