Setya Ing Janji

?

Dhek biyen ing desa Bendhoagung, ana sawijining sudagar sing sugih banget. Sawahe pirang-pirang hektar neng dhaerah sing adoh saka omahe, olehe lelang wong tuwane dhek isih urip. Mula ora mokal yen sugihe ora mekakat, kejaba entuk warisan saka wong tuwane, pak Sudagar kuwi dhewe ya ulet nyambut gawe, lan ubet anggone laku dedagangan.

Pak Sudagar mau jenenge pak Harjo Utama, jumbuh karo wonge sing becik bebudene, tinresnan ing tangga teparo lan para buruh-buruhe.

Eman, pak Harjo sing wis ndungkap tuwa iku urip ndhudha, trima momong anake lanang sing ontang-anting kuwi, sing saiki wis umur limalas tauh, jenenge Prawoto. Bojone ngajal konduran ya nalika nglairke Prawoto kuwi. Senajan sejatine, akeh wong wadon sing gelem dipek, kepara padha ngunggah-unggahi pak dhudha sugih kuwi, ning pak Harjo sing ora karep nduwe bojo, trima momong anak sing banget ditresnani kuwi.

Sudagar Harjo trima diladeni rewange sing jeneng mbok Umbruk, sing anggone nyuwito wiwit Prawoto isih cilik. Kejaba kuwi, pak Sudagar ya nduwe rewang sing setya bekti, sing momong Prawoto nganti saiki ya kuwi Paijo. Bocahe sregep ing gawe, jujur atine, tansah bisa ngenaki atine sapa wae, sing tundhone akeh wong sing seneng lan asih marang dheweke.

Paijo wonge prasaja lan lugu, ora seneng goroh lan tindak lamis. Sing marahi pak Sudagar Harjo banget tresnane marang Paijo, prasasat kaya karo anake dhewe. Apa wae kahanane, ya bandha-bandhane lan kabeh kasugihane, pak Sudagar mung blaka marang Paijo. Dadi Paijo ngerti kabeh thek kliwere omah kasudagaran kuwi. Ewa semono, sithik wae ora ana pepenginan arep njupuk ? milik kanggo pribadhine ing mengkone, babar pisan blas ? ora ana.

Anane mung ngestokke apa dhawuhe juragane sing didhereki. Semono uga pangrengkuhe Prawoto marang Paijo, wis kaya karo kakangne dhewe. Prawoto wis tita tenan karo apa sing diucapake Paijo, kabeh mesthi becik lan bener. Mergane, angger Paijo wis elik-elik karo apa sing arep ditindakake Prawoto njur diterak/dilanggar, karep-karepe Prawoto nemu kesusahan utawa kasangsaran.

Rumangsane Prawoto, Paijo mono pinaringan kaluwihan dening sing paring urip, yaiku indera kaenem. Buktine yen arep ana apa-apa, Paijo mesthi wis bisa maca sasmito luwih dhisik, upamane : Ing wayah esuk, ing ngarepan ana manuk prenjak ngoceh, njur Paijo kandha :

?Mas Prawoto, ampun tindakan tebih, mangkeh ajeng onten tamu, jebul ya tenan, paklike sing saka adoh teka. Upamane maneh : Lagi padha jagongan, kok padha mambu kunir, Paijo kandha :

?Mas Woto, sedhereke onten sing bobot napa ?, niki kadose kok babaran. E ya tenan, sorene entuk tilpun, yen sedulure nak-sanak sing neng Jakarta babaran.

Merga wis bola-bali tansah ngono, mula apa wae sing ditandangi Paijo, Pak Sudagar lan Prawoto ora tau wani nyanthulani. Awit kabeh percaya, yen sing ditindakake kuwi mesti becik lan bener. Kabeh buruh-buruhe pak Sudagar padha ngajeni lan ering marang kejujurane Paijo, lan setya bektine marang juragane, mula anggone nyambut gawe uga padha tumemen, sengkut lan jujur.

Sing jeneng menungsa mono pancen mung saderma, ndherek kersane sing anyipta. Kabeh menungsa kuwawa ngrancang apa wae sing dikarepake, ning ya kuwi sing jeneng pesthi, mung Gusti kang Maha Suci sing kagungan.

