Bathine Wong Rukun

?

Warjo bali saka kantor ora njur salin klambi apa mangan, ning malah bali neng teras, lungguh dhelog-dhelog ing kursi dawa sing biasane kanggo ngisis.

Dheweke mau krungu kabar, yen bojone mitrane ya si Sarju pancal donya merga babaran. Yen pada ngarani seda konduran ngono kae.

Jane, sawise krungu ngono mau rekane ya njur arep layat, ning yen kelingan bojone dhewe ya lagi nandhang setres, kekarepane diwurungake.

Dheweke trima mulih. Weruh bojone ngomyang karo nglela-nglela bonekah atine dadi angles. MBokne Warjo ora leren-leren anggone nglelipur mantune, ning bojone Warjo ora ngrewes, tetep ngomyang, pijer nyayang-nyayang boneka kuwi ing kekebane.

Oh ? atine Warjo angles. Ya saploke nglairake anake mbarep wis ana sepasar iki, ning lair bayine wis ora ana, pikirane bojone sak nalika dadi owah.

Warja ya ngerti, kabeh mau merga bojone banget kagelan. Wis patang taun mbangun brayat, lagi arep diparingi momongan. Mesthi wae kaya ngapa bungah lan anggone nggegadhang, mbesuk anake yen lahir sehat ndemenakake.

E ? kok merga neng sumur adus tiba kepleset, let sedina krasa arep nglairake. Ya njur gage digawa neng Puskesmas, ning bareng lahir bayine meneng wae ? jebul wis ora ana. Ngono wae dhoktere isih ngendika :

?Niki begja mas, saged lahir kanthi gampil?. Ngerti lahire anake wis ora gelem dimong, bojone Warjo njerit-njerit histeris, sabanjure wis nganti digawa mulih isi tetep ngomyang. Mula karo Warjo njur digolekake bonekah neng pasar? e kok jebul kena kanggo ngeneng-enengi.

Saiki ora pijer nggriyeng nangisi bayine, ning tansah nglela-nglela bonekahe kuwi. Ngeligi Sarju kuwi kancane kenthel wiwit sekolah SD, kancane neng greja, bareng PA, rombongan koor, mula bareng ngerti mbokne nunggoni bjone, Warjo gage pamit.

?Mbok, aku tak layat neng nggone Sarju ndisik ya, yen ora njur teka, rasane kok ora kepenak?.

?Iya le, wong piye-piyea kae kuwi kancamu becik, gek lagi kasusahan kepaten bojone, mangka ninggal bayi abang, wah mendah susahe.?

?Iya mbok, menungsa mono yen lagi diparingi coba, kok werna-werna penandhang sing kudu disandhang.?

?senajan kowe dhewe lagi diparingi prihatin lan susah le, ning sabisa-bisa ya lipuren Sarju kuwi Jo, sapa ngerti mengko kowe ya entuk panglipur?.

?Iya mbok, wis aku tak mangkat.? Warjo nyedhaki bojone sedhela, ngelus bathuke kebak asih. Sing dielus katrem anggone nyayang boneka ditempelake ing dhadhane kaya wong lagi nusone.

Weruh dhadhane bojone sing payudarane mengkah-mengkah kebak banyu susu ? sing kudune di susu bayi ? atine angles.

Mula gage-gage ninggalake bojone, kanggo nyapih atine sing rontang-ranting. Ngetokke motore nggeblas tumuju omahe Sarju layat. Weruh tekane mitrane, Sarju gurawalan methukke banjur gapyuk ngrangkul karo tangise wutah kaya bocah cilik.

Warjo sing saka ngomah wis sangu ati susah, kesetrum Sarju sing nagis, sanalika ya melu nangis. Wong loro dadi ruket-ruketan nangis ngguguk gawe trenyuhe sing padha nyawang.

Gandheng tangga desa, mula wong-wong ya ngerti yen Warjo ya mentas wae kesripahan anake sing lagi lahir.

Dadi wong-wong ya maklum. Mula dening sawenehe pelayat sing sepuh, kekarone dirangkul banjur diajak mlebu ing omah. Sawise padha lungguh banjur dingedikani akeh-akeh, yen wong mono mung saderma nderek kersane sing paring urip.

