Satu-satu

?

Warti lan Narto mono anggone kekancan wiwit padha dene mlebu SMP. Dene nalika isih SD ne, neng desane dhewe-dhewe, wong bocah loro kuwi mung tangga desa sing kelet-letan kali lan ratan. Senajan ngono, ning ya padha dene ora tepung, dhasare bocah lanang lan wadon.

Tepunge ya nalika mlebu SMP kuwi, kebeneran tunggal klas, gek lungguhe ngarep mburi. Warti kegawa anake wong ora duwe, mula watake dadi anteng menengan, ora criwis kaya kanca-kancane.

Seje karo Narto sing wong tuwane sugih, mangkat sekolah lagi SMP ngancik wae, wis sok-sok numpak motor, senajan mengko mung dititipke warung soto iring sekolahan.

Wong wis diumumake, yen isih SMP, dening pak guru ora pareng numpak motor. Ewadene Narto nekat senajan kanthi ndhelik-ndhelik aja nganti kapirsan bapak lan ibu guru.

Ya merga kaperbawan penampilane, kanca-kancane padha sungkan, luwih-luwih sing kerep padha di traktir, yen jajan. Narto senenge nggodhani kancane putri sing ketok criwis. Ya merga rumangsa luwih sakabehe timbangan kanca-kancane saklas, Narto njur ndleya sekolahe. Kerep mbolos, pamite sekolah ning ora tekan sekolahan, embuh neng ngendi olehe mblayang. Narto senengane kekancan karo cah-cah kakak kelase, klas loro utawa telu, mangka ya sing anake wong sugih-sugih.

Ning tan kocapa, bareng nampa rapot, rak kudu wong tuwa utawa wali murid sing kudu teka neng sekolahan. Ya wektu iku bapak lan ibune Narto ngerti, bijine anake sing sasat kabeh abang, lan konangan olehe ora mlebu sekolah sing tanpa idin akeh banget. Ya ana ing penerimaan rapot iku, bapak ibune lagi ngerti, endi lan sapa-sapa kancane Narto, sing apik bijine ing klas kuwi.

Ora ngira, yen Warti anake mbok randha saka desa Pethikan sing gawene buruh-buruh kuwi, jebul malah sing nggondol juara. Kabeh bijine rata-rata wolu. Ana ing nersane orang tua lan para wali murid, bapak lan ibu guru bola-bali anggone ngalem Warti. Ya wiwit iku, adhedasar hasile rapot, bapak ibune Narto saiki nglarang anake nyakel-nyekel motor.

Saben-saben ibune Narto tindak neng daleme bu guru Surti, ya wali klase Narto, nanjihake putrane munggah kahanane neng sekolahan.

Anane kontak antarane wong tuwane Narta lan bu guru, ndadekake Narto saiki wedi mbolos. Gelem ora gelem kudu sinau. Merga saka sikape bapak ibune sing keras, saiki ana sekolahan wis biasa padha kanca-kancane. Upama keria sithik pelajarane karo kanca-kancane, ya ora nemen-nemen kaya biyen. Senajan Warti mung bocah prasaja lan anake mbok randha sing mlarat, ning dieringi dening kanca-kancane saklas amarga olehe pinter.

Narto sing gelem ngrumangsani kalah pinter, saiki ora isan-isin takon Warti sing malah sok-sok malah njaluk diwarahi barang kuwi. Warti bocah sing apikan kuwi ya kanthi seneng marahi kanca-kancane, ora mbedak-mbedakake.

Kagawa ati mantep lan ora wegahan, rapotan candhake, Narto wis bisa nyetut bijine kanca-kancane kejaba Warti. Bijine Warti bahasa Inggris pancen onjo dhewe saklas. Ya marga Warti bisa ngrangkani lan telaten yen ngandhan-ngandhani, atine Narto dadi tansaya cedhak karo Warti.

Apa sing sekira pelajaran rumangsa kangelan utawa ora ngerti tenan, playune ya mung neng nggone Warti. Rasa jiguh pekewuh lan isin wis ora ana, tekade Narto bisoa madhani bijine Warti, syukur bage bisa ngungkuli.

Ujiane SMP ya bareng lulus, SMA ne yang nunggal maneh sasekolahan. Ya mung saiki ora sa klas kaya dhek SMP biyen. Warti ana A, Narto ana B.