Sudagar Harjo sing banget tresnane marang putra, banget nggegadhang murih putrane mbesuk bisa nerusake sejarah uripe. Bisa marisi wong tuwane, dadi sudagar sing kondhang sing becik atine, lan tinresnan ing sapepadhaning tumitah.

Ing sawiji dina, pak Harjo gerah, ora kurang-kurang Prawoto, Paijo, lan buruh-buruhe padha ngupadi tamba, ning ketoke kok ora ana asile. Mundhak dina larane mundhak nemen, nganti awake mung keri lunglit merga ora doyan mangan lan ngombe.

Nalika kaya badatan, Paijo sing tansah leladi lan ngrumat iku nyedhak, pak Harjo aweh sasmito supaya Paijo luwih nyedhak maneh. Kanthi suwara sing sasat mung kumlesik kuwi, pak Harjo kandha :

?Jo ? Paijo!, aku arep weling karo kowe ya!? Paijo luwih nyaket maneh njur takon :

?Badhe ngendika punapa juragan?? Sawise nata ambegan sudagar Harjo kandha :

?Jo, rasane awakku kok kaya wis ora kuwat maneh. Mula aku weling karo kowe, samangsa aku kapundhut dening kang murba urip, aku pasrah Prawoto anakku, jaganen kaya kowe rumeksa marang aku. Tuduhna dalaning bebener lan kautaman, lan kabeh deduwenku sing mbok ngerteni kandhanana, uga omah saisine iki. Amung aku weling, ana kamar siji sing ora kena mbok bukak, sadurunge Prawoto diwasa tenan, mengko mundhak dadi mothah, kowe sing kuwalahan.?

Paijo bisane mung sandika dhawuh, jroning ati, prasetya bakal mundhi dhawuhe juragane kanthi temen-temen. Lan tenan, ora let suwe, sudagar Harjo sida seda kapundhut dening ingkang Maha Kuwaos.

Apa dhawuhe juragane diestokake. Prawoto dhewe gumun, dene Paijo sing mung atase rewang, kok sasat ngerti kabeh thek kliwering omah lan bandha kasudagaran. Mangka, Prawoto dhewe ora ngerti.

Sing digumuni, denea ana kamar siji sing ora kena dibukak?, njur ana apa?. Bareng wis ana limang taun sasedane bapake, rumangsa saiki wis diwasa tenan merga wis umur selawe taun, Prawoto kandha , njaluk supaya kamar winadi kuwi dibukak. Ngerti momongane wis diwasa tenan, Paijo uga nyaguhi panjaluke momongane kuwi, kandhane :

?Mas Prawoto, kula sagahi mbikak kamar, ning mbok inggiha mangkeh dalu kemawon, sasampunipun sepen, sedaya berah sampun sami tilem.?

?Iya kang Paijo aku manut.? Kandhane Prawoto nurut. Wengi sareng buruh-buruh lan rewange wis padha turu, Paijo ngajak Prawoto marani kamar larangan mau, sumedya dibukak. Paijo sing dipercaya iku, nuli ngetokke kunci saka sake, sing seprana seprene dirumat kanthi premati kuwi.

Bareng dibukak, wong loro kuwi mlebu, kejaba weruh kamar sing reget kebak bleduk lan sawang, uga weruh lukisan sing cumanthel ing tembok, Kenya ayu imut-imut sing ing lukisan tinulis, sing wis pitung taun kepungkur olehe nglukis utawa nyungging.

Mesthine yen saiki, Kenya kuwi wis cukup diwasa. Prawoto njinggleng, kedhep tesmak panyawange. Lagi weruh gambare wae wis kasmaran, mendak iba yen bisa weruh wong sing sanyatane.

Bareng lukisan kuwi dijupuk saka canthelan dililing dening Prawoto, kanyata ing sela-selaning pigura, ana layang sumlempit. Layang dibukak banjur diwaca, sing surasane nerangke yen dheweke iku putri saka pulo Selayar, putrane sudagar Pitrajaya, mitra dagange sudagar Harjo. Pulo iku dohe lakon telung ndina yen numpak kapal laku dedagangan. Pak Harjo lan Pitrajaya wis sarembug, yen mbesuk anake wis padha dene diwasa bakal dijodhokake.