Paribasane nyawa mono mung gadhuhan, bandha sampiran. Manungsa ora kena nggegegi banget.

Sawise padha lerem tangise, priyayi sepuh mau metu, Warjo lan Sarju banjur padha omong-omongan nyritakake penandhange dhewe-dhewe.

Sarju ya ngerti, merga dhek Warjo kesripahan anake, dheweke ya layat karo bojone. Bojone Warjo lan bojone Sarju ya padha-padha mbobot tuwa, mula olehe babaran ya mung ngarep mburi, kacek sepasar dhisik bojone Warjo. Mung sing kanggo lantaran bojone Warjo ndadak nganggo tiba neng sumur, dene bojone Sarju nglairake neng ngomah.

Merga kakehan getih sing metu mangka mbah dhukun ora ngerti kudu piye, mula sawetara mung padha bingung. Lagi bareng sing bayen semaput, Sarju bingung golek kendharaan arep dianggo nggawa bojone neng Rumah Sakit, ning tekan ndguwur mobil wis les ? ora ana (pancal donya).

Yen bayine seger waras tur tangise bantas. Bareng wis sawetara anggone padha rerembugan, Warjo kepingin weruh bayine diterke Sarju. Bubar iku Sarju banjur nemoni tamu-tamu sing padha layat. Wektu kuwi bayi sing nembe lahir kuwi dipangku mbahne wedok.

Nyata bayine gedhe. Jare dhek mbobote sing tuwa ya sehat, gaweyan apa ditandangi.

Bayi kuwi neng pangkon krugat-kruget, tutuke sing ndamis kuwi cloropan. Karo mbahne Sarju njur ditetesi madu sing wis didulit nganggo kapas.

Bayi kuwi ya gelem nglameti. Warjo njinggleng anggone ngawasake. Rasa welas sing mbangeti tuwuh ing atine. Batine ngudarasa :

Mendah olehe njur gedhe lan sehat, yen bayi kuwi njur bisa mimik banyu asi sing asli. Kaya duweke bojoku sing kudune dianggo mimiki bayi. Saiki mung nganggur metu kekotos, sing mung kebuang muspra. Mangka bojoku ya ngomyang terus, nglela-nglela bonekah merga setres kelangan bayine. Ah ? apa Sarju gelem ya tak jak rukunan?

Ngono batine Warjo. Warjo gage metu ninggalake bayi kanthi sangu sewu rancangan sig bakal dilairke neng Sarju, sawise kabeh rampung berkahan lan pangruktining kunarpa, Warjo tansah nyaketi Sarju.

Sawise budhale layon ing palerenan sing pungkasan, para pelayat sebagian ana sing ngeterake tekan pasareyan, ning ya akeh sing padha kondur.

Disawang Warjo, praupane Sarju katon sedhih lan ing mripate bali kemembeng luh sing sajake ora kena dibendung.

Mula niyate arep omong-omong diwurungake, ati rasane isi durung mentala. Mulane ya njur kaya wong-wong liyane, sawise ngepuk-puk pundhake mitrane, Warjo ya njur pamit mulih. Karo nguntapake lan nyalami, Sarju kandha marang Warjo:

?Mas mbok mengko bali ya ngancani aku, ben ora temlawung banget.?

?Iya dhik, muga-muga mbakyumu ana sing nunggu, ben aku bisa bali mrene.?

?Iya mas, tenan lho, rawuhmu sembahyangan lan wungon mengko tak tunggu.? Warjo banjur mulih. Tekan ngomah njujug mburi wisuh lan ganti klambi njur mlebu neng kamare bojone.

Tinemu Dinah bojone turu angler ngelone bonekahe, ditunggoni mboke. Warjo takon :

?Dinah olehe turu wis suwe mbok??

?Ya wis sauntara le, malah mau mentas tak dulang, ya entek yen mung limang sendhok wae, lan jur turu.?

?Ya syukur mbok ben pikire bisa ngaso.?