Bab mau ora ndadekake renggange anggone kekancan, toh saiki ana SMA Narto wis bebas nggunakake motor. Dadi menyang mulih Warti mesthi ngamplok mbonceng, wong karo Narto mesti diampiri pendhak esuk yen budhal sekolah. Dhasare omahe Warti kedalanan. Ngono mau, wong-wong lan bocah-bocah apa dene tangga teparo ya ora tau ana sing nyaruwe, jer nyatane Warti ya ora neka-neka lan ora darbe tingkah sing ngurangi kasusilan.

Ngrumangsani anggone dadi bocah ndesa tur anake randha mlarat. Neng atine Warti, Narto mujudake dewa penolong munggah kelancarane sinaune. Awit kejaba menyang mulih di goncengke, buku lan alat-alat tulis ya kerep di wenehi karo Narto.

Jeneng manungsa mono wis kinodrat. Yen wis ngancik diwasa, mesthi ana daya tarik marang lawan jenis, kaya dene priya lan wanita.

Meneng-meneng gandheng saben dina ketemu lan srawung, Narto kethukulan rasa tresna marang Warti. Ning gandheng SMA wae lagi klas loro, apa wangun yen rasa mau dilairake marang Warti ? Gek-gek mengko Warti malah nesu utawa isin, njur ora gelem mbonceng. Wah yen ngono rak malah cilaka.

Rasa sing mengkono mau dening Narto mung tansah diampet, nunggu wektu sing becik, dhasar wektu sekolahe ya isih omber.

Sarehne bocah loro mau ya babag umure, ora beda karo rasane Warti, yen atine ya kethukulan rasa tresna lan seneng marang Narto.

Ning rasa mau sok njur malah dipeper dhewe, awit ngrumangsani anggone njomplang adoh mungguhing kahanane. Narto mono wong tuwane rak sugih mblegedhu, mangka awake mung anak randha mlarat kesrakat. Apa ya mungkin Narto seneng kari dheweke ? Ning yen ngelingi watake Narto sing apikan karo sapa wae ora mbedakake, kuwi ya njur sok dituruti anggone ana rasa tresna karo Narto.

Batine, nek Narto nglairke rasa tresnane, niyate ya arep ditanggapi. Ya embuh mengko wong tuwane, perkara setuju lan orane dipikir mburi.

Janji Narto lan dheweke sekolahe lancar, tur mengko wis padha bisa nyambut gawe, Warti ora bakal ngarep-arep peparinge wong tuwane Narto.

Atine digelar digulung, kekarepan pancen kaya ngono, ning njur saka ngendi entuke wragat saupama dheweke kepingin sekolah terus ? Toh wong tuwane uripe mung dhanyang buruh, ngono wae dheweke isih kudu ngrewangi.

Oh …………….. atine Warti dadi angles. Njur cara apa aku bisa tansah sesandhingan karo Narto dadi sisihane, yen kahananku bedane kaya bumi karo langit?

Yen wis mikir ngono, ora rinasa luhe Warti cos-cosan ora rinasa. Panalangsane ati tanpa upama.

Lumakune wektu ora rinasa, kekarone sinaune lancar, saiki wis ngadhapi ujian achir klas telu SMA.

Narto pijer maju mundur yen arep mblakakake isining ati.

Sepisan sungkan, ngurmangsani Warti luwih pinter timbang dheweke, tur sok ngandhan-ngandhani, mangka yen diturut nyatane ya apik.

Pindho, Warti ora kaya bocah wadon liyane, sing geleman di ajak dolan mrana-mrene. Narto judheg, piye carane, mangka nyatane yen saiki di kandhakake, rakya wis wayahe. Mengko yen kuliah, atine wis tenang merga wis duwe lan gumathok wong sing bakal ndhampingi uripe kanggo salawase. Sepisan ji iki Narto arep njajagi atine Warti, nyoba cemburu ora yen ngajak dolan bocah wadon sing Warti durung kenal.

Dinane Minggu esuk, Narto ngajak nak sanake mara neng omahe Warti, bareng wis ketemu kandha :

?War kowe tak ajak dolan pijer semaya wae, piye nek saiki aku ngajak Mitri kancaku iki dolan ?? Wangsulane Warti kalem,

?Ya mangga ta Nar, aku pancen semaya suk nek wis bar ujian, perlune ki wis bebas …..wis ora mikir sinau maneh?.

?Nek ngono ya wis ya War ….. aku pamit? Kandhane Narto karo ngeslah motore.