Ngerti surasane layang, saya notol atine Prawoto sing saiki uga wis dadi sudagar sugih maris bapakne kuwi, kepingin enggal nglamar putri ing lukisan kuwi. Mendah sulistyane saiki sing wis diwasa, lagi pitung taun kepungkur wae, disungging wis kaya ngono endahe.

Paijo ugoa dingerteni surasane layang, lan tenan jebul, juragane enom Prawoto, mothah njaluk dilamarake. Paijo kinanthen buruh-buruhe banjur budhal lelayaran menyang pulo Selayar, saperlu nglamar putri Sekar Sumirat, ngono jenenge putri kuwi.

Ning iba kagete Paijo sak kancane, bareng krungu panjaluk pitukone wong tuwane ya pak Pitrojaya, ya kuwi, : gatheng saka emas lima sing bobote saben siji limang pun, dhakon ya saka emas sing bobote seket pun. Jare kuwi minangka dolanane putri Sekar Sumirat. Kejaba kuwi uga dandananing putri komplit kayata : gelang, kalung, suweng, ali-ali, bros, lan tusuk kondhe.

Dene minangka srah-srahan, Pitrajaya njaluk kapal dangang sing isih anyar gres, jare mbesuk kanggo mawiti anake kanggo dedagangan.

Paijo mbatin, apa dumeh sudagar gedhe, denea anake kaya didagang yen arep dipek uwong?

Sarehne Paijo mung minangka utusan, panjaluke pak Pitrajaya bakal diaturake karo juragane enom, ning batine Paijo mesakake marang juragane.

Apa ya ora bangkrut yen kanggo tukon wae wis semono akehe?. Mangka mesthine, rembuge karo suwargi juragan Harjo rak ya ora kaya ngono. Tekan ngomah, Paijo terus lapuran wigatine diutus, kabeh diaturake.

Prawoto atine legeg, denea semono gedhene pitukone? Ning gandheng gedhene ubaling asmara sing wis tan kena sinayudan, Prawoto kandha :

?Piye, kang Paijo, nek panjaluke kuwi dituruti wae??. Sawetara Paijo meneng wae, ning njur mangsuli :

?Juragan!, punika rak namung pak Pitrajaya ingkang nyuwun, sinten ngertos namung badhe meres penjenengan? Sinten ngertos malih menawi putri Sekar Sumirat sumerep penjenengan ingkang Sigit punika, lajeng tresna tanpa ndadak gadhah panyuwun ingkang ingkang werni-werni.?

Ah ? ning apa bisa, kang??

?Sauger juragan nggega kaliyan pemanggih kula, temtu kathah kelampahanipun, kados pundi??. Sudagar Prawoto, anane mung tansah manut miturut karo pamomonge sing setya bekti kuwi, wangsulane :

?Iya kang, aku manut waton aku kelakon nggarwa Sekar Sumirat.?

?Paijo seneng dene juragane manut karo panemune. Wusana Paijo nekani tukang mas, pesen gawe gatheng lima, saben siji limang gram, dhakon bobot seket gram, lan uga kalung gelang bobot sepuluh gram, ali-ali lan bros limang gram. Rampung iku banjur marani tukang kayu kang baut ngukir, pesen gawe kapal-kapalan sing diukir ngrawit, dawane seket senti lan dhuwure telung puluh senti meter.

Sawise kabeh dadi, sudagar Prawoto, Paijo lan sawetara buruhe banjur lelayaran tumuju ing pulo Selayar.

Genep telung ndina kapal wis mepet pelabuhan. Paijo mudhun nggawa penyanggon sing dipesen ya kuwi bros, suweng, gelang, ali-ali mata berliyan sing pating glebyar, dene Prawoto lan buruh-buruhe tunggu kapal ora mudhun.

Lakune Paijo njujuk ing taman kaputren, memba-memba wong bebakulan mas berliyan saka tanah manca.