?Ning ya kuwi le, janji susune krasa lara bonekahe kuwi disule-uselke dikon mimik, njur banyu susune dadi kumocor metu merga kepenet boneka.Ya iki, dadi ambune amiis ngganduk, ajoa anak, rasane aku kaya ora betah nunggoni.?

?Ya sing sabar mbok, muga-muga wae Dinah ndang eling lan gelem nampa kasunyatan, yen anake kuwi ora gelem diemong.?

?Lha iya, wong tuwa bisane ya mung nyenyuwun ta le, ben Pangeran paring pangentheng-entheng sesangganmu iki?. Warjo njur lungguh neng sandhinge mbokne karo kandha :

?Kana mbok ngisi weteng dhisik njur adus, aku genti sing tunggu. Simbok ngaso ndisik gentenan.?

Dikon anake, mbokne ya njur ngadeg, metu saka kamar tumuju pawon.

Sajake Dinah krasa kepenak, nyatane nganti sore ora nglirir. Malah Warjo nggloso neng sandhinge bisa keturon, sing ateges bisa ngaso.

Mung wae Warjo nglirir, nalika ing ngarepan krungu wong ?kulanuwun?.

Gregah Warjo tangi, gage tumuju ngarepan mbukak lawang. Jebul Lik Pawiro adhine mbokne sing omahe tangga desa. Gupuh Warjo anggone ngacarani :

?Mangga ngriki, lik?

?Iya jo? wong loro banjur lungguh ing kursi tamu. Lik Iro ndhisiki takon :

?Piye, Jo, bojomu??

?Nggih empun sae lik, sak niki empun mboten nangis nggriyeng mawon, sareng kula tumbaske bonekah. Dinten-dinten bonekahe niku sing dilela-lela?.

?Wah mesakke banget bojomu, Jo. Ya muga-muga ndang diparingi eling lan waras.?

?Enggih pangestune mawon, Lik??

?Lha iki mbakyu ana ngendi?? Kandha ngono mbok Iro karo ngadeg memburi nggoleki mbakyune, tinemu lagi nglaras. Lungguh tlundhakan pawon karo nyomak-nyamuk nginang, ketara lambene sing mblenger abang. Sajake bubar adus, ketara wis jungkatan lilis. Mbarengi nglepeh kinange, adhine njedhul karo kandha :

?Empun rampungan napa mbakyu??

?Uwis dhi, wong lehku mangsak kuwi mau esuk sisan, sore nek arep madhang keri ngangeti. Wis suwe pa kowe mau??.

?Enggih dereng yu, wong ula bar ditemoni Warjo nggih njur mriki niki.?

?Pripun yu dhenok larane?, rak empun mboten ngomyang to??

?Lha ya kae, wiwit ditukokke boneka Warjo njur leren ngomyang, ning dina-dina saiki nglela-nglela bonekahe wae. Wah atiku sok njur susah banget je dhi, mengko nek pikirane dadi owah, piye?.

?Ah nggih di suwun ampun ngantos ta yu. Awi ta yu, kula diterke teng nggene le tilem si dhenok, kula tak sumerep.?

Wong loro banjur runtung-runtung neng peturone Warjo, tinemu bojone Warjo isih nglinteg ngeloni boneka. Mbakyu adhi mau lungguh neng sandhinge karo omong kleask-klesik, wedi yen mbribeni sing turu. Wayahe wis bubas surup, Warjo wis rampun anggone nyumeti diyan teplok. Bubar nyanthelake diyan neng kamare, Warjo banjur nyedak embok lan like karo kandha :

?Mbok lan sampeyen lik, kula tak sanja nggene dhik Sarju sing kesripahan. Tulung ditenggakke Dinah sekedhap, mangkih nek nglilir ndhak bingung?. Lik Iro mangsuli :

?Iya le, bojomu tak tunggokke karo mbokmu?. Warjo banjur budhal. Ora nganti limang menit wis tekan omahe Sarju. Bareng wis mateni mesin motor Warjo krungu bayi nangis banter tur sero, mratandhani yen bayi sehat.