?Yoh ……! ngati-ati ya Nar? kandhane Warti karo nguntapke. Saungkure Narto, atine Warti panas, lara, mangkel, denea Narto nggawa wadon ayu ndadak di pamer-pamerake ing ngarepe, apa karepe ?

Kosok baline batine Narto mangkel sedhingkel, denea Warti dipamiti kok sejak olehe lega, tanpa nuduhake rasa cemburu sethithik-thithika. Apa ya Warti ki ora krasa yen ditresnani ? Narto jan judheg tenan. Nganti sedulure di aku kanca wae kokya ora nggenahake.

Ujian wis rampung, keri ngenteni hasil. Warti wis kandha yen ana apa-apa dikon teka ing ngomahe. Ya ing wektu-wektu kaya ngene iki Warti ngarep-arep banget tekane Narto ngajak dolan, syukur gelem omong-omong sing nyangkut bab katresnan, Warti bakal blaka yen sejatine dheweke uga tresna.

Dienteni nganti telung Minggu, Narto ora ngetok, malah wis bola-bali Warti weruh kanthi mripate dhewe, Narto goncengke cewek liwat ngarep omahe. Sing Warti durung kenal karo bocahe, mangka gonta-ganti.

Batine ngelus dhadha karo unjal ambegan, atine mupus ngene : Tuwas tak tresnanana, tak arep-arep, wong nyatane ora gelem mara tur malah gonta-ganti cewek, mesthine Narto ya ora tresna karo aku. Kanggo apa aku mikir dheweke ?

Biyen nalika SD, Warti dhuwe kanca lanang ya tanggane, jenenge Tarman. Pisahe bareng padha dene mlebu SMP.

Rampung SMP jare Tarman njur di jupuk paklike neng Kalimantan sing nyekel perkebunan kelapa sawit, jare di dhidhik supaya mbesuk bisa nggenteni.

Kanyata sajrone telung taun, Tarman wis ketok owah-owahane. Wis bisa nyukupi mbokne, ndandani omahe. Jare rong taun maneh paklike wis leren, ganti Tarman sing nggenteni. Nalika tiliik mulih, Tarman dolan neng nggone Warti. Embuh kedaya apa, Tarman ndadak ketarik karo Warti tanggane kuwi lan terus takon:

?War, sawise lulus iki sirmu arep ngapa ??

?Ah ya embuh Tar, bingung aku? wangsulane Warti jujur.

?Aja bingung War, nek bisa, gelem kok aku mbantu? sumaguhe.

?Tenan pa Tar, nek sejatine mono aku isih pingin nerusake kuliah, ning terpancang wragad. Lha ya apa ta gadaku, simbokku mlarat?. Kandha ngeblak.

?Wis War, kowe nerusna kuliah tak wragadi, ning ya kuwi, suk kowe kerja sama karo aku, syukur bage kowe gelem bebrayan karo aku?, tembunge Tarman methok. ?Saiki aku ya nggawa dhuwit kok, sesuk nek wis pendaftaran, gage ndaftarna apa sing mbok senengi, sabanjure mengko tak kirim saka kana pendhak sasine.?

?Ha ning Tar, aku durung nduwe rasa tresna neng kowe je?, apa mengko sekira aku bisa??

?Ya dicoba wae War, nek pancen tekan rampung kuliahmu kowe ora bisa nersnani aku, ya ora papa, jer tresna mono rak kudu linam baran ati suci, aku ora meksa kok?.

?O… yen ngono ya tak cobane ya Tar, kabeh mau ketang kepinginku bisa nerusake kuliah?.

Tenan, sorene Tarman teka karo wis nggawa dhuwit limang yuta dipasrahake Warti, kanthi kaya rembug ing ndhuwur. Nganti sesasi Narto tetep ora mora, mula bareng wis dipikir-pikir tenan, atine Warti mutusake, rasane tumiyung neng Tarman sing sarwa terus terang kuwi, tinimbang ngarep-ngarep Narto sing durung karuwan.

Malah saka panjaluke Warti dhewe, Tarman dikon kandha karo mbokne, senajan mbesuke durung karuwan. Bareng libure wis entek, Tarman ya njur bali kerja neng Kalimantan.

Narto wis sesasi punjul ora mara neng nggone Wanti, ning atine wis lega merga wis matur ibune bab anggone seneng karo Warti. Dene ibune ya seneng, lan setuju merga wis ngerti karo watak-watake Warti sing becik lan prasaja.