Bareng wis ditemoni putri Sekar Sumirat, Paijo kamitenggengen anggone nyawang, jebul nyata, yen sulistya ing warna pindha widadari ngeja wantah, kayane kok cocok yen dadi sisihane juragane sing nggantheng kuwi.

Paijo nuduhi barang-barang mau, kontan putri Sekar kesengsem, lan arep diborong kabeh. Bareng arep didhuwiti, Paijo kandha :

?Putri!, kejawi punika, kula taksih gadhah dagangan dolanan saking emas, ning wonten kapal, dipun tengga juragan kula. Mangga tindak pelabuhan, mangkih wonten kapal saget mirsani warni-warni langkung sae.? Gandheng atine kesangem banget, putri Sekar Sumirat bebarengan Paijo tumuju pelabuhan lan banjur munggah kapal, tanpa ana abdi siji wae sing ngerti.

Tekan njero kapal dipethukake Prawoto, kanthi bungah sing tanpa upama. Paijo banjur nepungake yen iku juragane. Sawise jejagongan lan sudagar Prawoto, kabeh buruhe padha metu. Juragan Prawoto wiwit nuduhke barang-barange, putri Sekar banget sengsem lan senenge.

Prawoto kandha yen tanah asale akeh barang-barang endah kaya ngono mau. Malah yen gelem, barang-barang mau mung arep diwenehke, ora perlu dituku.

Saking sengseme dolanan barang-barang mau, tinambahan ngrungokake critane Prawoto mungguh tanah kelahirane sing subur makmur, nganti ora padha krasa yen meneng-meneng Paijo mbedhol jangkar, lan kapal wiwit mlaku menengah ninggalake pelabuhan lan pulo Selayar. Nganti wis lakon sedina kapal wis neng tengah segara, wong loro isih ketungkul olehe crita.

Putri Sekar, meneng-meneng jebul atine wis kethukulan rasa tresna karo sudagar Prawoto sing nyata ngganteng lan baut micara kuwi.

Malah nalika ditari Prawoto, apa gelem melu dolan neng tanah kelahirane, putri Sekar terus mangsuli gelem. Gene rong ndina ana kapal, putri Sekar lagi krasa yen kapal wis adoh ninggalke pulone. Ning atine rumangsa seneng wae, merga ing sisihe ana jejaka sing wis mlebu ing atine. Tekade, janji Prawoto ing sisihe, digawa neng ngendi wae manut.

Ora koyoa pak Pitrajaya sing kelangan anake, kekitrang olehe nggoleki, ning ditakokke rana-rene ora ana wong sing ngerti. Sarehne nduwe mitra jin, mula dheweke banjur njaluk tulung dikon nggoleki.

Jin malih rupa manuk gagak, gagak loro mabur dhuwur, banjur mencok ing pucuking layar kapale Prawoto, ngerti yen putri Sekar ana kapal kono, turon ing pungkone Prawoto. Gagak sing tuwa kandha :

?Wah iki tindak sing ora becik, asline jenenge wong nyolong, becike bakal ndak wales gawe cilaka.? Gagak sing enom takon :

?Piye carane ?.?

?Aku ngerti, yen Prawoto kae seneng numpak jaran, mula yen wis mudhun saka kapal, aku tak memba jaran, nyedhak dheweke ben ditumpaki. Yen wis numpak, tak gawa negar, tak tibakke ben dheweke sengsara.?

?Aku ya ngono, yen pambudidayamu luput kang, tekan ngomahe aku arep memba panganan sing enak-enak, neng meja dhahar kareben dipangan. Yen wis mangan dheweke mesthi mati, merga aku malih dadi racun.? Ngono kandhane gagak enom. Gagak tuwa kandha maneh :

?Nek caramu kuwi isih gagal, aku bakal dadi sandhangan sing diprada emas, yen dheweke nganggo utawa njajal, kegosok pradane mesthi awake dadi bosok, wong aku dadi wisa kulit sing mbebayani.? Gagak loro meneng, bareng wis sawetara, gagak loro kuwi kandha bareng :

?Sok sopoa wae sing ngerti rancangan kita iki lan medharake marang Prawoto ndak ipat-ipat dadiya watu (reca).