Sawise njagrak motor, nuli nylingker memburi marane dununge tangis bayi. Neng kamare tinemu wong tuwa-tuwa padha njibeng nunggoni bayi sing nangis kekejer diemban mbane. Warjo nyerak takon :

?Kok nangis terus niku enten napa mbok?? Mbahne bayi mangsuli :

?Sajake empun kraos salit mas, wong angger kula tetesi maben niku njur kendel. Ning namung sekedhap njur nangis malih. Kalih tutuke niku empun cloropan mawon.?

Warjo krasa welas banget atine, njur nyedhaki Sarju bapakne si bayi karo kandha :

?Dhik, bojoku asine mung diguwaki, wong metu terus, mangka susune ya isih mentheng-mentheng merga kebak.? Sarju mung manthuk-manthuk, merga durung ngerti karepe Warjo. Warjo njur kandha ngarah-ngarah :

?Piye ya dhik Sarju, nek anakmu kuwi disusokke bojoku?, e ? ya sapa ngerti nek njur gelem meneng?. Sarju gage mangsuli :

?Wah nek kersamu ngomo aku setuju banget mas. Aku jan bingung tenan je, yen krungu tangise.?

?Ha piye, saiki dicoba apa piye? Warjo nari Sarju. Anakmu gendhongen digawa neng omahku tak boncengke? pakone Warjo.

?Iya mas?. Kanthi disetujoni mboke lan wong-wong tuwa sing padha welas krungu tangise, bayi abang kuwi dibopong, diuwel-uwel jarik amba brukut, banjur diajak mbonceng Warjo tumuju ing omahe.

Tekan ngomahe, Dinah bojone Warjo wis lungguh karo pijer ngliling bonekahe. Warjo mlebu dhisik, banjur nyedhaki bojone karo kandha :

?Nah gilo saka Puskesmas, dening dokter anakmu wis entuk digawa mulih?. Gage panyaute Dinah :

?Endi mas?? Warjo metu, njaluk bayi sing dibopong Sarju digawa mlebu karo kandha. :

?Nya Nah anakmu, wis gek njur disusoni!? Dinah nampani bayi, tumuli diambungi lan dikekeb-kekeb gawe trenyuhe sing padha weruh.

Klambi dibledhehake, kotang dibukak benike, wusana tutuk bayi kuwi dithukke ing punting payudarane. Sawise punting mlebu ing tutuke, wusana capluk…. mot ? mot?, bayi kuwi nglenyut kanthi dhokoh ora mandheg-mandheg.

Meruhi iku kabeh Warjo lan Sarju trenyuh kaworan bungah sing tanpa upama, nganti padha netesake luh. Warjo nyeret tangane Sarju metu karo kandha :

?Piye dhik? Atiku bungah banget bayimu gelem nusu bojoku.?

?Aku semono uga mas, rasane atiku mak plong lega. Tur yu Dinah kokya kaya karo anake dhewe?.

?Ya kuwi dhik, muga wae dheweke njur eling. Mula becike, anakmu tinggalen kene ben disuoni bojoku, lan bojoku ya ben mari olehe setres. Perkara mbesuk, ya padha dirembug mburi, wong awake dhewe tujuane mung becik. Dhasare bab iki ya dingerteni wong akeh?.

?Ngono ya becik mas, wis mangsa borong, aku manut kersamu, sing cetha atiku saiki wis ayem…… lan tenang?.

?Ya syukur dhik, ya ngene iki bathine wong rukun, penandhang sing abot di kaya ngapa, bisa dadi entheng merga disangga bebarengan. Sarju ninggalke omahe Warjo, ning wong loro kuwi atine padha rasane, anane mung lega? bungah lan syukur karo sing Maha Kuwasa. Jebulane ya nyata, wong yen tansah ora lali ndedonga lan sembahyang mono, Pangeran mesthi tansah paring pitulungan lan pangayoman. Ya kuwi bathine wong rukun.

TAMAT

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

One Response to Bathine Wong Rukun

  1. Br. Antonius Mungsi, O.Carm says:

    Crita ingkang sae tur nrenyuhaken. Matur nuwun.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>