Ketang wis ora bisa ngampah rasa kanggene, wayah sore Narto teka nggawa ati sing mbedhodhog, sire arep ngeblakake gegembolaning atine karo kekasihe. Tekane Narto tinampa kanthi ulat manis grapyak sumanak dening Warti tembunge :

?Wah kadingaren kowe kelingan aku, Nar ?? kandhane.

?Ya jelas kelingan ta War, aku pancen lagi golek wektu sing tepat kok?.

?Wis tutug pa lehmu gonta-ganti nggoncengke cewek ayu ??

?Wih… yen ngono jebule kowe cemburu ta War, ngapa kok ora ngelikake ??

?Welha ……, aku ora cemburu Nar, kuwi rak hakmu, ngapa aku kudu cemburu? ketemu pirang perkara ??

?Lho yen ngono kowe kuwi blas ora krasa yen ndak tresnani ta War ?? Narto ndhedhes.

?Sapa ngerti batine uwong, Nar ?, kapan kowe tau kandha tresna karo aku ? Saelingku durung tau? Kandhane Warti melehake.

?Ya wis – ya wis War, tekaku sepisan iki aku arep blaka neng kowe yen sejatine aku tresna banget neng kowe wiwit biyen, ning wedi olehku arep nglairake. Saiki aku wis matur ibu, lan ibu uga remen lan mengestoni bab iki. Saiki keri gumantung kowe War, kapan ibu lan aku kudu nglamar neng wong tuwamu, ora ketang awakke dhewe tunangan dhisik, peresmiane mbesuk yen wis rampung kuliah.?

Warti meneng nganti sauntara. Sawise nata ati, kanthi tatag kandha.

?Maaf Nar, kabeh wis kasep, aku lan simbok wis nampa rembug saka wong sing seneng terus terang. Ya senajan kanthi wektu sing isih suwe tur durung karuwan, ning aku lan simbok wis canthel rembug?.

?Umpama rembug kuwi di batalke piye War, kowe kandha yen wis suwe pacaran karo aku, rak bisa wae ta?.

?Ora bisa Nar, wong nyatane kowe durung nate kandha tresna kok?.

?Wadhuh piye War, mangka aku wis tresna banget je neng kowe, ibu ya wis marengake. Apa kowe ora welas karo aku, War ??

?Napa aku kudu welas neng kowe, wong nyatane kowe ya ora mesakke aku ? Nar, kaya ngapa anggonku ngarep-arep olehmu nglairake tembung tresna neng aku, prasasat kaya ngenteni kumambange watu item lan sileme prau gabus. Prasasat dadi impen, cengklungen, ning ora keturutan. Kowe ora tanggap, kowe ora krasa? Kandha ngono Warti karo prembik-prembik nangis.

?Geneaya ta War, kowe kok ora blaka wae ?, karang aku wedi je War arep kandha? Kandhane Narto glagepan.

?Aku mbok kongkon kandha dhisik, Nar ?, oh sorry wae Nar, iki ora bakal kalakon. Awit aku tinitah wadon sing kudune mung nunggu. Luwih maneh jurang pemisah ing antarane wong tuwamu lan wong tuwaku adoh banget. Kowe putrane wong sugih mblegedhu, aku anake randha mlarat, njur dayaku wae apa ??

?Lha iki njur piye War, ning sing cetna kowe sing salah, wis ninggal aku tanpa tetarenan dhisik.?

?Ketemu pirang perkara aku kudu taren, toh durung ana tembungmu sing ngiket atiku?. Kandane Warti karo sesenggrukan, tangise gawe trenyuh. Narto uga katut mrebes mili. Kakarone meneng nganti suwe.

Wusana karo srikutan ngulapi luhe Warti kandha :

?Wis Nar, awake dhewe putus bali kekancan biasa, semono mau yen kowe gelem?.

?Dene kowe yo salah, kena ngapa dadi cah lanang ora wani tegas, ngrendhe-rendhe wektu sing ngrusak atiku?.

?Dadi satu……….. satu ………, Nar, kowe ya salah aku ya kleru.? Kandha ngono Warti karo ngadeg ninggalke Narto sing lungguh kijenan. Wong loro, padha dene atine oleh rontang-ranting, merga kapedhotan tresna.

T A M A T

This entry was posted in Geguritan. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>