Gagak loro banjur mabur, embuh menyang ngendi. Paijo sing pinaringan kaluwihan indra kaenem, ngerti marang kandhane gagak, bab pangancame marang Prawoto anggone bakal gawe sengsarane, atine dadi prihatin. Mangka yen nganti dikandhakake, Paijo wedi karo ipat-ipate jin sing uga nduwe kaluwihan kuwi. Atine bingung.

Ning bareng ngerti Prawoto lagi lungguh ijen, merga Sekar lagi reresik awak (adus), Paijo nyedhak karo kandha :

?Juragan, sarehne penjenengan punika mangkeh samandhapipun saking kapal tansah badhe manggih rubeda, keparenga kula njagi kawidadan panjenengan, punapa kemawon ingkang kula tindakaken, penjengengan kula suwun mboten usah elik-elik utawi nyaruwe. Sedaya wau murih panjenegnan tansah manggih wilujeng, badhea tumindak kula punika cengkah kaliyan kersa panjenengan.? Wangsulane Prawoto kanthi mesem :

?Iya, kang, aku saguh, awit aku percaya yen kabeh sing mbok tindakake kuwi mesthi becik kanggo aku.? Bareng wis kandha ngono, atine Paijo njur dadi tentrem. Genep layar telung ndina, esuk iku kapal wis mepet pelabuhan. Putri Sekar seneng banget atine, nonton kahanan luwih reja lan rame timbang tanah wutah getihe.

Atine wis mantep ana sisihe jaka bagus Prawoto kanggo selawase. Nalika mudhun saka kapal nggandheng putri Sekar, kabeh wong padha nyawang lan gumun marang kasulistyane putri Sekar Sumirat. Dumadakan lagi entuk pirang njangkah ing gisiking samodra, sang abagus krungu pambegingehing kuda, lan banjur weruh kuda gagah ules kuning sing becik katuranggane.

Pepenginan numpaki jaran tuwuh, wusana Prawoto nyedhaki kuda mau, gage diplayoni Paijo. Lagi wae Prawoto arep nyengklak, kanthi cepet Paijo ngunus pedhang disabetake ing gulune kuda mau, sing tatune jero banget. Kuda mau nggloso ambruk, kojel-kojel sedhela banjur mati.

Paijo gage nggandheng Prawoto dijak nerusake laku. Kanthi ati cuwa Prawoto manut. Mlebu ngomah dipapak para buruh kanthi ati bungah, dene Prawoto ngrangkul kekasihe semu dipamerake marang para buruh-buruhe. Kabeh padha eram, lan nyawang ngowoh ndulu kasulistyane sang ayu.

Bareng wis ngombe lan lungguhan ing kamar tamu kanthi pacitan sing mirasa, Prawoto nggandheng putri Sekar diajak nyedhaki meja dhahar.

Paijo prayitna, gage nyandhak wadhah uwuh, panganan sing ngemu darubeksi disaut ditumplaki ing wadhah uwuh, sing keri mung sing disedhiyakke para rewange. Mangka sejatine, Prawoto kepingin banget ngrasakke salah siji dhaharan sing ditumplaki mau, kayane kok menginke banget.

Atine cuwa, ning piye dheweke ora wani apa-apa, bisane mung meneng. Sawise banjur padha bebarengan dhahar, sing dihidangke masakane pancen nikmat tenan. Putri Sekar wis njur krasan ana kono, wis lali karo wong tuwane.

Mulane Prawoto njur rerembugan karo Paijo, piye yen putri Sekar njur dinikah resmi wae, rampung iku njur pista sakadare tanpa ropyan-ropyan, ngelingi yen putri Sekar mono, entuke mung sarena dibradhat, ora resmi dilamar. Paijo setuju banget, kepyakan/mantenan climen tumuli ditindakake.

Sawise kabeh purna lan resmi dadi bojone, Prawoto lan putri Sekar Sumirat sing manten anyar kuwi, tansah runtung-runtung, prasasat ora ginggeng serambut. Apa panjaluke putri Sekar tasnah diugung lan dituruti. Kabeh rewang-rewange tansah leladi, apa sing dikarepake juragane putri. Ing sawiji dina Prawoto arep ngajak plesir bojone.

Nalika mlebu kamar busana arep padha dandan, Prawoto weruh sandhangan satumpuk sing disulami prada lan benang emas, katon pating glebyar mencutake. Putri Sekar ngajak nyedhaki sandhangan mau, sire arep nganggo salah siji milih endi mengko sing disenengi. Lagi wae arep nyedhaki tumpukan sandhangan mau, ndadak Paijo saka mburi ngukup sandhangan satumpuk mau digawa metu banjur diobong.

Prawoto lan bojone gumun weruh kuwi kabeh. Rasa cuwa lan mangkel tuwuh ing atine.

Genea dheweke pijer digawe gela lan wirang sing dibolan-baleni neng ngarepe bojone ? Mangka ketoke putri Sekar kepingin banget nganggo sandhangan kuwi.

Mangkel lan cuwane ati sepisan iki ndayani bruwala lan nesune ora kena diampah. Wayah awan, nalika putri Sekar lagi ngaso turu, Prawoto nemoni Paijo karo wis ketok peteng ulate. Kandhane :

?He, kang Paijo, genea kowe tansah gawe kagolku, wirangku, ing sangarepe bojoku? Apa kowe meri kabegjanku nduwe bojo ayu? Saiki kondhoa! denea kowe bola-bali gawe kagolku?? Karo ndhungkluk tumungkul, Paijo mangsuli sareh :

?Dhuh juragan ingkang kula tresnani, kula namung ngestokaken welingipun keng bapak swargi juragan Harjo, kapurih momong, ngawat-awati lan njagi kasugengan penjenengan.?

?O ? dadi ngono ta carane. Dadi gawe gela, kagol, lan wirang kuwi buktine anggonmu momong lan ngreksa neng aku??.

?Dhuh juragan, kula mboten saget matur, margi menawi kula wedharaken kula badhe kenging wewelak utawi pangipat-ipat.? Krungu wangsulan ngono mau, Prawoto saya nesu, mergane kaya-kaya ora ketemu nalar. Mula gage prentahe :

?Kang Paijo, aku emoh krungu wangsulanmu sing ora ketemu nalar kuwi. Pokoke kowe kudu blaka, perkara ipat-ipat, ya sandhangen dhewe.? Krungu dhawuh mau, Paijo njur gage ndhodhok karo ngrangkul sikile bendarane kandhane karo nangis :

?O ? yen mekaten juragan mudha ingkang kula tresnani, kanthi medharaken wewados punika kula nyuwun pamit, namung dumugi semanten anggen kula njagi kawilujengan penjenengan.?

?Ketang agenging setya tuhu kawula netepi janji dhateng welingipun keng bapak Suwargi. Kula mejahi kuda, numplaki dhedharan, lan mbesem busana satumpuk punika, margi milujengaken panjenengan. Kuda, dhedharan, lan ageman wau panjal maning jin ingkang badhe damel sangsara panjenengan, mila enggal kula singkiraken. Sedaya wau awit dhawuhipun pak Pitrajaya, madosi putranipun ingkang penjenengan glandhang dados garwa. Pak Pitrajaya mboten remen dhateng cara penjenengan. Ketang agenging tresna kula dhateng penjenengan, kanthi cara punapa kemawon, kula tansah mbudidaya kersa penjenengan kelampahan.? Bubar kandha mengkono, Paijo ngadeg sedhakep ing ngarepe Prawoto karo mesem kandha : ?Juragan kula nyuwun pamit.?

Sawise ngucap mengkono, mbaka sithik awake Paijo malih dadi watu. Jlek ? dadakan Paijo dadi reca, ngadeg nggejejer ing ngarepe Prawoto. Kena ipat-ipate jin sing memba manuk gagak, sing mencok ing cagaking layar kapal dhek semana.

Prawoto kaget, nubruk reca ing ngarepe karo nangis ngguguk, nagisi pamonge sing banget setya ing janji kuwi saiki wis dadi watu.

?Oh ? getun keduwunge tanpa upama. Saiki lagi kelingan wekase Paijo, yen dheweke tumindak apa-apa aja nganti dicanthulani, jer kabeh mau kanggo njaga keslametane dheweke. Prawoto anane mung getun ? getun sing tanpa upama.

Ning njur arep ngapa, wong nyatane kabeh wis kebacut. Eling uga lupute marang pak Pitrjaya anggone wis ngglandhang putri Sekar anake. Wong tuwa ngendi sing ora sedhih lan nesu, yen anake dibradhat digawa minggat? Mula bareng pikirane wis wening, niyate arep mara neng nggone sing saiki wis dadi maratuwane, ya pak Pitrajaya, bebarengan bojone ya putri Sekar Sumirat.

Satekane ing pulo Selayar, tanah kelahirane putri Sekr, Prawoto terus sedhoprok sungkem ing ngarepe maratuwane asrah kaluputan, lan nyuwun pangapura ditutwuri bojone.

Pak Pitrajaya weruh putrine sing katone urip seneng lan mulya atine, wusana luluh nesune, pulih welas lan tresnane neng anak, kekarone banjur dirangkul kenceng karo kandha :

?Wis-wis ngger anakku sakloron, yen uripmu pancen wis rumangsa seneng lan mulya, aku wong tuwa mung melu bungah. Kabeh kaluputanmu wis tak apura.? Krungu iku Prawoto lan putri Sekar banget bungahe.

Bareng wis padha ngaso banjur padha crita sasuwene ora padha ketemu, antarane putri Sekar lan bapakne.

Prawoto uga ora lali nyritakake lelakone pamonge, ya si Paijo sing kena wewalake gagak, nganti saiki malih dadi reca. Pak Pitrajaya kandha :

?Anakku Prawoto, sarehne aku wis ngapura dosamu, ipat-ipat saka gagak kuwi bakal ndak jabel. Yen kowe nyata tresna neng pamong ya rewangmu Paijo, kowe tak tundhung ndang balia. Kondhoa neng ngarep recane Paijo njaluk pangapura, lan janji yen kowe bakal nimbangi setya marang dheweke salawase urip. Anggepen dheweke kuwi sedulurmu lanang. Aku percaya, yen ipat-ipate manuk gagak bakal luntur, kaya dene luluhe atiku marang kowe sakloron.?

Prawoto lan bojone ngestokke dhawuhe, mula bareng wis mari kesel, banjur pamit arep bali mulih, ngecakke kabeh pakone pak Pitrojaya, daya-daya arep ngerti mengko piye dadine. Mudhun saka kapal, Prawoto lan bojone njujuk ing ngarepe recane Paijo. Disawang reca kuwi kanthi ati trenyuh, njur ndhodhok neng ngarep reca iku karo kandha :

?Kang Paijo, aku luput, kang, dene ora ngregani katresnan lan kasetyanmu, nganti kowe wujud dadi reca. Saiki aku getun, kang, aku kapok, aku njaluk pangapura. Aku janji, arep nresnani kowe lan nimbangi setyamu neng aku. Aku kepingin bali kaya biyen, kang, neng ngendi-endi mbok kancani, atiku tansah ayem tentrem.?

Ketang nggrantese atine, kandha ngono mau karo ngguguk nangis ngrangkul sikile reca.

Tan kocapa, watu sing dirngkul kenceng kuwi, saya suwe saya empuk, Prawoto kaya ngrangkul sikil biasa.

Bareng nyawang munggah ? ilang pethane reca, sing ana Paijo rewange, sing uga nangis ngrangkul dheweke. Wong loro reruketan kenceng kebak kabagyan lan kabungahan. Pancen kasetyan lan tresna asih iku, ajine ngungkuli sakabehe.

?TAMAT?

?

N.B: Mas Giman, muga crita iki dadia kaca benggala tumprap para mudha, ajine kasetyan lan katresnan sing tulus ora mung lamis kuwi, nyata bisa gawe mulyaning ati, bungahing pepadha, lan nyithak pakarti luhur. Ing wasana matur nuwun.

?

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>